Rabu, 21 September 2022

SANDIWARA LAN KETOPRAK MATERI KELAS 9 SEMESTER GASAL


 SANDIWARA LAN KETOPRAK 

Apa bocah-bocah nate krungu tembung drama? Saperangan mesthi wis tau krungu tembung kuwi. Menawa krungu tembung drama umume mesthi kelingan salah sawijine pentas kang digelar ana ing panggung. Pancen, drama kuwi asring digambarake minangka pentas ana ing panggung hiburan.

Saliyane tembung drama, awake dhewe uga kerep krungu tembung sandiwara. Sandiwara kuwi sinusun saka tembung sandi lan warah. Tembung sandi ngemu teges “rahasia/wewadi”, dene warah ngemu teges “wewarah utawa ajaran”. Menawa digabungake tembung sandiwara ngemu teges wewarah kang diajarake kanti cara sesidheman. La ngapa ka iso kaya mengkono? Awit lakon ana ing sajroning drama digunakake kanggo menehi piwulang-piwulang kanggo bebrayan. Kang nyiptake istilah sandhiwara kasebut yaiku KGP Mangkunegara VII saka Surakarta  kanggo ngganti istilah “toneel” kang saka bahasa walanda lan dinggo bebrayan sadurunge.

Drama kuwi jinise ana loro, drama moderen lan drama tradisional. Drama tradisional wujude uga macem-macem, tuladha ketoprak, ludruk, jathilan lan liya-liyane. Drama minangka genre sastra kang blegere wujud pacelathon utawa tuturan antarane paraga-paraga kang ana ing sajroning crita.

Ketoprak iku jenise teater rakyat, mula kuwi biyen ketoprak isih nganggo lesung kanggo iringane. Lakon kang digawakne uga crita-crita sederhana kang ana ing padinan. Panggon pentase iku ing latar ngarep omahe petani. Bisa uga ing sawah nalika wis bar musim panen.

Ing  jaman  semana,  ketoprak  ora  nganggo  naskah.  Pentase  nganggo metode improvisasi yaiku apa anane. Saengga, pertunjukan ketoprak iku manut marang paragane. Apik eleke pentas ketoprak iku gumantung paraga kang nggawakake crita kasebut.

1.   STRUKUR NASKAH DRAMA (SANDIWARA) LAN KETOPRAK

Sandiwara lan ketoprak kasusun kanthi struktur sing padha. Ana ing perangan  iki,  bakal  dijlentrehake  unsur-unsur  kang  ana  ing  sandiwara  lan ketoprak kanti ancas supaya bisa mangerteni bab drama kanti purna.

1. Plot utawa Rangka Carita / Alur

Plot utawa ngengrenganing carita utawa alur yaiku lumakune carita ana ing sajroning carita wiwit awal tumekane pungkasan, lan uga gambarane perkara  antawis  rong  paraga  kang  beda.  Anane  prakara  kadadeyan  saka anane watak saka paraga kang beda. Prakara ing carita digambarake saya gedhe  tekan  pungkasan  kang  diarani  titik  klimaks.  Bubar  saka  klimaks terusing crita umume tumuju ing wusananing crita.

Gustaf  Freytag  ana  ing  bukune  Herman  J.  Waluyo  (2002)  aweh katrangan umume jalinan prakara ana ing plot awujud bab-bab ing ngisor iki.

a.      Exposition / panjlentrehan carita ing awal, yaiku para panyimak drama ditepangake marang para paraga kang ana ing carita lan uga kepiye watake para paraga kasebut.

b.     Komplikasi utawa wiwitan jumedhule prakara.

c.      Klimaks utawa puncaking prakara

d.     Resolusi utawa pungkasaning prakara

e.      Denoument utawa dudutaning carita

Wondene plot ana ing drama kaperang dadi telu, yaiku :

a.      Sikuler, yaiku carita kang isine amung sak prakara b.    Linier, yaiku carita runtut saka A-Z

b.     Episodik, yaiku jalinan carita kang kaperang banjur disambung ana ing pungkasaning carita.

2.    Paraga lan Watak

Paraga tansah duwe sambung raket karo apa kang diarani watak. Susunan paraga yaiku dhaftar para paraga kang ana ing sajroning carita. Ana ing susunan kuwi kaping pisan kudu dijlentrehake babagan jeneng, umur, lanang utawa wadon, titikane awak, kalungguhan, lan uga kahanan batine.

Para paraga ana ing drama bisa kaperang dadi pirang-pirang perangan, kayata :

a.   Miturut kiprahe tumrap lumakune carita.

a)     Paraga protagonis, yaiku paraga kang nyengkuyung lumakune carita. Umume ana siji utawa rong paraga protagonis, lan direwangi  dening  paraga-paraga liya  kang uga  nyengkuyung lumakune carita.

b)     Paraga  antagonis,   yaiku  paraga  kang  ora  saiyeg  marang lumakune carita. Umume ana sak paraga lan paraga liya kang watake lan kiprahe beda karo lumakune carita.

c)     Paraga   tritagonis,   yaiku   paraga   kanggo   aweh   pitulungan marang paraga protagonis utawa antagonis.

b.   Miturut kiprah lang fungsine ana ing lakon.

a)     Paraga sentral, yaiku paraga kang dadi punjering carita.

b)     Paraga utama, yaiku paraga kang nentang paraga sentral ana ing carita.

c)     Paraga pambantu, yaiku para paraga kang dadi geganep utawa peran sampingan ana ing carita.

Para paraga kang dijlentrehake kuwi kudu duwe watak. Watak bisa digambarake   ana   ing   telung   dimensi   (watak   dimensional).   Anggone nuduhake  watak  para  paraga  linandhesan  saka  kahanan  awak,  batin,  lan sosial (fisiologis, psikologis, lan sosiologis).

a.   Kahanan fisik

Sing  kalebu  kahanan  fisik  paraga  yaiku:  umur,  lanang  utawa wadon, titikane awak, ciri ing awak, titikan mligi sing menjila, suku bangsa, praenan, kasenengan, dhuwur/cendhek, kuru/lemu, lan sapanunggalane.

b.   Kahanan psikis

Kahanan psikis paraga awujud: watak, kasenengan, mentalitas, standar moral, temperamen, ambisi, kompleks psikologis sing ditemahi, kahanan emosine, lan sapanunggalane.

c.   Kahanan sosiologis

Kahanan  sosiologis  paraga  awujud  kalungguhan/jabatan, pagawean, klas sosial, ras, agama, ideologi, lan sapanunggalane.

3.    Dialog  (Pacelathon)

Titikan mligi sawijine  drama  yaiku naskahe awujud dialog utawa pacelathon. Nalika ngripta pacelathon iki, pangripta kudu nggatekake kanthi premati pacelathone para paraga sajrone urip padinan. Pacelathon sing ditulis dening pangripta naskah drama yaiku pacelathon sing bakale diucapake lan kudu patut diucapake ana sajrone pentas ing ndhuwur panggung. Gambaran pentas ing ndhuwur panggung mujudake mimetik (rerekan) saha kahanan urip padinan, mula dialog kang ditulis uga dadi kaca benggala pacelathon ing padatan.

Pacelathon kudu duwe sipat estetis, tegese nduwe kaendahan basa. Kadhang kala uga diajab supaya nduweni sipat filosofis lan bisa merbawani kaendahan. Pacelathon uga kudu urip, tegese bisa dadi sesulih paraga kang diemban.

4. Setting/Landhesan/Panggon Prastawa

Setting atau panggon prastawa sajrone crita asring uga diarani latar crita. Babagan iki kudu ditemtokake kanthi premati amarga drama naskah uga kudu menehi kalodhangan kanggo dipentasake. Setting biasane dumadi saka telung dimensi, yaiku panggon, ruwang, lan wektu.

Setting  panggon  nduwe  gegayutan  karo panggon  ing  ngendi  prastawa kasebut   kadadeyan. Umpamane ing Pulo Jawa, ing Kutha Yogyakarta, ing Surabaya lan sapanunggalane.

Setting   ruwang   awujud   prastawa   nalika   pentas   kasebut   dumadi. Umpamane ing emper, ing dalan gedhe, ing ruwang tamu, ing warung, lan sapanunggalane.

Setting wektu gayut karo kapan prastawa sajrone pentas kasebut dumadi. Umpamane wae ing wayah esuk, awan, wengi, lan sapanunggalane. Wektu uga gegayutan karo dimensi kang luwih amba, umpamane dina, sasi, taun, lan sapanunggalane.

5.    Tema/Nada Dasar Crita

Tema mujudake gagasan pokok sing kakandhut sajrone drama. Tema nduwe gegayutan karo premis saka drama kasebut lan nduwe gegayutan uga karo nada dasar  saka sawijine drama  lan  sudut  pandang  sing diandharake  dening pangriptane.

6.    Amanat/Kekarepan Pengarang

Amanat yaiku kekarepan kang bakal diandharake dening pengarang lumantar naskah utawa lumantar pamentasane.

Teka utawa orane amanat utawa kekarepan sing bakal diandharake diprebawani dening maneka babagan, yaiku:

a.   Naskah kasebut ngandharake kanthi cetha apa amanate.

b.   Sajrone pentas, paraga bisa ngandharake amanat marang pamirsa kanthi cetha wela-wela.

c.   Pamirsa bisa nangkep amanat utawa kekarepan sing diandharake ana ing

pagelaran kanthi becik.

7.    Petunjuk Teknis

Sajrone naskah sandiwara lan ketoprak dibutuhake uga petunjuk teknis, kang uga asring diarani teks samping. Teks samping iki menehi petunjuk teknis ngenani tokoh, wektu, swasana pentas, swara, iringan, metu mlebune aktor utawa aktris, lan sapanunggalane. Teks samping iki biasane ditulis nganggo tulisan kang beda saka dialog (umpamane kanthi aksara miring utawa aksara murda kabeh). Petunjuk teknis sing pepak bakal nggampangake sutradara sajrone penafsiran naskah.

2.   STRUKTUR SANDIWARA LAN KETOPRAK NALIKA DIPENTASAKE

Sandiwara lan ketoprak kuwi uga nduweni struktur sing pada nalika dipentasake ing panggung. Unsur-unsur sandiwara lan ketoprak nalika dipentaske yaiku:

1.     sutradara

2.     paraga

3.     tata rakiting (penata) panggung

4.     tata rakiting (penata) lampu

5.     ngudi (penata) busana

6.     tata rakiting (penata)  rias

7.     tata rakiting (penata)  musik

Supaya luwih gamblang, ing ngisor iki bakal diandharake ngenani jejibahan lan fungsi saka saben unsur.

1.   Sutradara

Sutradara yaiku wong kang mandhegani pamentasan drama. Minangka pemimpin kang tanggung jawab marang suksese pamentasan drama, sutradara kudu gawe perencanaan pamentasan lan nglakoni pamentasan kasebut.

Gambar 1. Sutradara lagi mimpin gladhen (gambar diambil dari google)

Sutradara duweni tugas kang akeh lan duweni tanggung jawab kang abot. Sutradara kudu bisa milih naskah, nemtokake penafsiran naskah, milih paraga, nggladhi  paraga,  gotong  royong  karo  kabeh  elemen  pamentasan  lan  bisa ngrangkul kabeh bageyan.

Jejibahane sutradara ing antarane, yaiku:

a.    Bisa milih naskah kang apik

b.   Bisa mangerteni warak para paraga crita

c.    Bisa nemtokake paraga kanthi leres lan trep d) Bisa nglatih para paraga

d.   Bisa tembayat karo kabeh panyengkuyung pamentasan

e.     Bisa makarya karo kabeh panyengkuyung pamentasan

 

2.   Paraga

Aktor (paraga putra) utawa aktris (paraga putri) yaiku pawongan kang kadhapuk dadi tokoh sing katulis sajroning naskah. Supaya bisamaragakake kanthi becik paraga kudu dipilih kanthi pener lan trep. Paragane kuwi ora kudu bagus utawa ayu, ananging sing wigati paraga kuwi bisa maragakake kanthi becik.

 

3.   Tata Rakiting Panggung

Panggung yaiku papan panggonan pentas utawa arena kanggo pentas drama. Biasane panggone luwih dhuwur saka kursi penonton. Uga ana panggonan pentas sing luwih ngisor utawa sejajar karo penonton, ananging penggonane penonton ditata kaya mangkono saengga bisa ningali lakone pentas kanthi apik lan ora keganggu anggone nonton.

Tata panggung butuhake komposisi kang trep.  Komposisi kang trep bisa gawe kaendahan. Amarga penting banget penataan panggung kuwi, mula biasane pawongan  kang  dadi  tukang tata  panggung  duweni  jiwa  seni  saha  bisa  nata komposisi kanthi prasaja.

