SANDIWARA LAN KETOPRAK
Apa bocah-bocah nate krungu tembung drama? Saperangan mesthi wis tau krungu tembung
kuwi. Menawa krungu tembung drama umume mesthi kelingan salah sawijine pentas
kang digelar ana ing panggung. Pancen, drama kuwi asring digambarake minangka
pentas ana ing panggung hiburan.
Saliyane
tembung drama, awake dhewe uga kerep krungu tembung sandiwara. Sandiwara kuwi
sinusun saka tembung sandi lan warah. Tembung sandi ngemu teges
“rahasia/wewadi”, dene warah ngemu teges “wewarah utawa ajaran”. Menawa
digabungake tembung sandiwara ngemu teges wewarah kang diajarake kanti cara
sesidheman. La ngapa ka iso kaya mengkono? Awit lakon ana ing sajroning drama
digunakake kanggo menehi piwulang-piwulang kanggo bebrayan. Kang nyiptake
istilah sandhiwara kasebut yaiku KGP Mangkunegara VII saka Surakarta kanggo ngganti istilah “toneel” kang saka
bahasa walanda lan dinggo bebrayan sadurunge.
Drama kuwi jinise ana loro,
drama moderen lan drama tradisional. Drama
tradisional wujude uga macem-macem, tuladha ketoprak, ludruk, jathilan lan
liya-liyane. Drama minangka genre sastra
kang blegere wujud pacelathon utawa tuturan antarane paraga-paraga kang ana ing
sajroning crita.
Ketoprak
iku jenise teater rakyat, mula kuwi biyen ketoprak isih nganggo lesung kanggo
iringane. Lakon kang
digawakne uga crita-crita sederhana kang ana ing padinan. Panggon pentase iku
ing latar ngarep omahe petani. Bisa uga ing sawah
nalika wis bar musim panen.
Ing jaman
semana,
ketoprak ora nganggo
naskah.
Pentase nganggo
metode improvisasi yaiku apa
anane. Saengga, pertunjukan ketoprak iku manut marang paragane. Apik eleke pentas ketoprak iku gumantung
paraga kang nggawakake crita
kasebut.
1.
STRUKUR
NASKAH DRAMA (SANDIWARA) LAN KETOPRAK
Sandiwara
lan ketoprak kasusun kanthi struktur sing padha. Ana ing perangan iki,
bakal dijlentrehake unsur-unsur
kang ana ing
sandiwara lan ketoprak kanti
ancas supaya bisa mangerteni bab drama kanti purna.
1.
Plot utawa Rangka Carita / Alur
Plot
utawa ngengrenganing carita utawa alur yaiku lumakune carita ana ing sajroning
carita wiwit awal tumekane pungkasan, lan uga gambarane perkara antawis
rong paraga kang
beda. Anane prakara
kadadeyan saka anane watak saka
paraga kang beda. Prakara ing carita digambarake saya gedhe tekan
pungkasan kang diarani
titik klimaks. Bubar
saka klimaks terusing crita umume
tumuju ing wusananing crita.
Gustaf Freytag
ana ing bukune
Herman J. Waluyo
(2002) aweh katrangan umume
jalinan prakara ana ing plot awujud bab-bab ing ngisor iki.
a. Exposition / panjlentrehan carita ing awal, yaiku para
panyimak drama ditepangake marang para paraga kang ana ing
carita lan uga kepiye watake para paraga kasebut.
b. Komplikasi
utawa wiwitan jumedhule prakara.
c. Klimaks
utawa puncaking prakara
d. Resolusi
utawa pungkasaning prakara
e. Denoument
utawa dudutaning carita
Wondene
plot ana ing drama kaperang dadi telu, yaiku :
a. Sikuler,
yaiku carita kang isine amung sak prakara b.
Linier, yaiku carita runtut saka
A-Z
b. Episodik,
yaiku jalinan carita kang kaperang banjur disambung ana ing pungkasaning
carita.
2. Paraga lan Watak
Paraga
tansah duwe sambung raket karo apa kang diarani watak. Susunan paraga yaiku dhaftar para paraga kang ana ing
sajroning carita. Ana ing susunan kuwi kaping pisan kudu dijlentrehake babagan
jeneng, umur, lanang utawa wadon, titikane awak, kalungguhan, lan uga kahanan
batine.
Para paraga ana ing drama bisa kaperang dadi
pirang-pirang perangan, kayata :
a. Miturut kiprahe tumrap lumakune carita.
a) Paraga
protagonis, yaiku paraga kang nyengkuyung lumakune carita. Umume ana siji utawa
rong paraga protagonis, lan direwangi
dening paraga-paraga liya kang uga
nyengkuyung lumakune carita.
b) Paraga antagonis, yaiku
paraga kang ora
saiyeg marang lumakune carita.
Umume ana sak paraga lan paraga liya kang watake lan kiprahe beda karo lumakune
carita.
c) Paraga tritagonis,
yaiku paraga kanggo
aweh pitulungan marang paraga
protagonis utawa antagonis.
b. Miturut kiprah lang fungsine ana ing lakon.
a)
Paraga
sentral, yaiku paraga kang dadi punjering carita.
b)
Paraga
utama, yaiku paraga kang nentang paraga sentral ana ing carita.
c)
Paraga
pambantu, yaiku para paraga kang dadi geganep utawa
peran sampingan ana ing
carita.
Para paraga kang
dijlentrehake kuwi kudu duwe watak. Watak bisa digambarake ana
ing telung dimensi
(watak dimensional). Anggone nuduhake watak
para paraga linandhesan
saka kahanan awak,
batin, lan sosial (fisiologis, psikologis,
lan sosiologis).
a. Kahanan fisik
Sing kalebu
kahanan fisik paraga
yaiku: umur, lanang
utawa wadon, titikane awak, ciri ing awak, titikan mligi sing menjila,
suku bangsa, praenan, kasenengan, dhuwur/cendhek, kuru/lemu, lan sapanunggalane.
b. Kahanan
psikis
Kahanan psikis paraga
awujud: watak, kasenengan, mentalitas, standar moral, temperamen, ambisi,
kompleks psikologis sing ditemahi, kahanan emosine, lan sapanunggalane.
c. Kahanan
sosiologis
Kahanan sosiologis
paraga awujud kalungguhan/jabatan, pagawean, klas sosial,
ras, agama, ideologi, lan sapanunggalane.
3.
Dialog (Pacelathon)
Titikan mligi sawijine drama
yaiku naskahe awujud dialog utawa pacelathon. Nalika ngripta pacelathon
iki, pangripta kudu nggatekake kanthi premati pacelathone para paraga sajrone
urip padinan. Pacelathon sing ditulis dening pangripta naskah drama yaiku
pacelathon sing bakale diucapake lan kudu patut diucapake ana sajrone pentas
ing ndhuwur panggung. Gambaran pentas ing ndhuwur panggung mujudake mimetik
(rerekan) saha kahanan urip padinan, mula dialog kang ditulis uga dadi kaca
benggala pacelathon ing padatan.
Pacelathon kudu duwe sipat
estetis, tegese nduwe kaendahan basa. Kadhang kala uga diajab supaya nduweni
sipat filosofis lan bisa merbawani kaendahan. Pacelathon
uga kudu urip, tegese bisa dadi sesulih paraga kang diemban.
4. Setting/Landhesan/Panggon Prastawa
Setting atau panggon prastawa sajrone crita asring uga diarani latar crita. Babagan iki kudu ditemtokake kanthi premati amarga drama naskah uga kudu menehi kalodhangan kanggo dipentasake. Setting
biasane dumadi saka telung
dimensi, yaiku panggon, ruwang, lan
wektu.
Setting panggon
nduwe gegayutan karo panggon
ing ngendi
prastawa kasebut kadadeyan. Umpamane ing
Pulo Jawa, ing Kutha
Yogyakarta, ing
Surabaya
lan sapanunggalane.
Setting
ruwang awujud prastawa nalika
pentas kasebut dumadi.
Umpamane ing emper, ing dalan gedhe, ing ruwang
tamu, ing warung, lan sapanunggalane.
Setting wektu gayut karo kapan prastawa sajrone pentas kasebut dumadi. Umpamane wae ing
wayah esuk, awan, wengi, lan sapanunggalane. Wektu uga gegayutan karo dimensi kang
luwih amba, umpamane dina, sasi, taun, lan
sapanunggalane.
5.
Tema/Nada Dasar Crita
Tema mujudake gagasan pokok sing kakandhut sajrone drama. Tema
nduwe gegayutan karo premis saka
drama kasebut lan nduwe
gegayutan
uga karo nada dasar saka sawijine drama lan
sudut pandang
sing diandharake dening
pangriptane.
6. Amanat/Kekarepan Pengarang
Amanat yaiku kekarepan kang
bakal diandharake dening pengarang
lumantar naskah utawa lumantar pamentasane.
Teka utawa orane amanat utawa kekarepan sing bakal diandharake diprebawani
dening maneka babagan, yaiku:
a.
Naskah kasebut ngandharake kanthi cetha
apa amanate.
b.
Sajrone pentas,
paraga bisa ngandharake amanat marang pamirsa kanthi cetha
wela-wela.
c.
Pamirsa bisa nangkep amanat utawa kekarepan sing diandharake ana ing
pagelaran kanthi becik.
7. Petunjuk Teknis
Sajrone naskah sandiwara lan ketoprak dibutuhake uga petunjuk
teknis, kang uga asring diarani teks samping. Teks samping iki menehi petunjuk teknis ngenani
tokoh, wektu, swasana
pentas, swara, iringan, metu mlebune aktor utawa aktris, lan sapanunggalane. Teks samping iki biasane
ditulis nganggo tulisan kang beda saka
dialog (umpamane kanthi aksara miring utawa aksara murda kabeh). Petunjuk teknis
sing pepak bakal
nggampangake
sutradara
sajrone penafsiran
naskah.
2.
STRUKTUR SANDIWARA LAN KETOPRAK NALIKA DIPENTASAKE
Sandiwara lan ketoprak kuwi uga nduweni struktur sing pada nalika dipentasake ing
panggung.
Unsur-unsur sandiwara lan ketoprak
nalika dipentaske yaiku:
1. sutradara
2. paraga
3. tata
rakiting (penata) panggung
4. tata
rakiting (penata) lampu
5. ngudi
(penata) busana
6. tata
rakiting (penata) rias
7. tata
rakiting (penata) musik
Supaya luwih gamblang, ing ngisor iki bakal diandharake ngenani jejibahan lan
fungsi saka saben
unsur.
1. Sutradara
Sutradara yaiku wong kang mandhegani pamentasan drama. Minangka pemimpin kang tanggung jawab marang suksese pamentasan drama, sutradara kudu gawe
perencanaan pamentasan lan
nglakoni pamentasan kasebut.
Gambar 1. Sutradara lagi
mimpin gladhen (gambar
diambil dari google)
Sutradara duweni tugas kang akeh lan duweni tanggung jawab kang abot.
Sutradara kudu bisa milih naskah, nemtokake
penafsiran naskah, milih paraga, nggladhi
paraga,
gotong royong karo
kabeh
elemen
pamentasan lan
bisa
ngrangkul kabeh
bageyan.
Jejibahane sutradara ing antarane, yaiku:
a.
Bisa milih naskah kang
apik
b.
Bisa
mangerteni warak para paraga crita
c.
Bisa
nemtokake paraga kanthi leres lan trep d) Bisa nglatih para paraga
d.
Bisa
tembayat karo kabeh panyengkuyung pamentasan
e.
Bisa makarya karo kabeh panyengkuyung
pamentasan
2.
Paraga
Aktor (paraga putra) utawa aktris (paraga putri) yaiku pawongan kang
kadhapuk
dadi tokoh sing katulis sajroning naskah. Supaya bisamaragakake kanthi becik paraga kudu dipilih kanthi pener lan trep. Paragane
kuwi ora kudu bagus utawa
ayu, ananging sing wigati paraga kuwi bisa
maragakake kanthi becik.
3.
Tata Rakiting Panggung
Panggung yaiku papan panggonan pentas utawa arena kanggo pentas drama. Biasane panggone luwih dhuwur saka kursi penonton. Uga ana panggonan pentas
sing luwih
ngisor utawa sejajar karo penonton, ananging penggonane penonton ditata kaya mangkono saengga bisa ningali lakone pentas kanthi apik lan ora
keganggu
anggone nonton.
Tata panggung butuhake komposisi kang trep. Komposisi kang trep bisa gawe kaendahan. Amarga penting banget penataan panggung
kuwi, mula biasane
pawongan kang dadi
tukang tata panggung duweni
jiwa seni
saha bisa
nata komposisi
kanthi prasaja.
Gambar 2: Pranata Panggung (gambar diambil dari google)
4. Tata Rakiting Lampu
Pranata lampu yaiku pawongan kang duweni tugas nata lampu ana ing
dhuwur panggung. Amarga kuwi nata lampu duweni peranan penting
karo
tata panggung. Tuladhane panggung kang nggambarake kahanan ing tengah alas,
mila pawongan kang nata lampu kudu bisa nata sorote lampu saengga panggung kuwi wis kaya dadi
alas tenanan.
Tatanan lampu biasane nggunakake piranti kang diarani spot light, yaiku
kaya kotak kang
duweni lensa kang
isine lampu atusan watt. Yen diurupake lampune nyorot padhang
banget menyang
sak
panggonan. Lensane bisa diatur padhang orane jumbuh karo keperluan. Biasane wernaning lampu bakal ditrepake karo kahanan
kang dikarepake.
Gambar 3: Tataning lampu ing Panggung (gambar diambil
dari google)
5.
Ngadi Busana
Pranata busana yaiku wong kang duwe jejibahan ngatur lan nemtokake busana para
paraga. Tata busana
kudu
jumbuh karo karakter
paraga. Karakter
lan watak paraga bisa katon saka tata
busanane. Tuladhane, salah sawijining paraga kadhapuk minangka dhokter. Pranata busana kudu
bisa
gawe busana/kostum
paraga mau supaya katon minangka dadi paraga dhokter.
Gambar 4: Saperangan jenis kostu/ageman (gambar diambil dari google)
6. Tata Rakiting Rias
Pranata
rias utawa perias duwe
jejibahan ngrias
utawa maesi
paraga supaya jumbuh karo watak/karakter sing
arep diparagakake. Apa sebabe paraga kudu dirias? Paraga kudu dirias supaya watak/karakter paraga bisa pas lan
praupane paraga ora katon pucet nalika disorot
lampu saka dhuwur panggung.
Tuladhane ing pentas sekolah
menengah, paraga mesthi isih enom.
Supaya paraga mau bisa katon tuwa kudu dirias, amarga dheweke meranake paraga wong tuwa.
Prakara rias
mau
dadi tugase pranata
rias. Pranata
rias bisa ngecat rambute para paraga supaya katon putih kaya uwanen. Pranata rias uga
bisa gawe praupane paraga dadi katon luwih tuwa kanthi cara diwenehi kerutan-kerutan ing
pasuryane. Jinising alat sing dinggo ngrias akeh banget, tuladhane; wedhak,
lipstik, bubuk saka areng, pensil alis, rambut palsu, cat rambut, lem, brengos palsu
las
sapanunggalane.
7. Tata Rakiting Musik
Pranata musik duwe jejibahan gawe musik pangiring
supaya gawe
regenging swasana ing
pamentasan. Musik
utawa gendhing uga
kudu bisa mancing lan ngetokake emosine paraga, tuladhane paraga sing lagi meranake
suasana susah bisa dadi tambah susahe nalika diiringi dening
musik utawa gendhing sing
nrenyuhake, tuladhane alat musik sing bisa gawe suasana susah yaiku suling
utawa biola. Paraga bisa nangis amarga krungu suara-suara musik mau. Musik utawa gendhing mau wigati banget kanggone para paraga, mula kudu
ana
komunikasi kang becik antarane paraga karo pranata musik supaya paraga bisa ngetokake emosi sing dikarepake.
3. APRESIASI SANDIWARA LAN KETOPRAK
Miturut
Kamus Besar Bahasa Indonesia, apresiasi kuwi nduwe teges
kesadaran terhadap
nilai seni dan budaya; penilaian (penghargaan terhadap) sesuatu.
Saka teges
kasebut ana ing
materi
iki
panjenengan diajak ngapresiasi sastra, mligine sandiwara lan ketoprak. Wujude apresiasi iki mengka
ana
loro kegiatan. Sing kapisan ngapresiasi naskah sandiwara utawa ketoprak, lan sing
kapindho yaiku ngapresiasi pamentasan sandiwara utawa ketoprak.
1. APRESIASI NASKAH SANDIWARA UTAWA
KETOPRAK
Apresiasi tumrap naskah sandiwara utawa ketoprak yaiku ngandharake apa-apa wae sing
dadi perangan utawa unsur-unsur
naskah sandiwara utawa ketoprak mau. Unsur-unsur
naskah sandiwara utawa ketoprak ing antarane yaiku:
a. Plot
utawa cengkorongan crita. Plot yaiku urutan dalaning crita utawa
cengkorongan crita wiwitan
nganti pungkasan sing
ngemot prekara antarane
paraga cacah loro sing ora padha kekarepane. Jinise alur ing sandiwara utawa ketoprak yaiku
ana
alur maju, alur mundur lan alur campuran.
b.
Penokohan utawa perwatakan. Perwatakan yaiku watak utawa karakter sing di nduweni dening para paraga ing sajroning sandiwara utawa ketoprak. Ana telu klasifikasi paraga yaiku: 1) paraga protagonis yaiku paraga sing nyengkuyung
crita; 2) paraga antagonis yaiku paraga
sing cengkah karo crita; lan
3) paraga tritagonis yaiku paraga pembantu.
c.
Wawan Gunem (dialog/pacelathon). Wawan gunem utawa
dialog utawa pacelathon yaiku tembung-tembung utawa ukara-ukara sing diucapake dening
para paraga.
d. Setting (latar). Setting
uga diarani latar
crita,
yaiku
panggonan, ruwang lan wektu. Uga ana sing
mantha latar dadi panggonan, wektu lan kahanan nalika
kedadean
ing sandiwara utawa ketoprak iku.
e. Underan (tema). Underan yaiku gagasan pokok ing ana ing sajroning crita.
f. Amanat yaiku pesen
sing ana ing sajroning naskah kasebut.
g. Petunjuk teknis.
Petunjuk teknis bisa disebut kanthi istilah teks samping, yaiku
teks sing ana ing naskah fungsine kanggo menehi petunjuk
teknis ngenani paraga,
wektu, suasana pentas, suwara,
musik, mlebu
metune paraga,
seru lan orane
dialog, warna suwara lan sakpiturute. Teks samping padatan katulis kanthi aksara
sing dimiringake utawa kacitak
kandel.
2.
APRESIASI SANDIWARA UTAWA KETOPRAK
Apa para siswa wis nate nonton pentas sandiwara utawa ketoprak ana ing
panggung? Perangan-perangan kang ana ing sandiwara utawa ketoprak beda karo perangan-perangan
kang ana ing naskah drama. Perangan-perangan
kang
ana ing sandiwara utawa
ketoprak
yaiku:
sutradara, paraga, pranata panggung,
pranata lampu,
pranata rias,
pranata busana lan pranata
musik.
4.
NYAMEKTAKAKE PAMENTASAN
SANDIWARA UTAWA KETOPRAK KANTHI MBENTUK TIM PRODUKSI LAN TIM PANGGUNG
Ana ing
bab
sing pungkasan iki, materi kang disinau yaiku nggelar pamentasan tradisional. Kanggo nggelar pamentasan iki ana babagan kang
kudu disiapke. Apa ta sing kudu
disiapke
sakdurunge nggelar pamentasan sandiwara? Mangga, kita
sinau sesarengan!
Bab-bab sing kudu disiapke.
a. Tim Produksi
b. Tim Panggung
Mangga disiapke siji
mbaka siji.
a. Tim Produksi
Sakdurunge pamentasan sandiwara
digelar, kudu disiapake babagan-babagan
kang diperlokne. Babagan iki kudu disiapke supaya pagelaran bisa kaleksanan kanthi becik.
Bab
sing kudu ana yaiku dibentuk panitia
penyelenggara.
Panitia penyelenggara duwe tugas yaiku nyiapake sarana-sarana kang diperlokne
kanggo pagelaran kasebut. Babagan-babagan iku ing
antarane milih panggonan kanggo pentas, pendanaan, publikasi,
transportasi
lan liya-liyane kanggo ndukung lumakune
pamentasan. Kang kalebu panitia penyelenggara yaiku:
a. Penasihat (yen diperloke) :
jejibahane yaiku menehi pamrayoga amrih becike
pentas
b. Ketua panitia :
jejibahane yaiku
ngaturi lumakune kabeh gaweyan sing
kudu diemban kabeh anggota panitia lan duwe tanggung jawab kabeh
lumakune
pamentasan
c. Sekretaris :
jejibahane yaiku mbiyantu ketua panitia ing
babagan
administrasi
kegiatan pamentasan
kasebut kayata surat menyurat lan nyathet
kabeh rencana lan kegiyatan ing
saben rapat
panitia
d. Bendahara : jejibahane gegayutane karo babagan prabeya
dan
administrasine.
e. Seksi-seksi :
jejibahane langsung ana ing bidange dhewe-dhewe.
Seksi panitia kaperang dadi :
1.
Seksi
dana : bidang
pendanaan biasane
golek dana saka sumbangan donatur
lan sponsor
2.
Seksi
acara : bidang acara pertunjukan yaitu nyusun acara ing
wektu pamentasan
3.
Seksi
publikasi : bidang publikasi yaiku gawe pengumuman
lan wara-wara bab ananing pamentasan. Biasane Biasane awujud pamflet, liflet utawa publikasi lewat
radio
4.
Seksi dokumentasi
: bidang
dokumentasi yaiku
gawe potret/video
saben
prastawa sing dianggep perlu lan wigati.
5.
Seksi konsumsi : bidang konsumsi yaiku nyiapake konsumsi
sing dibutuhkan kanggo pamentasan
6.
Seksi transportasi : bidang
transportasi yaiku
nyedhiakne alat
transportasi kanggo kelancaran pamentasan
7.
Seksi keamanan
: bidang keamanan jejibahane ngamanake
kabeh
mlakune pagelaran wiwit saka persiapan
nganti
pamentasan paripurna
2. Tim Panggung
Tim panggung iki nduweni kuwajiban nyiapke apa-apa
kang dibutuhke ing panggung. Sing diarani panggung yaiku kabeh sing
ana gegayutane karo paraga pentas.
Sing
kudu dileksanakne yaiku:
a.
Nemtokake sutradara.
b.
Milih
Naskah
c.
Milih
Paraga
d. Ndapuk
tim artistik panggung
e.
Ndapuk
tim pranata busana (kostum) dan pranata rias
f.
Ndapuk
tim pranata musik
3.
PROSES UTAWA TATARAN PENTAS
Proses utawa tahapan-tahapan
sing kudu ditindhakne yaiku:
a.
Bedah naskah
Ing wektu bedah naskah iki sutradara
lan kabeh sing nyengkuyung pamentasan kudu nafsirke
utawa diskusi babagan isi naskah kasebut, sing
arupa tema, amanat, setting
(latar), penokohan,
artistik, kostum, lan musik.
b. Pengkastingan (milih paraga)
Sutradara kudu nemtokake sapa-sapa wae sing dipilih dadi paraga. Paraga kang dipilih kanthi pertimbangan paraga sing ditunjuk
bisa
merankan tokoh kanthi becik.
Gladhen/latihan
Ing
babagan gladhen iki, akeh
banget sing kudu ditindhakke yaiku:
1.
Maca naskah
2.
Ngapalke naskah
3.
Gladhen vocal (suara)
4.
Gladhen karakter mimik (raut wajah)
5.
Gladhen gesture (bahasa tubuh).
6.
Gladhen ekspresi
7.
Gladhen posisi (bloking)
8.
Gladhen sakben
babak
9.
Gladhen meranake naskah
kanthi utuh saka wiwitan nganti pungkasan.
Latihan kuwi mau dibolan-baleni, supaya kabeh paraga apal lan siap tumuju panggung,
supaya bisa pentas
kanthi becik.