MATERI AJAR CERITA WAYANG RAMAYANA ( KIDANG KENCANA)
Ana ing kegiatan iki, bocah-bocah bakal tepung lan mangerteni tegese wayang purwa, mula bukane wayang purwa, crita wayang Ramayana, perangan crita wayang Ramayana, lan unsur-unsur sing ana ing crita wayang Ramayana lakon Kidang Kencana.
A. Tegese Wayang
Wayang sing ana ing Indonesia akeh jinise, salah sijine yaiku wayang purwa. Padatane, wong-wong padha ngarani wayang purwa kuwi wayang kulit amarga digawe saka bahan kulit. Ananging, wayang sing kagawe saka kulit uga maneka warna jinise. Wayang kang arep dijlentrehke ana ing kene yaiku wayang kang mula bukane saka crita Ramayana lan Mahabarata, saengga luwih trep yen kasebut kanthi tulisan wayang purwa.
Wayang sawijining tembung basa Indonesia (Jawa) asli kang nduweni teges wewayang utawa wewayangan. Tembung wayang asale saka tembung wod (akar kata) “yang” banjur dadi wayang. Tetembungan ana ing basa Jawa kang nduweni tembung wod “yang” variasi vokale kayata layang, dhoyong, puyeng, reyong, kang teges tansah obah, ora tetep, samar-samar lan sayup-sayup. Tembung wayang, hamayang ana jaman semana nduweni teges: nontonake wewayangan. Saya suwe dadi tontonan wayangan. Sabanjure dadi seni pentas wewayangan utawa wayang (Mulyono,1979: 51-52).
Sulaksono (2012: 110) ngandharake yen ngomongake ngenani masyarakat Jawa apa maneh nganti ing tataran filosofi utawa panyawange marang urip kuwi ora bakal bisa ucul saka wayang. Saking cedhake wayang karo uripe wong Jawa nganti ana ing perangane omah (omah joglo) sing diarani paringgitan. Paringgitan mapan ana perangan antaraning pendhapa lan omah mburi. Tembung paringgitan asale saka tembung ringgit (basa krama inggil, ana ing basa ngoko artine wayang). Paringgitan yaiku papan kang adate digunakake kanggo mentasake wayang.
B. Mula Bukane Wayang
Ana rong panemu sing gayut karo asal-usule wayang Purwa, yaiku asale saka tanah Jawa lan asale/asli Jawa/Indonesia. Satoto (2012: 134) ngandharake yen ora bener menawa wayang asale saka njaban tanah Jawa. Wayang wis ana lan dikenal karo masyarakat Jawa wiwit taun 700 caka utawa 778 masehi. Wondene pamanggihe Satoto kuwi adhedhasar luwih dhara-dhata, ing ngisor iki:
a. Wayang wis ana wiwit jaman Airlangga (980 Caka atau 1028 Masehi), wiwitan abad XI SM, ana ing Keraton Kediri wis ana pagelaran wayang.
b. Pagelaran wayang/bayang-bayang kuwi nggunakake boneka sing cacahe ana 74 lan kulit (walulang inukir= kulit yang diukir).
c. Wayang/bayang-bayang boneka kuwi diproyeksikake ana ing layar (kelir).
d. Wong sing nontonake (saiki dhalang) ngelakonake peran paraga-paraga watak sing diwujudake ana ing boneka (wayang). Menawa dikandhakake, boneka-boneka wayang kuwi kalebu manifestasi saka karakter utawa wateking paraga-paraga.
e. Pagelaran wayang/bayang-bayang wis tuwa umure, satemah empu Prapanca, panulis Tantu Pagelaran ngira-ngira asal lan mula bukane pagelaran wayang/bayang-bayang yaiku nalika para dewa tumurun ana ing bumi.
f. Pagelaran wayang/bayang-bayang rikala semana wis populer amarga wis dadi kelangenan lan akreb karo masyarakat.
g. Pagelaran wayang/bayang-bayang rikala semana wis nganggo gamelan (musik) kanggo ngiring pagelaran wayang (abad XII SM).
h. Komponen-komponen musik gamelan yaiku saron, kemanak, tundung, lan sapanunggalane.
i. Pagelaran wayang kulit purwa wis dadi sarana panglipur rakyat, kang suwe-suwe asring dipentasake lan runtut digelar ing tanah Jawa (2012:133).
C. Sumbering Crita Wayang Ramayana
Sumber crita pokok wayang purwa asale saka kitab Ramayana lan Mahabarata. Kitab Ramayana diripta dening empu Walmiki. Isine crita ana ing kitab Ramayana dibagi dadi pitu lan sabanjure digubah mawi wujud syair kang cacahe 24.000 seloka. Bageyane crita ing Ramayana diarani kandha, dadi siji- mbaka siji bageyan critane dipungkasi mawi tembung kandha.
D. Perangan kitab Ramayana
1. Balakandha.
Balakandha minangka kitab sepisan. Nyeritakake ngenani Dasarata dadi raja ing kraton Ayodya. Dasarata duwe bojo cacahe 3, yaiku Dewi Kosalya kagungan putra Rama, Dewi Kekeyi kagungan putra asmane Prabu Barata, lan Dewi Sumitra kagungan putra Lesmana lan Satrugna.
2. Ayodyakandha.
Nyritake Dasarata lengser dadi raja, lan diganti Rama ananging dialang-alangi Dewi Kekeyi kang nduweni karep supaya Barata dadi raja.
3. Aranyakandha.
Nyritake Rama lan Lesmana paring pambiyantu marang pandhita kang lagi mertapa supaya ora diganggu dening para raksesa.
4. Kiskindhakandha.
Nyritake dhuhkitane Rama jalaran kelangan garwane yaiku Dewi Sinta.
5. Sundarakandha.
Nyritake Anoman nggoleki Sinta kang didusta utawa diculik Rahwana utawa Dasamuka.
6. Yuddakandha.
Nyritake Rama, Sugriwa, lan bala wanara (kethek) gawe jembatan utawa kreteg Situbanda kanggo tumuju Alengka.
7. Uttarakandha.
Kitab pungkasan yaiku nyritake Dewi Sinta dibuwang ing tengah alas jalaran Rama cubriya marang kesuciane Dewi Sinta.
E. Unsur Intrinsik Crita Ramayana Lakon Kidang Kencana
Karya sastra nduweni unsur-unsur kang mangun karya sastra satemah karya sastra bisa madeg. Miturut andharane Kasnadi & Sutejo (2010: 6 – 28) unsur-unsur instrinsik karya sastra kaperang dadi pitu, yaiku tema, tokoh dan penokohan, plot (alur cerita), setting (pelataran), sudut pandang (point of view), style (gaya), dan pesan (amanat). Kaya dene Kasnadi lan Sutejo, Priyantono lan Sawukir (2014: 125-126) ngandharake menawa unsur instrinsik uga ana pitu, yaiku tema, alur utawa plot, setting utawa latar, paraga lan watake paraga, amanat, cara mawas utawa point of view, lan lelewaning basa.
a. Tema yaiku ide utawa gagasan pokok sing dadi dhasare crita.
b. Alur utawa plot yaiku lakune crita seka purwa-madya-wasana sing duwe sesambungan sabab-akibat. Alur kaperang dadi telu yaiku alur maju, mundur, lan campuran.
c. Setting utawa latar, yaiku perangane unsur intrinsik sing wujude papan, wektu, sosial, lan kahanan.
d. Paraga yaiku tokoh sing ana ing sajrone crita. Wewatakane paraga bisa dingerteni kanthi cara:
1) Analitik, yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi cetha
2) Dramatik, yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi samudana.
Dene watake paraga yaiku watak utawa sipate paraga ing sajrone crita. Watake paraga kaperang dadi telu yaiku
1) Antagonis, yaiku paraga kang duwe watak ala
2) Protagonis, yaiku paraga kang duwe watak apik
3) Tritagonis, yaiku paraga (dudu paraga utama) kang netral
e. Piweling yaiku pesen utawa pitungkas sing diaturke panulis marang pamaos.
f. Sudut Pandang yaiku cara mawas utawa (point of view) yaiku dununge panulis ana ing sajrone crita.
g. Lelewa basa yaiku tembung-tembung pilihan sing digunakake panulis sing ana sajrone crita supaya critane bisa luwih endah lan urip.
F. Pratelan Cerita Ramayana (Kidang Kencana)
Sawise ninggalake kraton, Rama, Sinta, lan Laksmana urip ana ing alas Dandaka. Ana ing alas Dandaka, dumadakan Dewi Sinta weruh kidang kencana. Dewi Sinta njaluk njaluk marang Rama supaya bisa nyekel kidang kasebut. Rama ngoyak lan manah kidang kuwi, sabanjure kidang kasebut njerit lan ganti wujud dadi Kala Marica. Amarga Rama ora bali-bali lan krungu swara jeritan, Sinta dhawuh Laksmana nggoleki Rama. Sakdurunge lunga ninggalake Sinta, Laksmana nggawe urekan ana ing lemah kang ngubengi Sinta lan Laksmana paring weling menawa Sinta ora oleh metu saka bunderan kuwi.
Ora suwe sakwise laksamana lunga, ana pandhita tuwa sing nyedhaki Sinta. Sakwise bage-binage Dewi Sinta menehi panganan marang pandhita. nalika ngulungake panganan, pandhita kuwi mara-mara narik tangane Sinta lan wusanane Sinta metu saka bunderan sing digawe Laksmana. Sakbanjure pandhita kuwi badhar malih Dasamuka lan nggawa Sinta Mabur menyang Alengka. Ing gegana, Sinta jerit-jerit.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar