Senin, 21 Agustus 2023

TEKS PEMBELAJARAN CERITA RAKYAT-ASAL USUL KUTHA MAGELANG

 TEKS PEMBELAJARAN CERITA RAKYAT

Asal Usule Kutha Magelang

 

Panjang unggul    yudane minangka bebungah Danang Sutawijaya lan  Ki  Ageng Pamanahan diparingi  tanah perdikan ana ing alas Mentaok. Saka pinter ulete Ki Ageng Pamanahan, alas Mentaok sing maune sepi saiki wis bali dadi papan kang rame lan reja. Suwe- suwe padhepokan Ki Ageng saya tambah reja. Ki Ageng lan Danang Sutawijaya ngedegake Kraton Mataran Islam. Danang Sutawijaya jumeneng ratu   kanthi   jejuluk   Panembahan Senopati   Sultan   Agung.   Ki   Ageng   Pamanahan   jejer   Pangembating praja/negara ( penasehat) lan ngembani Sultan Agung.

Kraton Mataram Islam ing paprentahane Panembahan Senopati Sultan Agung saya mekar  lan  kondhang. Agul-aguling kraton tanpa tandhing, bangsawan punggawane, lan prajurit pilihan. Diwawas wis kuwat, Panembahan Senopati Sultan Agung ngrancang arep nggelar wilayah sarana mbukak alas Kedu. Manut critane alas Kedu iku angker lan wingit. Alas Kedu dadi kratone jin, ratune jenenge Jin Sepanjang.

Kapetung wektu dina saate becik, Pangeran Purbaya kang kondhang bisa mabur tanpa swiwi, dikantheni sedulure Raden Kuning, Raden Krincing, uga diiringi para bangsawan punggawane kraton Tumenggung Mertoyuda, Tumenggung Singoranu budhal mbukak alas Kedu. Jin Sepanjang nesu banjur nglumpukake prajurit jin nglawan prajurit Mataram kang lagi babat alas, pungkasane banjur dadi perang babat alas. Prajurit jin akeh sing mati lan jin Sepanjang ndhelik. Ora adoh saka papan pandhelikane raja Jin Sepanjang, ana sawenehing desa urip kulawarga petani kyai kramat lan nyai Bogem kang duwe anak wadon siji jenenge Rara rambat.raja jin Sepanjang niyat arep ngabdi marang kyai Kramat. Supaya ora disujanani lan ditampa pasuwitane, raja jin Sepanjang ganti wujud manungsa lumrah jenenge Sonta.

Sawise Sonta ditanpa dening Kyai Kramat, sawijining suwita/ngabdi Sonta ngetokake tumindak becik, andhap asor, sopan santun lan sregep nyambut gawe. Dasar Sonta awatak Jin banjur ngetokake kasektene nyebar wabah penyakit. Wong sadesa katrajang pageblug, esuk lara sore mati, lan sore lara, esuk mati karana dadakan. Kalebu uga prajurit mataram kang ana ing desa kono padha mati.

Pengeran Purbaya ngerti yen prajurite akeh sing mati. Rumangsa ora ana kekuwatan sing kanggo mburu lan nyekel Raja Jin sepanjang, penggalihe Purbaya sedhih, banjur kondur sowan Senopati Sultan Agung atur pelaporan. Panembahan Senopati Sultan Agung gerah penggalihe, kadadeyan iku teko nganeh- anehi. Terus munggah pamujan saperlu nyuwun pituduh marang Nyai Rara Kidul. Sawuse entuk pituduhpangeran  Purbaya  dikandhani  yen wabah pageblug iku saka polahe Sonta, lan Sonta iku sabenere panjelmane Jin Sepanjang.

Bareng ngerti yen Sonta iku Panjelmane raja jin Sepanjang, Kyai Kramat dadi nesu lan muntab. Sonta banjur diseneni banjur ditundhung. Ora gelem lunga, Sonta kepara wani karo Kyai Kramat, wusana dadi perang tandhing. Padha sektine nganti oyak-oyakan adoh saka desane Kyai Kramat. Playune raja jin Sepanjang bisa kaoyak dening prajurit Mataram kang dipandhegani Pangeran Purbaya dadi perang tandhing.  Pangeran Purbaya kang ngedab-edabi ngluwihi kasektene. Raja jin Sepanjang tiwas. Anehe langit kang maune katon padhang dumadakan dadi peteng, mendhung banget banjur udan deres. Bareng wis terang udane jasade raja jin Sepanjang ilang, malih dadi tombak sekti. Tombak mau banjur ditigel mtapat karo Pangeran purbaya, banjur dikubur ing papan kono.

Kabeh prastawa-prastawa mau ngelingake Pangeran Purbaya nalika kapikute lan dadi tiwase raja jin Sepanjang. Amarga dikepung sakabehe prajurit Mataram kanthi gandheng tangan kupeng ngubengi rapet bunder kaya gelang. Uga bisa diarani pakepungane raja jin Sepanjang iku rapet bunder nganti “ Tepung Gelang”

Wusana papan pakepungane raja jin sepanjang sing Tepung Gelang mau, kanggo pangeling-eling dijenengake “Magelang” saka tembung bunder kepleng kaya gelang utawa “Manggelang” banjur owah dadi Magelang.

Jumat, 11 Agustus 2023

TEKS ANOMAN DUTA

 ANOMAN DUTA

Anoman punika jejering rewanda (kethek) ingkang awarna seta (putih), pramila Anoman ugi winastan Rewanda Seta. Piyambakipun putranipun Bathara Bayu ingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun Anoman, inggih Dewi Anjani punika sedherekipun Subali saha Sugriwa. Nalika kautus dening Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa. Tanpa kanyana saderengipun, Anoman dipunracun dening satunggaling dewi ingkang suwaunipun kaanggep mitulungi ngantos piyambakipun nemahi wuta. Begja dene wutanipun Anoman kenging kausadani dening garudha satemah waluya jati.

Anoman nglajengaken lampah. Dereng dumugi panggenan ingkang dipuntuju, piyambakipun bandayuda kaliyan Wil Kathaksini, raseksa ingkang nguwaosi samodra ingkang tumuju dhateng nagari Ngalengkadiraja. Uwal saking regemaning ditya samodra, Anoman kasil tumuju Taman Asoka ing nagari Alengkadiraja, papanipun Dewi Sinta kasingidaken. Ing taman punika Anoman kapanggih kaliyan Trijatha, putrinipun Raden Gunawan Wibisana. Raden Gunawan Wibisana punika rayinipun Prabu Dasamuka. Sumerep kaelokanipun Rewanda Seta. Trijatha wuyung, kasengsem dhumateng Sang Rewanda Seta.

Lantaran Trijatha, Anoman kasembadan pinanggih kaliyan Dewi Sinta. Anoman lajeng nyaosaken kalpika, inggih ali-ali kangunganipun Raden Rama katur Sang Dewi. Pepanggihan punika kasumerepan dening Indarjit, putranipun Prabu Dasamuka. Anoman lajeng kapikut, kasowananken ing ngarsanipun Prabu Dasamuka. Nata Ngalengkadiraja murka, Anoman kapidana besmi. Keplasipun Anoman kaobong. Eloking kadadosan, latu kaobat-abitaken ngantos waradin sanagari. Ngalengkadiraja dados karang abang, kajawi Taman Asoka. Paripurna anggenipun ngawuningani Dewi Sinta, Amoman arsa mundur, matur Raden Ramawijaya. Raden Anoman sembada ngentasi karya, dinuta dening Raden Ramawijaya. Dumugi ing tepis wiringing praja, Anoman kapanggih Raden Gunawan Wibisana ingkang kapidhara (semaput).

Sumber: Buku Paket Bahasa Jawa Kelas IX

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA   Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Te...