Selasa, 22 April 2025

SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR -MATERI KELAS 8- SEMESTER 2

 

SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR

Tembung Wulangreh asale saka tembung wulang lan reh. Wulang ateges pitutur utawa ajaran. Dene tembung reh ateges pranatan, laku, cara, utawa tuntunan. Wulangreh tegese ajaran utawa tuntunan kanggo nggayuh urip kang harmoni utawa selaras.

Serat wulangreh anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana IV saka kraton Surakarta Hadiningrat. Pupuh tembang Pangkur ing Serat Wulangreh cacahe ana 17 pada. Isine pupuh Pangkur yaiku bab tata krama, bab piwulang kanggo mbedakake ala lan becik, sarta piwulang cara ndeleng wataking manungsa kana pan ing alam donya iki.

Ngapresiasi utawa mbiji ala lan becike Serat Wulangreh bisa diperang dadi :

1.     Pamilihing tembung kang digunakake ing Serat Wulangreh

2.     Mbiji runtuting ukara

3.     Mbiji nilai ajaran/piwulang sing ana ing Serat Wulangreh pupuh Pangkur

 Tuladha

Sekar pangkur kang winarna

Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

Ala lan becik puniku

Prayoga kawruhana

Adat waton puniku dipunkadulu

Miwah ingkang tata krama

Den kaesthi siyang ratri

Tegese tembung

Winarna          : wujude

Lelabuhan       : pengabdian

Prayoga           : becike

Kawruhana      : ngertenana

Adat waton     : adat, kebiasaan

Dipunkadulu   ; dingerteni

Miwah             : lan, karo

Den kaesthi     : dieling-eling

Siyang ratri     : awan bengi

 

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Wewarah/piwulang ing kaemot (dimuat) mawa tembang pangkur, prayogane kok mangerteni, bab pengabdian marang panguripan, bab apik lan ala perlu dimangerteni, uga perlu dimangerteni adat lan aturan. Saben dinane aja padha nglalekake tata krama.

Paugeran tembang Pangkur:

1.       Saben sapupuh dumadi saka 17 pada

2.       Saben sapada dumadi saka 7 gatra  (Guru gatra)

3.       Guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

4.       Guru lagu : a, i, u, a, u, a, i

Tembang iku klebu basa pinathok. Basa pinathok iku beda karo basa kang ora kaiket dening wewaton. Basa kang ora kaiket dening wewaton iku diarani basa gancaran. Saka basa pinathok (contone tembang macapat) bisa diowahi dadi basa gancaran. Carane nggancarake tembang iku mangkene :

1. Yen gatra-gatrane tembang ana ukarane baliswara kudu diwalik.

2. Yen gatra-gatrane ana tembunge kawi kudu diganti nganggo tembung sing kulina dianggo  ing bebrayan.

3. Yen ana tembunge garba kudu diudhari.

4. Kena mbuwang lan nambahi tembung amrih karepe cetha

5. Tulisane wis ora kaya tembang maneh, nanging kaya karangan gancaran

 

 

Minggu, 12 Januari 2025

Gelar Wicara- Materi Kelas 9- Bahasa Jawa- Semester Genap



Gelar Wicara

 Apa iku Gelar Wicara (Diskusi)?

Gelar wicara yaiku sawijining kegiyatan rembugan utawa tukar pikiran antarane wong-wong kanggo mbahas sawijining topik tartamtu. Gelar wicara minangka sarana kanggo nuduhake pendapat, ngrampungake masalah, lan golek solusi kanthi rembugan.

2. Tujuan Gelar Wicara (Diskusi):

  • Nggoleki solusi kanggo masalah.
  • Nuduhake pendapat lan gagasan.
  • Sinau ngrungokake lan ngurmati pendapat wong liya.
  • Ngembangake kemampuan komunikasi kanthi runtut lan sopan.

3. Peran Saka Wong-Wong Ing Gelar Wicara:

  • Moderator: Wong sing ngatur alur diskusi.
  • Narasumber: Wong sing nyedhiyakake informasi utawa wawasan babagan topik.
  • Peserta: Wong sing melu diskusi lan nuduhake pendapat.
  • Notulis: Wong sing nulis asil diskusi.

4. Unsur-Unsur Gelar Wicara:

  • Topik: Bab sing didiskusikake.
  • Pendapat/Gagasan: Ide utawa usulan saka peserta diskusi.
  • Argumentasi: Penjelasan kanggo ndhukung pendapat utawa gagasan.
  • Kesimpulan: Hasil utawa solusi sing disepakati bebarengan.

5. Tata Cara Diskusi Ing Basa Jawa:

  • Ngajeni pendapat wong liya.
  • Ngomong kanthi jelas lan sopan.
  • Ngandharke usulan/ide/gagasan kanthi runtut.
  • Aja nugel pangandhikan utawa ngganggu wong liya sing lagi ngendika.

Senin, 12 Agustus 2024

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA

 

Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Terhadap Bahasa Jawa tulisan Galih Dwi Purbosari dkk (2017), pengertian cerkak adalah suatu bentuk karya sastra fiksi yang ceritanya lebih pendek daripada novel tetapi lebih panjang daripada puisi, yang menggunakan bahasa Jawa dalam penulisannya. Karena tidak terlalu panjang, seseorang dapat menikmati keseluruhan cerita dalam satu kali baca. Cerkak cenderung padat dan langsung pada tujuannya. Meski lebih pendek dari novel, cerita ini memiliki struktur yang lengkap, sehingga pesan tetap dapat disampaikan kepada pembaca.

Adapun ciri-ciri cerkak:

·         Ukarane ringkes lan nganggo basa gancaran (kalimatnya ringkas dan merupakan karangan bebas tanpa aturan tertentu)

·         Tembung-tembunge gampang dimangerten (kata-katanya mudah dimengerti)

·         Isine nyengsemake utawa nrenyuhake, nyritakake sacuwil prastawa ing panguripane paraga utama (Berisi cerita menyenangkan atau menyentuh, menceritakan secuil peristiwa dalam kehidupan karakter utama)

·         Critane ringkes bae, ora dawa-dawa (cerita ringkas, tidak terlalu panjang)

·         Anggone maca mung mbutuhake wektu sedhela (membacanya membutuhkan waktu yang singkat)

Unsur Intrinsik Cerkak

Unsur intrinsik adalah unsur-unsur yang membangun karya itu sendiri. Berikut ini adalah unsur intrinsik cerkak:

·        1. Tema

Gagasan utawa idhe sing dadi underane crita, bisa dititik langsung saka ukara-ukara ing teks, utawa dijupuk saka inti critane. Artinya tema adalah ide atau gagasan yang membentuk cerita.

·        2. Alur/plot

Rerangkene kedadean ing sawijining cerkak. Alur lumrahe dumadi kanthi tahapan:

(1) pangenalan

(2) panantangan/konflik,

(3) klimaks,

(4) pamungkasan konflik (peleraian).

Secara sederhana, alur merupakan rangkaian peristiwa yang diciptakan guna mendukung jalannya cerita. Dalam cerkak terdapat alur maju, alur mundur, dan alur campuran.

·        3. Latar/Setting

Kabeh katrangan sing bisa dijupuk saka teks cerkak ngenani papan panggonan, waktu/wayah, lan swasana. Latar berkaitan dengan situasi yang tergambarkan dalam cerita, yang terdiri dari latar tempat, waktu, dan suasana.

·        4. Paraga/Pamaragan (penokohan)

Paraga yaiku pawongan ana ing sajroning cerkak.  Dene pamaragan (penokohan) yaiku watak paraga ing sajroning cerkak.

·        5. Sudut pandang

Empan-papane sing nyritakake ana ing sajroning crita, bisa dititik tembung sesulih kanggo paraga utama ing cerkak. Sudut pandang adalah pusat kesadaran dari cerita, di mana pembaca dapat memahami peristiwa yang diceritakan.

·        6. Amanat/pesen

Piweling/pesen sing kaandharake pangripta/penulis katujokake marang sing maca. Saka amanat utawa pesen bisa dijupuk hikmahe lan bisa dicocokake sambung rapete karo panguripan ing saben dinane.

Amanat adalah hikmah, pembelajaran, dan nilai kehidupan dalam cerita yang relevan dengan kehidupan sehari-hari.

Unsur Ekstrinsik Cerkak

Unsur ekstrinsik berada di luar karya sastra, tetapi secara tidak langsung turut mempengaruhi bangunan karya sastra. Masih mengutip dari sumber yang sama, unsur ekstrinsik cerkak contohnya adalah adat istiadat, budaya, dan kondisi sosial masyarakat dalam cerita.

#pengertiancerkak#ciricerkak#unsurcerkak

Sumber: https://kumparan.com/berita-hari-ini/pengertian-cerkak-ciri-dan-unsur-unsurnya-1vEL6TykVwC/full

  

Rabu, 07 Agustus 2024

MATERI PACELATHON KELAS 7

 

PACELATHON

1.     Pangertene Pacelathon

Pacelathon yaiku omong-omongan wong loro utawa luwih kang duweni ancas tartamtu. Pacelathon iku uga kalebu kasusastran Jawa. Pacelathon iku asale saka tembung lingga, yaiku celathu. Celathu duwe teges omongan utawa guneman.

2.     Budi Pakartine Pacelathon

Nalika celathu, supaya mranani saben wong kudu nggatekake budi pakerti. Budi pakartine wong kang nindakake pacelathon iku kudu nganggo waton (tata cara), yaiku:

1)     Guneman ora waton guneman

2)     Ngadege, lungguhe lan obahe badan

3)     Banter lirihe swara

4)     Polatane

5)     Intonasine

2.     Nyemak Pacelathon

Dene wong kang nyemak/ngrungokake pacelathon kudu nggatekake paugeran-paugeran yaiku:

a)     Topik utawa bab kang diomongake ana ing pacelathon iku.

b)     Wong kang nindakake pacelathon

c)     Papan anggone nindakake pacelathon

3.     Basa kang Digunakake ing Pacelathon

Basa kang digunakake kudu empan papan nyocokaken sing omong-omongan lan sing diajak omong-omongan, dadi kudu nggatekake unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa Jawa, yaiku adat sopan-santun, tata krama, tata susila, nggunakake basa Jawa. Wujude unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi papat, yaiku ngoko lugu, ngoko alus, krama, lan krama alus.

1)     Basa Ngoko Lugu

Basa ngoko lugu, yaiku basa kang digunakake tanpa oleh kecampuran tembung krama. Tembung-tembung kang ndhapuk ukara kabeh tembung ngoko. Basa ngoko lugu digunakake kanggo guneman karo wong sing wis padha rakete, kayata:

a.      Kanca padha kanca

b.     Wong tua marang anak

c.      Guru marang muride

d.     Bapak/ibu (tuan) marang rewang (abdine)

Rumuse ragam basa ngoko lugu: ngoko+ afiks (imbuhan+akhiran) ngoko

Tuladhane:

a)     Dita tuku gula.

b)     Aku kepengin mangan bakso.

2)     Basa Ngoko Alus

Basa ngoko alus, yaiku ragam basa Jawa kang tembung-tembunge dumadi saka tembung ngoko lan kecampuran krama inggil kanggo ngajeni sing diajak guneman. Basa ngoko alus iki biasane dienggo marang wong sing raket, nanging esih ngajeni, yaiku:

a.      Adhik marang kakange.

b.     Kanca sing suwe ora tau ketemu/urung akrab.

c.      Guru marang kepala sekolah sing sepantaran.

Rumuse ragam basa ngoko alus: tembung ngoko + krama inggil + krama andhap + afiks (awalan + imbuhan) ngoko.

Konsep gawe basa ragam ngoko alus, yaiku:

-        Tembung ngoko sing arep dienggo ngurmati wong liya diganti dadi krama inggil, yen ora ana tetep nganggo tembung ngoko.

-        Tembung ngoko sing kanggo awak dhewe senadjan ana tembung krama inggile ora kena diganti karo krama inggil tetep nganggo tembung ngoko.

-        Ukarane kadhapuk saka tembung ngoko + krama inggil + krama andhap + afiks (awalan + imbuhan) ngoko.

-        Afiks (awalan, akhiran) tetep ngoko, kejaba ater-ater kok lan panambang –mu, diganti dadi panjenengan.

-        Padatane basa ngoko alus iku digunakake kanggo gunem karo wong sing wis akrab nanging esih tetep kepengin ngurmati.

Tuladhane:

a)     Aja padha ribut, Bapakku lagi sare!

b)     Budhe engko arep kondur karo sapa?

3)     Basa Krama

Basa krama, yaiku ragam basa Jawa kang kabeh tembunge sing dienggo iku nganggo tembung krama. Rumuse: tembung krama + afiks (awalan, akhiran) krama

Krama lugu digunakake kanggo:

a.      Wong sing nembe kenal

b.     Dhokter menyang pasien

c.      Bakul marang sing tuku

Tuladha:

ü  Samenika kula taksih wonten ing kantor.

ü  Sampeyan badhe tindak pundi?

4)     Basa Krama Alus

Basa krama alus, yaiku ragam basa kang kabeh tetembungane krama kabeh. Krama alus digunakake kanggo:

a.      Wong nom menawa matur marang wong tuwa

b.     Anak buah marang pimpinan

c.      Wong sing durung kenal.

Tuladha:

ü  Panjenengan menapa badhe tindakan?

ü  Bapak kondur rikala wingi sonten.

5.     Nulis lan Ngandharake Pacelathon

a.      Nulis Pacelathon

Sadurunge bisa ngandharake pacelathon kanthi cetha, para siswa digladhi nulis pacelathon. Dene nalika nulis pacelathon iku mesthine ana paugerane. Paugeran kanggo nulis pacelathon iku kaya ing ngisor iki.

1.     Cara nulis pacelathon

a.      Wujude guneman

b.     Jeneng paraga ditulis

c.      Gunakake tandha wacan titik loro (:) sawise jeneng paraga 11

d.     Guneman ditulis ing jero tandha kutip (“….”)

e.      Katrangan panggonan, wektu lan swasana ditulis ing jero tandha kurung ()

2.     Ancer-ancer pacelathon

Anggone nyemak pacelathon, kudu nggatekake bab-bab kang wigati kaya ing ngisor iki.

a.      Catheten bab-bab kang wigati, yaiku topik kang diomongake, sapa kang celathu, lan papan dumadine pacelathon.

b.     Nulis isine pacelathon, yaiku owahana saben bab kang wigati saka pacelathon mau dadi ukara banjur ukara-ukara iku disusun kanthi urut.

c.      Ngandharake Pacelathon Ing pasinaon bab iki, nalika para siswa wis gladhi nulis teks pacelathon, pramila para siswa kudu gladhi ngandharake teks pacelathon.

3.     Perkara kang kudu digatekake nalika ngandharake teks pacelathon, yaiku kudu paham marang isine teks pacelathon iku, lafal lan intonasine kudu trep, mimik/ekpresi (polatan praen) kudu trep, lan solah bawa kang ora digawe-gawe.

 

Tuladha Pacelathon

Marwanto             : “Sugeng sonten Pak, badhe matur sekedhap”.

Pak Guru              : “Iya-iya Le, kene pinarak mlebu dhisik”.

