Selasa, 03 November 2026

PARIWARA (IKLAN) BASA JAWA - MATERI KELAS 8- SEMESTER 1-BAHASA JAWA SMP

 

PARIWARA (IKLAN) BASA JAWA

 

A.    Pangerten Pariwara

Pariwara yaiku sawijining pesen utawa kabar kang duwe ancas (tujuan) kanggo ajak-ajak utawa mrintah wong akeh supaya kepincut karo barang utawa jasa kang ditawakake, utawa amrih nindakake pesen kebecikan kanggo kapentingan umum.

B.    Struktur Teks Pariwara

Supaya pariwara bisa narik kawigaten duweni struktur kang jangkep, yaiku

1.   Irah-irahan (Judul /Headline): Ukara cekak, aos, lan cetha ing perangan paling dhuwur. Gunane kanggo nggugah rasa penasaran (tuladha: ukurane digawe paling gedhe).

2.   Isi Pariwara (Body Text): Katrangan luwih jentreh ngenani produk, kaluwihan, utawa pesen utama sing arep disampekake.

3.   Ajak-ajak (Call to Action / CTA) : Ukara tegas sing ngarahake pamaca kudu tumindak apa sawise maca iklan (tuladha: nomer HP, akun media sosial, utawa ukara "Ayo...", "Tuku saiki!").

C.    Unsur Kebahasaan (Basa Rinengga & Purwakanthi)

Pariwara sing narik kawigaten biasane nggunakake basa rinengga (basa sing dipacaki/diendahake) lan purwakanthi (runtuting swara, sastra, utawa tembung) supaya kepenak dirungokake lan gampang dieling-eling, lan mbujuk (persuasif). Jinising purwakanthi ana 3 yaiku:

1.   Purwakanthi Guru Swara (Persamaan swara vokal): Tuladha: Tuku gethuk, ati pinuk lan mathuk!

2.   Purwakanthi Guru Sastra (Persamaan aksara konsonan): Tuladha: Tuku tahu tenanan tuman.

3.   Purwakanthi Guru Basa/Lumaksita (Tembung pungkasan dibaleni ing ngarep): Tuladha: Kripik telo, telo asli teka Grabag.


 

D.    TULADHA IKLAN

Tuladha 1

(Irah-irahan)

SEKAR LANGIT

ADHEM ALAME, ASRI PAPANGGONANE! 🏞️

(IsiPariwara)
Butuh refreshing saka ruwete tugas sekolah lan gawean? Ayo dolan menyang Curug Sekar Langit Grabag. Rasakno segering banyu curug sing alami lan hawa pagunungan sing isis. Golek seneng, amrih pikiran dadi padhang lan tenang. Cocog banget kanggo foto-foto bareng kanca utawa kulawarga.
(Purwakanthi Guru Sastra - konsonan ng).

(Ajak-ajak)

Tiket mlebu Rp5.000,- wae! Bukak saben dina 08.00 - 17.00 WIB. Info jangkep klik: wisatagrabag.com utawa  IG: @SekarLangit_Grabag.

 



Tuladha 2

(Irah-irahan)
BUWANG KRESEK, SEKOLAH DADI RESIK!
🎒

(IsiPariwara)
Kanca-kanca, ayo wiwit saiki dilongi anggone gawa kresek lan gendul plastik ing lingkungan sekolah. Kresek iku ngrusak, sampah dadi masalah. Ayo padha nggawa tumbler (botol ngombe) lan ceting (wadhah panganan) dhewe saka omah!  
(Purwakanthi Guru Basa- aksara vokal)

(Ajak-ajak)
Ayo dadi Pelopor Adiwiyata! Wiwiti saka awake dhewe, wiwiti saka saiki!
OSIS SMP Negeri Grabag.

 

Tuladha 3

(Irah-irahan)
RUKUN KANCANE, PRESTASI SEKOLAHNE!
🤝

(IsiPariwara)

Sekolah iku papan kanggo golek ilmu lan kanca, dudu papan kanggo nglarani. Kanca iku dijaga, dudu dipoyoki apamaneh dikuya-kuya. Stop bullying! Ayo wujudake lingkungan sekolah sing aman, nyaman, lan kebak rasa katresnan. (Purwakanthi Guru Basa/Lumaksita – tembung kanca dibaleni).

(Ajak-ajak)
Yen
weruh utawa ngalami bullying, Aja wedi! Laporna marang Bapak/Ibu Guru BK saiki! Bebarengan mesthi bisa!



 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar