AKSARA MURDA
DWIJA KUNCARA
Memayu Hayuning Bawana Lebur Dening Pangastuti
Rabu, 11 November 2026
AKSARA MURDA
Selasa, 03 November 2026
PARIWARA (IKLAN) BASA JAWA - MATERI KELAS 8- SEMESTER 1-BAHASA JAWA SMP
PARIWARA
(IKLAN) BASA JAWA
A.
Pangerten
Pariwara
Pariwara yaiku sawijining pesen utawa kabar kang duwe ancas (tujuan) kanggo
ajak-ajak utawa mrintah wong akeh supaya kepincut karo barang utawa jasa kang ditawakake,
utawa amrih nindakake pesen kebecikan kanggo kapentingan umum.
B.
Struktur
Teks Pariwara
Supaya pariwara bisa narik kawigaten duweni struktur kang jangkep, yaiku
1.
Irah-irahan
(Judul /Headline): Ukara cekak, aos, lan cetha ing perangan paling dhuwur.
Gunane kanggo nggugah rasa penasaran (tuladha: ukurane digawe paling gedhe).
2.
Isi
Pariwara (Body Text): Katrangan luwih jentreh ngenani produk, kaluwihan, utawa pesen
utama sing arep disampekake.
3.
Ajak-ajak (Call to Action
/ CTA) : Ukara tegas sing ngarahake pamaca kudu tumindak apa sawise maca
iklan (tuladha: nomer HP, akun media sosial, utawa ukara "Ayo...",
"Tuku saiki!").
C.
Unsur
Kebahasaan (Basa Rinengga & Purwakanthi)
Pariwara sing narik kawigaten biasane nggunakake basa rinengga (basa sing dipacaki/diendahake)
lan purwakanthi (runtuting swara, sastra, utawa tembung) supaya kepenak
dirungokake lan gampang dieling-eling, lan mbujuk (persuasif). Jinising purwakanthi ana 3 yaiku:
1.
Purwakanthi
Guru Swara (Persamaan swara vokal): Tuladha: Tuku gethuk, ati pinuk lan mathuk!
2.
Purwakanthi
Guru Sastra (Persamaan aksara konsonan): Tuladha: Tuku tahu tenanan tuman.
3.
Purwakanthi
Guru Basa/Lumaksita (Tembung pungkasan dibaleni ing ngarep): Tuladha: Kripik
telo, telo asli teka Grabag.
D.
TULADHA
IKLAN
Tuladha 1
(Irah-irahan)
SEKAR LANGIT
ADHEM ALAME, ASRI PAPANGGONANE! 🏞️
(IsiPariwara)
Butuh refreshing saka ruwete tugas sekolah lan gawean? Ayo dolan menyang Curug
Sekar Langit Grabag. Rasakno segering banyu curug sing alami lan hawa
pagunungan sing isis. Golek seneng, amrih pikiran dadi padhang
lan tenang. Cocog banget kanggo foto-foto bareng kanca utawa kulawarga. (Purwakanthi
Guru Sastra - konsonan ng).
(Ajak-ajak)
Tiket mlebu Rp5.000,- wae! Bukak saben dina 08.00 - 17.00 WIB. Info jangkep
klik: wisatagrabag.com utawa IG: @SekarLangit_Grabag.
Tuladha 2
(Irah-irahan)
BUWANG KRESEK, SEKOLAH DADI RESIK! 🎒
(IsiPariwara)
Kanca-kanca, ayo wiwit saiki dilongi anggone gawa kresek lan gendul plastik ing
lingkungan sekolah. Kresek iku ngrusak, sampah dadi masalah.
Ayo padha nggawa tumbler (botol ngombe) lan ceting (wadhah panganan) dhewe saka
omah! (Purwakanthi Guru Basa- aksara vokal)
(Ajak-ajak)
Ayo dadi Pelopor Adiwiyata! Wiwiti saka awake dhewe, wiwiti saka saiki! OSIS SMP Negeri
Grabag.
Tuladha 3
(Irah-irahan)
RUKUN KANCANE, PRESTASI SEKOLAHNE! 🤝
(IsiPariwara)
Sekolah iku papan kanggo golek ilmu lan kanca, dudu papan kanggo
nglarani. Kanca iku dijaga, dudu dipoyoki apamaneh dikuya-kuya. Stop bullying!
Ayo wujudake lingkungan sekolah sing aman, nyaman, lan kebak rasa katresnan. (Purwakanthi
Guru Basa/Lumaksita – tembung kanca dibaleni).
(Ajak-ajak)
Yen weruh utawa
ngalami bullying, Aja wedi! Laporna marang Bapak/Ibu Guru BK saiki! Bebarengan mesthi bisa!
Selasa, 22 April 2025
SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR -MATERI KELAS 8- SEMESTER 2
SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR
Tembung Wulangreh asale saka tembung wulang
lan reh. Wulang ateges pitutur utawa ajaran. Dene tembung reh ateges
pranatan, laku, cara, utawa tuntunan. Wulangreh tegese ajaran utawa
tuntunan kanggo nggayuh urip kang harmoni utawa selaras.
Serat wulangreh anggitane Sri Susuhunan
Pakubuwana IV saka kraton Surakarta Hadiningrat. Pupuh tembang Pangkur ing
Serat Wulangreh cacahe ana 17 pada. Isine pupuh Pangkur yaiku bab tata krama,
bab piwulang kanggo mbedakake ala lan becik, sarta piwulang cara ndeleng
wataking manungsa kana pan ing alam donya iki.
Ngapresiasi utawa mbiji ala lan becike Serat Wulangreh bisa
diperang dadi :
1.
Pamilihing tembung
kang digunakake ing Serat Wulangreh
2.
Mbiji runtuting
ukara
3.
Mbiji nilai
ajaran/piwulang sing ana ing Serat Wulangreh pupuh Pangkur
Tuladha
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipunkadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Tegese tembung
Winarna :
wujude
Lelabuhan : pengabdian
Prayoga :
becike
Kawruhana : ngertenana
Adat waton : adat, kebiasaan
Dipunkadulu ; dingerteni
Miwah
: lan, karo
Den kaesthi : dieling-eling
Siyang ratri : awan bengi
Terjemahan bebas mawa basa Jawa:
Wewarah/piwulang ing kaemot (dimuat) mawa tembang pangkur,
prayogane kok mangerteni, bab pengabdian marang panguripan, bab apik lan ala
perlu dimangerteni, uga perlu dimangerteni adat lan aturan. Saben dinane aja padha
nglalekake tata krama.
Paugeran tembang Pangkur:
1.
Saben sapupuh dumadi
saka 17 pada
2.
Saben sapada dumadi
saka 7 gatra (Guru gatra)
3.
Guru wilangan : 8,
11, 8, 7, 12, 8, 8
4.
Guru lagu : a, i, u,
a, u, a, i
Tembang iku klebu basa pinathok. Basa pinathok iku beda karo
basa kang ora kaiket dening wewaton. Basa kang ora kaiket dening wewaton iku
diarani basa gancaran. Saka basa pinathok (contone tembang macapat) bisa
diowahi dadi basa gancaran. Carane nggancarake tembang iku mangkene :
1. Yen gatra-gatrane tembang ana ukarane baliswara kudu diwalik.
2. Yen gatra-gatrane ana tembunge kawi kudu diganti nganggo
tembung sing kulina dianggo ing bebrayan.
3. Yen ana tembunge garba kudu diudhari.
4. Kena mbuwang lan nambahi tembung amrih karepe cetha
5. Tulisane wis ora kaya tembang maneh, nanging kaya karangan
gancaran
Minggu, 12 Januari 2025
Gelar Wicara- Materi Kelas 9- Bahasa Jawa- Semester Genap
Gelar Wicara
Apa iku Gelar Wicara (Diskusi)?
Gelar wicara yaiku sawijining kegiyatan rembugan utawa tukar pikiran antarane wong-wong kanggo mbahas sawijining topik tartamtu. Gelar wicara minangka sarana kanggo nuduhake pendapat, ngrampungake masalah, lan golek solusi kanthi rembugan.
2. Tujuan Gelar Wicara (Diskusi):
- Nggoleki solusi kanggo masalah.
- Nuduhake pendapat lan gagasan.
- Sinau ngrungokake lan ngurmati pendapat wong liya.
- Ngembangake kemampuan komunikasi kanthi runtut lan sopan.
3. Peran Saka Wong-Wong Ing Gelar Wicara:
- Moderator: Wong sing ngatur alur diskusi.
- Narasumber: Wong sing nyedhiyakake informasi utawa wawasan babagan topik.
- Peserta: Wong sing melu diskusi lan nuduhake pendapat.
- Notulis: Wong sing nulis asil diskusi.
4. Unsur-Unsur Gelar Wicara:
- Topik: Bab sing didiskusikake.
- Pendapat/Gagasan: Ide utawa usulan saka peserta diskusi.
- Argumentasi: Penjelasan kanggo ndhukung pendapat utawa gagasan.
- Kesimpulan: Hasil utawa solusi sing disepakati bebarengan.
5. Tata Cara Diskusi Ing Basa Jawa:
- Ngajeni pendapat wong liya.
- Ngomong kanthi jelas lan sopan.
- Ngandharke usulan/ide/gagasan kanthi runtut.
- Aja nugel pangandhikan utawa ngganggu wong liya sing lagi ngendika.
Senin, 12 Agustus 2024
PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9
PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN
UNSUR-UNSURNYA
Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Terhadap Bahasa Jawa tulisan Galih Dwi Purbosari dkk (2017), pengertian cerkak adalah suatu bentuk karya sastra fiksi yang ceritanya lebih pendek daripada novel tetapi lebih panjang daripada puisi, yang menggunakan bahasa Jawa dalam penulisannya. Karena tidak terlalu panjang, seseorang dapat menikmati keseluruhan cerita dalam satu kali baca. Cerkak cenderung padat dan langsung pada tujuannya. Meski lebih pendek dari novel, cerita ini memiliki struktur yang lengkap, sehingga pesan tetap dapat disampaikan kepada pembaca.
Adapun ciri-ciri
cerkak:
·
Ukarane ringkes lan nganggo basa gancaran
(kalimatnya ringkas dan merupakan karangan bebas tanpa aturan tertentu)
·
Tembung-tembunge gampang dimangerten
(kata-katanya mudah dimengerti)
·
Isine nyengsemake utawa nrenyuhake, nyritakake
sacuwil prastawa ing panguripane paraga utama (Berisi cerita menyenangkan atau
menyentuh, menceritakan secuil peristiwa dalam kehidupan karakter utama)
·
Critane ringkes bae, ora dawa-dawa (cerita
ringkas, tidak terlalu panjang)
·
Anggone maca mung mbutuhake wektu sedhela
(membacanya membutuhkan waktu yang singkat)
Unsur
Intrinsik Cerkak
Unsur
intrinsik adalah unsur-unsur yang membangun karya itu sendiri. Berikut ini
adalah unsur intrinsik cerkak:
·
1. Tema
Gagasan utawa idhe sing dadi
underane crita, bisa dititik langsung saka ukara-ukara ing teks, utawa dijupuk
saka inti critane. Artinya tema adalah ide atau gagasan yang
membentuk cerita.
·
2. Alur/plot
Rerangkene kedadean ing
sawijining cerkak. Alur lumrahe dumadi kanthi tahapan:
(1) pangenalan
(2) panantangan/konflik,
(3) klimaks,
(4) pamungkasan konflik
(peleraian).
Secara sederhana, alur merupakan
rangkaian peristiwa yang diciptakan guna mendukung jalannya cerita. Dalam
cerkak terdapat alur maju, alur mundur, dan alur campuran.
·
3. Latar/Setting
Kabeh katrangan sing bisa dijupuk
saka teks cerkak ngenani papan panggonan, waktu/wayah, lan swasana. Latar
berkaitan dengan situasi yang tergambarkan dalam cerita, yang terdiri dari
latar tempat, waktu, dan suasana.
·
4. Paraga/Pamaragan (penokohan)
Paraga yaiku pawongan ana ing sajroning cerkak. Dene
pamaragan
(penokohan) yaiku watak paraga ing sajroning
cerkak.
·
5. Sudut pandang
Empan-papane sing nyritakake ana
ing sajroning crita, bisa dititik tembung sesulih kanggo paraga utama ing
cerkak. Sudut pandang adalah pusat kesadaran dari cerita, di mana pembaca dapat
memahami peristiwa yang diceritakan.
·
6. Amanat/pesen
Piweling/pesen sing kaandharake
pangripta/penulis katujokake marang sing maca. Saka amanat utawa pesen bisa
dijupuk hikmahe lan bisa dicocokake sambung rapete karo panguripan ing saben
dinane.
Amanat adalah hikmah, pembelajaran, dan nilai
kehidupan dalam cerita yang relevan dengan kehidupan sehari-hari.
Unsur
Ekstrinsik Cerkak
Unsur
ekstrinsik berada di luar karya sastra, tetapi secara tidak langsung turut
mempengaruhi bangunan karya sastra. Masih mengutip dari sumber yang sama, unsur
ekstrinsik cerkak contohnya adalah adat istiadat, budaya, dan kondisi sosial
masyarakat dalam cerita.
#pengertiancerkak#ciricerkak#unsurcerkak
Sumber: https://kumparan.com/berita-hari-ini/pengertian-cerkak-ciri-dan-unsur-unsurnya-1vEL6TykVwC/full