Marwanto              : “Inggih Pak, matur nuwun”.

Pak Guru              : “Ana wigati apa?, dene sliramu sore-sore tekan kene”.

Marwanto             : “Mekaten Pak, kula dipundhawuhi bapak supados matur kaliyan Pak Agung

menawi benjing Minggu, jam 07.00 dhusun ngriki ngawontenaken kerja   bakti sesarengan. Kanthi mekaten panjenengan kapurih ngumumaken dhateng warga sanesipun”.

Pak Guru              : “Apa maneh Le, welinge Bapak”?

Marwanto             : “Sampun Pak, mekaten kemawon”.

Pak Guru              : “Matura bapak, menawa welinge wis daktampa lan arep daktindakake saiki”.

Marwanto              : “Inggih Pak, matur nuwun sanget. Menawi mekaten sampun cekap anggen

kula sowan matur. Kula nyuwun pamit”.

Pak Guru               : “Ya, Le, padha-padha. Ngati-ngati ya ana dalan

Senin, 19 Februari 2024

Materi Geguritan Bahasa Jawa- Kelas 7- Kurikulum Merdeka

GEGURITAN

A.   Pengertian Geguritan (Puisi Jawa)

Miturut bausastra Jawa, geguritan iku karangan duweni paugeran kang gumathok kaya tembang, ananging guru gatra, guru wilangan lan guru lagune ora ajeg. Geguritan kalebu karya sastra tulis. Tembung geguritan asale saka tembung "gurit". Gurit tegese kidung utawa tembang tulisan awujud tatahan kanthi paugeran tartamtu. Nggurit tegese ngarang tembang, kidung utawa rerepen.

Geguritan saiki wis ora jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis ana pangaribawaning jaman, saengga geguritan saiki wis beda karo giritan jaman biyen, tegese wis mardika. Titikane guritan yaiku ora kawengku ing pathokan, migunakake tembung-tembung kang pinilih, cacahe larik ora katemtokake, sajak pungkasane bebas sajak pungkasane bebas mardika, ora nggunakake basa ora nggunakake basa padinan, arng-arang nggunakake tembung arang nggunakake tembung  pangiket,  pangiket, migunakake migunakake tembung tembung kawi, isine mentes, mentes, lan migunakake migunakake purwakanthi purwakanthi basa, swara lan sastra.

Geguritan kaperang dadi 2, yaiku :

1.        Geguritan Gagrag Kuna/Lawas

Titikane/pathokane:

·       Cacahing  gatrane ora ajeg,  nanging sethitike papat

·       Cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu  padha akehe

·       Tibaning swara (guru lagune) kudu runtut

·       Sangarepe geguritan diwiwiti nganggo tembung "sun nggegurit"

Tuladha:

sun nggegurit:

Kahanan zaman saiki

 Sipat pemudha-pemudhi

 Srawunge saya ndadi

Raket wewekane sepi

Tan kadi zaman nguni

Srawunge sarwa ngati-ati

Yen manut wasiting kuna

Priya srawung lan wanita

Gampang ketaman panggodha  

Nerak ing laku susila

Temah darbe jeneng ala

Wusanane tibeng bapa.

2.        Geguritan Gagrag Anyar

 Dene geguritan utawa guritan anyar nduweni pathokan :

·       Tembung-tembunge pilihan

·       Isine mentes

·       Cacahe gatra/larikan ora katemtokake

·       Arang nganggo tembung salugune/denotasi

·       Akeh nganggo tembung kiasan/konotasi

·       Ora nganggo tembung sun gegurit

Tuladha

Bekti Kagem Ibu

 

Nyuwun tambahing pangestu

kula badhe angayahi

tanggung jawab marang bangsa

ugi mring ibu pertiwi

iki pancen kewajiban

keng putra wus kudu ngerti

Lamun pra putri tan maju

bakal ringkih tembe mburi

awit ibu kang kuwasa

mulang muruk putra putri

guru aneng kulawarga

kang pawitan jroning urip

 

B.   STRUKTUR TEKS GEGURITAN

Struktur teks geguritan iku kaperang dadi loro, yaiku struktur lair lan struktur batin. Struktur lair, yaiku wujud basa kang konkret lan bisa diobservasi, dene struktur batin, yaiku makna abstrak saka ukara (basa) kasebut, kayata struktur makna kang kepengin diwedharake.

1.    STRUKTUR LAIR

1.    Wujude Geguritan (Tipografi)

Wujude geguritan utawa diarani tipografi iki minangka pamawas tuymrap gegambarane wujud panulisane geguritan. Geguritan iku lumrahe tinulis ora ngebaki larik, ora kawiwitan aksara kapital, lan saben larik ora dipungkasi kanthi tetenger (tanda baca).

2.    Pamilihe Tembung (Diksi)

Pamilihing tembung utawa diksi, yaiku tetimbangan sajrone nggunakake tembung-tembung kang laras kanggo ngandharake kekarepan lan pengangen-angen, tanpa ninggalake rasa kaendahan utawa larasing unine.

3.    Pandungkape Pancadriya (Imaji)

Pandungkape pancadriya, yaiku wujud pengalaman kang wis dirasakake dening pancadriya, kayata paningal, pangrungu, lan pangrasa. Tujuwane kanggo nggawa pangrasane pamaos kaya apa kang dirasakake dening panggurit. Pandungkape pancadiya bisa kaperang dadi telu, yaiku pandungkape swara (auditif), pandungkape rupa (visual), lan pandungkape raba/sentuh (taktil)

4.    Tembung Konkret

Tembung konkret, yaiku tembung-tembung mligi kang bisa tinangkep dening pancadriya lan bisa nuwuhake pandungkape pancadriya utawa panyakrabawa. Tembung  konkret bisa awujud tembung entar utawa pralambang.

5.    Lelewaning Basa

Lelewaning basa, yaiku panganggone tembung utawa ukara kang klebu basa rinengga kanthi tujuwane nambahi rasa kaendahane geguritan. Jinise basa rinengga sajrone kasusastran Jawa iku akeh banget lan panganggone bisa kacundhake manut rasa-pangrasane panggurit.

6.    Wirama

Wirama utawa guru lagu, yaiku runtute swara ing geguritan kang bisa dumunung ing wiwitan, tengah, lan pungkasaning larik.

2.    STRUKTUR BATIN

1.    Tema (Sense)

Tema yaiku sawijining kekarepan kang dadi dhasare panggurit ngripta geguritan. Jinise tema iku akeh banget, kayata religius, panguripan, panggulawenthah, kasarasan, lan sapanunggalane.

2.    Rasa-Pangrasa (Feeling)

Rasa-pangrasa, yaiku pandungkape rasane panggurit tumrap bakune pirembugan kang kinandhut sajrone geguritan. Rasa-pangrasa iki ana gegandhengane karo latar belakang panggurit, yaiku agama, pendhidhikan, drajat-pangkat, umur, lan sapanunggalane. Rasa-pangrasa iki jinise kayata bungah, susah, sengit, lan sapanunggalane.

3.    Nada (Tone)

Nada, yaiku tatacarane panggurit anggone medharake kekarepan sajroning geguritan. Tatacarane panggurit medharake kekarepane, kayata ngguroni, nandhesake, mborongake marang pamaos, lan sapanunggalane.

4.    Piwulang (Amanat)

Piwulang, yaiku pitutur luhur kang kepengin diwedharake dening panggurit kanggo pamaos kang diwedharake lumantar geguritan. Pangarep-arepe pamaos bisa nindakake sakabehe piwulang luhur kasebut ing bebrayan. Amanat bisa awujud ajaran moral, filosofi urip, nilai-nilai budaya, sejarah lan tradisi masyarakat jawa.

 

Sumber: