SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR
Tembung Wulangreh asale saka tembung wulang
lan reh. Wulang ateges pitutur utawa ajaran. Dene tembung reh ateges
pranatan, laku, cara, utawa tuntunan. Wulangreh tegese ajaran utawa
tuntunan kanggo nggayuh urip kang harmoni utawa selaras.
Serat wulangreh anggitane Sri Susuhunan
Pakubuwana IV saka kraton Surakarta Hadiningrat. Pupuh tembang Pangkur ing
Serat Wulangreh cacahe ana 17 pada. Isine pupuh Pangkur yaiku bab tata krama,
bab piwulang kanggo mbedakake ala lan becik, sarta piwulang cara ndeleng
wataking manungsa kana pan ing alam donya iki.
Ngapresiasi utawa mbiji ala lan becike Serat Wulangreh bisa
diperang dadi :
1.
Pamilihing tembung
kang digunakake ing Serat Wulangreh
2.
Mbiji runtuting
ukara
3.
Mbiji nilai
ajaran/piwulang sing ana ing Serat Wulangreh pupuh Pangkur
Tuladha
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipunkadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Tegese tembung
Winarna :
wujude
Lelabuhan : pengabdian
Prayoga :
becike
Kawruhana : ngertenana
Adat waton : adat, kebiasaan
Dipunkadulu ; dingerteni
Miwah
: lan, karo
Den kaesthi : dieling-eling
Siyang ratri : awan bengi
Terjemahan bebas mawa basa Jawa:
Wewarah/piwulang ing kaemot (dimuat) mawa tembang pangkur,
prayogane kok mangerteni, bab pengabdian marang panguripan, bab apik lan ala
perlu dimangerteni, uga perlu dimangerteni adat lan aturan. Saben dinane aja padha
nglalekake tata krama.
Paugeran tembang Pangkur:
1.
Saben sapupuh dumadi
saka 17 pada
2.
Saben sapada dumadi
saka 7 gatra (Guru gatra)
3.
Guru wilangan : 8,
11, 8, 7, 12, 8, 8
4.
Guru lagu : a, i, u,
a, u, a, i
Tembang iku klebu basa pinathok. Basa pinathok iku beda karo
basa kang ora kaiket dening wewaton. Basa kang ora kaiket dening wewaton iku
diarani basa gancaran. Saka basa pinathok (contone tembang macapat) bisa
diowahi dadi basa gancaran. Carane nggancarake tembang iku mangkene :
1. Yen gatra-gatrane tembang ana ukarane baliswara kudu diwalik.
2. Yen gatra-gatrane ana tembunge kawi kudu diganti nganggo
tembung sing kulina dianggo ing bebrayan.
3. Yen ana tembunge garba kudu diudhari.
4. Kena mbuwang lan nambahi tembung amrih karepe cetha
5. Tulisane wis ora kaya tembang maneh, nanging kaya karangan
gancaran