PACELATHON
1.
Pangertene Pacelathon
Pacelathon yaiku
omong-omongan wong loro utawa luwih kang duweni ancas tartamtu. Pacelathon iku
uga kalebu kasusastran Jawa. Pacelathon iku asale saka tembung lingga, yaiku
celathu. Celathu duwe teges omongan utawa guneman.
2. Budi Pakartine Pacelathon
Nalika celathu,
supaya mranani saben wong kudu nggatekake budi pakerti. Budi pakartine wong
kang nindakake pacelathon iku kudu nganggo waton (tata cara), yaiku:
1) Guneman ora waton guneman
2) Ngadege, lungguhe lan obahe
badan
3) Banter lirihe swara
4) Polatane
5) Intonasine
2.
Nyemak Pacelathon
Dene wong kang
nyemak/ngrungokake pacelathon kudu nggatekake paugeran-paugeran yaiku:
a) Topik utawa bab kang
diomongake ana ing pacelathon iku.
b) Wong kang nindakake
pacelathon
c) Papan anggone nindakake
pacelathon
3.
Basa kang Digunakake ing Pacelathon
Basa kang
digunakake kudu empan papan nyocokaken sing omong-omongan lan sing diajak
omong-omongan, dadi kudu nggatekake unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa
Jawa, yaiku adat sopan-santun, tata krama, tata susila, nggunakake basa Jawa.
Wujude unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi papat, yaiku ngoko lugu, ngoko
alus, krama, lan krama alus.
1) Basa Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu,
yaiku basa kang digunakake tanpa oleh kecampuran tembung krama. Tembung-tembung
kang ndhapuk ukara kabeh tembung ngoko. Basa ngoko lugu digunakake kanggo
guneman karo wong sing wis padha rakete, kayata:
a. Kanca padha kanca
b. Wong tua marang anak
c. Guru marang muride
d. Bapak/ibu (tuan) marang
rewang (abdine)
Rumuse ragam basa
ngoko lugu: ngoko+ afiks (imbuhan+akhiran) ngoko
Tuladhane:
a) Dita tuku gula.
b) Aku kepengin mangan bakso.
2) Basa Ngoko Alus
Basa ngoko alus,
yaiku ragam basa Jawa kang tembung-tembunge dumadi saka tembung ngoko lan
kecampuran krama inggil kanggo ngajeni sing diajak guneman. Basa ngoko alus iki
biasane dienggo marang wong sing raket, nanging esih ngajeni, yaiku:
a. Adhik marang kakange.
b. Kanca sing suwe ora tau
ketemu/urung akrab.
c. Guru marang kepala sekolah
sing sepantaran.
Rumuse ragam basa
ngoko alus: tembung ngoko + krama inggil + krama andhap + afiks (awalan +
imbuhan) ngoko.
Konsep gawe basa
ragam ngoko alus, yaiku:
-
Tembung ngoko sing arep dienggo ngurmati wong liya diganti
dadi krama inggil, yen ora ana tetep nganggo tembung ngoko.
-
Tembung ngoko sing kanggo awak dhewe senadjan ana tembung
krama inggile ora kena diganti karo krama inggil tetep nganggo tembung ngoko.
-
Ukarane kadhapuk saka tembung ngoko + krama inggil + krama
andhap + afiks (awalan + imbuhan) ngoko.
-
Afiks (awalan, akhiran) tetep ngoko, kejaba ater-ater kok lan
panambang –mu, diganti dadi panjenengan.
-
Padatane basa ngoko alus iku digunakake kanggo gunem karo
wong sing wis akrab nanging esih tetep kepengin ngurmati.
Tuladhane:
a) Aja padha ribut, Bapakku lagi
sare!
b) Budhe engko arep kondur karo
sapa?
3) Basa Krama
Basa krama, yaiku
ragam basa Jawa kang kabeh tembunge sing dienggo iku nganggo tembung krama.
Rumuse: tembung krama + afiks (awalan, akhiran) krama
Krama lugu
digunakake kanggo:
a. Wong sing nembe kenal
b. Dhokter menyang pasien
c. Bakul marang sing tuku
Tuladha:
ü Samenika kula taksih wonten
ing kantor.
ü Sampeyan badhe tindak pundi?
4) Basa Krama Alus
Basa krama alus,
yaiku ragam basa kang kabeh tetembungane krama kabeh. Krama alus digunakake
kanggo:
a. Wong nom menawa matur marang
wong tuwa
b. Anak buah marang pimpinan
c. Wong sing durung kenal.
Tuladha:
ü Panjenengan menapa badhe
tindakan?
ü Bapak kondur rikala wingi
sonten.
5.
Nulis lan Ngandharake Pacelathon
a. Nulis Pacelathon
Sadurunge bisa
ngandharake pacelathon kanthi cetha, para siswa digladhi nulis pacelathon. Dene
nalika nulis pacelathon iku mesthine ana paugerane. Paugeran kanggo nulis pacelathon
iku kaya ing ngisor iki.
1. Cara nulis pacelathon
a. Wujude guneman
b. Jeneng paraga ditulis
c. Gunakake tandha wacan titik
loro (:) sawise jeneng paraga 11
d. Guneman ditulis ing jero
tandha kutip (“….”)
e. Katrangan panggonan, wektu
lan swasana ditulis ing jero tandha kurung ()
2. Ancer-ancer pacelathon
Anggone nyemak
pacelathon, kudu nggatekake bab-bab kang wigati kaya ing ngisor iki.
a. Catheten bab-bab kang wigati,
yaiku topik kang diomongake, sapa kang celathu, lan papan dumadine pacelathon.
b. Nulis isine pacelathon, yaiku
owahana saben bab kang wigati saka pacelathon mau dadi ukara banjur ukara-ukara
iku disusun kanthi urut.
c. Ngandharake Pacelathon Ing
pasinaon bab iki, nalika para siswa wis gladhi nulis teks pacelathon, pramila
para siswa kudu gladhi ngandharake teks pacelathon.
3. Perkara kang kudu digatekake
nalika ngandharake teks pacelathon, yaiku kudu paham marang isine teks
pacelathon iku, lafal lan intonasine kudu trep, mimik/ekpresi (polatan praen)
kudu trep, lan solah bawa kang ora digawe-gawe.
Tuladha
Pacelathon
Marwanto : “Sugeng sonten Pak, badhe matur
sekedhap”.
Pak Guru :
“Iya-iya Le, kene pinarak mlebu dhisik”.
Marwanto : “Inggih Pak, matur nuwun”.
Pak Guru :
“Ana wigati apa?, dene sliramu sore-sore tekan kene”.
Marwanto : “Mekaten Pak, kula dipundhawuhi
bapak supados matur kaliyan Pak Agung
menawi benjing
Minggu, jam 07.00 dhusun ngriki ngawontenaken kerja bakti sesarengan. Kanthi mekaten panjenengan
kapurih ngumumaken dhateng warga sanesipun”.
Pak Guru :
“Apa maneh Le, welinge Bapak”?
Marwanto : “Sampun Pak, mekaten kemawon”.
Pak Guru :
“Matura bapak, menawa welinge wis daktampa lan arep daktindakake saiki”.
Marwanto : “Inggih Pak, matur nuwun sanget.
Menawi mekaten sampun cekap anggen
kula sowan matur. Kula nyuwun pamit”.
Pak Guru :
“Ya, Le, padha-padha. Ngati-ngati ya ana dalan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar