KIDANG KENCANA ING RAMAYANA
Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku Lesmana.
“Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana, keslametane mbakyumu dak pasrahake marang sliramu, aja pisan-pisan kowe ninggalake Sinta dhewekan.”
“Sendika dhawuh kangmas rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, atos-atos kangmas,” mangkono ature Lesmana.
Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti tekan tengah alas gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora bisa nembus alas maneh. Peteng dhedhet swasanane, lacake kidang kencana ora katon. Nalika atine Rama tratapan, saklebatan katon ayang-ayange kidang kencana. Sanalika Rama ngeculke jemparing, kidang kencana kena panahe Rama. Kidang kencana ambruk ing lemah, jemparing nembus bangun. Nanging ana kedadean kang aneh, kidang kencana muksa disusul metune buta Kalamarica nyuwara seru. Pambengoke Kalamarica kaprungu nganti tekan saindhenging sayang. Kaprungu mirip banget kaya swarane Rama kang lagi kena musibah.
Dewi Sinta midhanget swara pambengoke sing mirip Rama. Sinta kwatir marang keslametane Rama. Nanging beda karo Lesmana kang ngerti banget marang kasektene Rama, mula dheweke percaya yen swara mau dudu swarane Rama. Mula nalika Sinta ngersakake Lesmana nusul Rama kanggo mesthikake keslametane, Lesmana wegah lan tetep arep njaga Dewi Sinta. Sinta mangkel lan kawetu omongan kang ora ngenakake kupinge Lesmana.
“Saiki aku ngerti watak wantu aslimu adhi Lesmana. Jebule meneng-meneng sliramu pingin nduweni aku, sliramu ngejorake kakangmu cilaka, lan sliramu bisa bebas… ”
Cekap kakang mbok Sinta! Kula ngurmati kangmas Rama. Malah roh lan raga kula lila dak kurbanaken kangge mbela asmane kangmas Rama. Dados lepat sanget manawi kangmbok Sinta kagungan panganggep kados makaten dhateng kula.
“Menawi makaten mbak, amargi panjenengan ngotot, meksa, kula badhe damel wates kangge kangmbok Sinta, kula suwun kangmbok boten medal saking wates menika kangge kawilujengan amargi kangmbok kula tilar piyambakkan.”
Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg. Ora ana sing bisa nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero bunderan iku. Sawise rumangsa aman, Lesmana budal ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki Rama.
Sawetara iku, Rama uga kaget midhanget pambengoke Kalamarica, buta kang tugase dadi mata-mata raja Alengka yaiku Rahwana. Mula panjenengane kemutan marang keslametane Dewi Sinta lan cepet-cepet ninggalake papan kono kanggo mirsani kahanan garwane. Ing tengah lakune kepethuk karo Lesmana, atine Rama tambah tratapan amarga Sinta ora bareng karo Lesmana. Sadurunge Rama nyuwun pirsa babagan Sinta, Lesmana njlentrehake kabeh prastawa kanthi cetha wela-wela nganti ninggalake Sinta dhewekan.
“Aduh! Cilaka rayi Lesmana… iki ana upaya manungsa kang nyoba ngapusi bangun dhewe. Ayo saiki enggal nemoni mbakyumu Sinta! ”
Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung njaluk-njaluk. Dheweke nreyuhake ati njaluk banyu ngombe kanggo nambani ngelake. Sinta ora ngerti manawa simbah kakung iku minangka pasemone Rahwana raja Alengka kang ngumbar angkara murka. Rahwana ngerti marang kelemahane wanita sing ora tegelan manawa weruh kahanan kang nreyuhake. Nalika Dewi Sinta ngecungake cangkir, astane metu saka wates bunder langsung disamber lan dikekep ana ing dadane rahwana banjur digawa mabur. Sinta kasil ditipu dening Rahwana. Rahwana ngguyu lakak-lakak rumangsa menang, swarane kaprungu ing saindhenging angkasa, kasil nipu Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana, Jatayu manuk garudha nyoba nulungi Sinta saka regemane Rahwana, ananging malah ambrug ing lemah amarga kena sabetan pedange Dasamuka.
Kula Saidatul Maghfiroh,cerita kasebut nyeritakake yen dewi Shinta pengen kagungan kidang mas / kencana,banjur matur marang Rama.Rama banjur mangkat mbedag kidang mau,lan matur ning lesmana jaga mbakyumu.Lesmana banjur damel wates amergi kangge kawilujengan dewi Shinta.Ono ing dina Dewi Shinta weruh simbah kakung nyuwun unjukkan banjur dinei saknalika Dewi Shinta disamber simbah kakung sing nyamar jebule Rahwana sing nyamar.
BalasHapusCerita yang bagus
BalasHapus