Senin, 19 Februari 2024

Materi Geguritan Bahasa Jawa- Kelas 7- Kurikulum Merdeka

GEGURITAN

A.   Pengertian Geguritan (Puisi Jawa)

Miturut bausastra Jawa, geguritan iku karangan duweni paugeran kang gumathok kaya tembang, ananging guru gatra, guru wilangan lan guru lagune ora ajeg. Geguritan kalebu karya sastra tulis. Tembung geguritan asale saka tembung "gurit". Gurit tegese kidung utawa tembang tulisan awujud tatahan kanthi paugeran tartamtu. Nggurit tegese ngarang tembang, kidung utawa rerepen.

Geguritan saiki wis ora jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis ana pangaribawaning jaman, saengga geguritan saiki wis beda karo giritan jaman biyen, tegese wis mardika. Titikane guritan yaiku ora kawengku ing pathokan, migunakake tembung-tembung kang pinilih, cacahe larik ora katemtokake, sajak pungkasane bebas sajak pungkasane bebas mardika, ora nggunakake basa ora nggunakake basa padinan, arng-arang nggunakake tembung arang nggunakake tembung  pangiket,  pangiket, migunakake migunakake tembung tembung kawi, isine mentes, mentes, lan migunakake migunakake purwakanthi purwakanthi basa, swara lan sastra.

Geguritan kaperang dadi 2, yaiku :

1.        Geguritan Gagrag Kuna/Lawas

Titikane/pathokane:

·       Cacahing  gatrane ora ajeg,  nanging sethitike papat

·       Cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu  padha akehe

·       Tibaning swara (guru lagune) kudu runtut

·       Sangarepe geguritan diwiwiti nganggo tembung "sun nggegurit"

Tuladha:

sun nggegurit:

Kahanan zaman saiki

 Sipat pemudha-pemudhi

 Srawunge saya ndadi

Raket wewekane sepi

Tan kadi zaman nguni

Srawunge sarwa ngati-ati

Yen manut wasiting kuna

Priya srawung lan wanita

Gampang ketaman panggodha  

Nerak ing laku susila

Temah darbe jeneng ala

Wusanane tibeng bapa.

2.        Geguritan Gagrag Anyar

 Dene geguritan utawa guritan anyar nduweni pathokan :

·       Tembung-tembunge pilihan

·       Isine mentes

·       Cacahe gatra/larikan ora katemtokake

·       Arang nganggo tembung salugune/denotasi

·       Akeh nganggo tembung kiasan/konotasi

·       Ora nganggo tembung sun gegurit

Tuladha

Bekti Kagem Ibu

 

Nyuwun tambahing pangestu

kula badhe angayahi

tanggung jawab marang bangsa

ugi mring ibu pertiwi

iki pancen kewajiban

keng putra wus kudu ngerti

Lamun pra putri tan maju

bakal ringkih tembe mburi

awit ibu kang kuwasa

mulang muruk putra putri

guru aneng kulawarga

kang pawitan jroning urip

 

B.   STRUKTUR TEKS GEGURITAN

Struktur teks geguritan iku kaperang dadi loro, yaiku struktur lair lan struktur batin. Struktur lair, yaiku wujud basa kang konkret lan bisa diobservasi, dene struktur batin, yaiku makna abstrak saka ukara (basa) kasebut, kayata struktur makna kang kepengin diwedharake.

1.    STRUKTUR LAIR

1.    Wujude Geguritan (Tipografi)

Wujude geguritan utawa diarani tipografi iki minangka pamawas tuymrap gegambarane wujud panulisane geguritan. Geguritan iku lumrahe tinulis ora ngebaki larik, ora kawiwitan aksara kapital, lan saben larik ora dipungkasi kanthi tetenger (tanda baca).

2.    Pamilihe Tembung (Diksi)

Pamilihing tembung utawa diksi, yaiku tetimbangan sajrone nggunakake tembung-tembung kang laras kanggo ngandharake kekarepan lan pengangen-angen, tanpa ninggalake rasa kaendahan utawa larasing unine.

3.    Pandungkape Pancadriya (Imaji)

Pandungkape pancadriya, yaiku wujud pengalaman kang wis dirasakake dening pancadriya, kayata paningal, pangrungu, lan pangrasa. Tujuwane kanggo nggawa pangrasane pamaos kaya apa kang dirasakake dening panggurit. Pandungkape pancadiya bisa kaperang dadi telu, yaiku pandungkape swara (auditif), pandungkape rupa (visual), lan pandungkape raba/sentuh (taktil)

4.    Tembung Konkret

Tembung konkret, yaiku tembung-tembung mligi kang bisa tinangkep dening pancadriya lan bisa nuwuhake pandungkape pancadriya utawa panyakrabawa. Tembung  konkret bisa awujud tembung entar utawa pralambang.

5.    Lelewaning Basa

Lelewaning basa, yaiku panganggone tembung utawa ukara kang klebu basa rinengga kanthi tujuwane nambahi rasa kaendahane geguritan. Jinise basa rinengga sajrone kasusastran Jawa iku akeh banget lan panganggone bisa kacundhake manut rasa-pangrasane panggurit.

6.    Wirama

Wirama utawa guru lagu, yaiku runtute swara ing geguritan kang bisa dumunung ing wiwitan, tengah, lan pungkasaning larik.

2.    STRUKTUR BATIN

1.    Tema (Sense)

Tema yaiku sawijining kekarepan kang dadi dhasare panggurit ngripta geguritan. Jinise tema iku akeh banget, kayata religius, panguripan, panggulawenthah, kasarasan, lan sapanunggalane.

2.    Rasa-Pangrasa (Feeling)

Rasa-pangrasa, yaiku pandungkape rasane panggurit tumrap bakune pirembugan kang kinandhut sajrone geguritan. Rasa-pangrasa iki ana gegandhengane karo latar belakang panggurit, yaiku agama, pendhidhikan, drajat-pangkat, umur, lan sapanunggalane. Rasa-pangrasa iki jinise kayata bungah, susah, sengit, lan sapanunggalane.

3.    Nada (Tone)

Nada, yaiku tatacarane panggurit anggone medharake kekarepan sajroning geguritan. Tatacarane panggurit medharake kekarepane, kayata ngguroni, nandhesake, mborongake marang pamaos, lan sapanunggalane.

4.    Piwulang (Amanat)

Piwulang, yaiku pitutur luhur kang kepengin diwedharake dening panggurit kanggo pamaos kang diwedharake lumantar geguritan. Pangarep-arepe pamaos bisa nindakake sakabehe piwulang luhur kasebut ing bebrayan. Amanat bisa awujud ajaran moral, filosofi urip, nilai-nilai budaya, sejarah lan tradisi masyarakat jawa.

 

Sumber:

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA   Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Te...