Gambar 2:  Pranata Panggung (gambar diambil dari google)

4.   Tata Rakiting Lampu

Pranata lampu yaiku pawongan kang duweni tugas nata lampu ana ing dhuwur panggung. Amarga kuwi nata lampu duweni peranan penting karo tata panggung. Tuladhane panggung kang nggambarake kahanan ing tengah alas, mila pawongan kang nata lampu kudu bisa nata sorote lampu saengga panggung kuwi wis kaya dadi alas tenanan.

Tatanan lampu biasane nggunakake piranti kang diarani spot light, yaiku kaya kotak kang duweni lensa kang isine lampu atusan watt. Yen diurupake lampune nyorot padhang banget menyang sak panggonan. Lensane bisa diatur padhang orane jumbuh karo keperluan. Biasane wernaning lampu bakal ditrepake karo kahanan kang dikarepake.

Gambar 3:  Tataning lampu ing Panggung (gambar diambil dari google)

 

5.   Ngadi Busana

Pranata busana yaiku wong kang duwe jejibahan ngatur lan nemtokake busana para paraga. Tata busana kudu jumbuh karo karakter paraga. Karakter lan watak paraga bisa katon saka tata busanane. Tuladhane, salah sawijining paraga kadhapuk  minangka  dhokter.  Pranata  busana  kudu  bisa  gawe  busana/kostum paraga mau supaya katon minangka dadi paraga dhokter.

Gambar 4:  Saperangan jenis kostu/ageman  (gambar diambil dari google)

 

6.   Tata Rakiting Rias

Pranata  rias  utawa  perias  duwe  jejibahan  ngrias  utawa  maesi  paraga supaya jumbuh karo watak/karakter sing arep diparagakake. Apa sebabe paraga kudu dirias? Paraga kudu dirias supaya watak/karakter paraga bisa pas lan praupane paraga ora katon pucet nalika disorot lampu saka dhuwur panggung. Tuladhane  ing  pentas  sekolah  menengah,  paraga  mesthi  isih  enom.  Supaya paraga mau bisa katon tuwa kudu dirias, amarga dheweke meranake paraga wong tuwa.

Prakara  rias  mau  dadi  tugase  pranata  rias.  Pranata  rias  bisa  ngecat rambute para paraga supaya katon putih kaya uwanen. Pranata rias uga bisa gawe praupane paraga dadi katon luwih tuwa kanthi cara diwenehi kerutan-kerutan ing pasuryane. Jinising alat sing dinggo ngrias akeh banget, tuladhane; wedhak, lipstik, bubuk saka areng, pensil alis, rambut palsu, cat rambut, lem, brengos palsu las sapanunggalane.

 

7.   Tata Rakiting Musik

Pranata musik duwe jejibahan gawe musik pangiring supaya gawe regenging  swasana  ing  pamentasan.  Musik  utawa  gendhing  uga  kudu  bisa mancing lan ngetokake emosine paraga, tuladhane paraga sing lagi meranake suasana susah bisa dadi tambah susahe nalika diiringi dening musik utawa gendhing sing nrenyuhake, tuladhane alat musik sing bisa gawe suasana susah yaiku suling utawa biola. Paraga bisa nangis amarga krungu suara-suara musik mau. Musik utawa gendhing mau wigati banget kanggone para paraga, mula kudu ana komunikasi kang becik antarane paraga karo pranata musik supaya paraga bisa ngetokake emosi sing dikarepake.

 

3.   APRESIASI SANDIWARA LAN KETOPRAK

Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia, apresiasi kuwi nduwe teges kesadaran terhadap nilai seni dan budaya; penilaian (penghargaan terhadap) sesuatu. Saka  teges  kasebut  ana  ing  materi  iki  panjenengan  diajak ngapresiasi sastra, mligine sandiwara lan ketoprak. Wujude apresiasi iki mengka ana loro kegiatan. Sing kapisan ngapresiasi naskah sandiwara utawa ketoprak, lan sing kapindho yaiku ngapresiasi pamentasan sandiwara utawa ketoprak.

1.   APRESIASI NASKAH SANDIWARA UTAWA KETOPRAK

Apresiasi tumrap naskah sandiwara utawa ketoprak yaiku ngandharake apa-apa wae sing dadi perangan utawa unsur-unsur naskah sandiwara utawa ketoprak mau. Unsur-unsur naskah sandiwara utawa ketoprak ing antarane yaiku:

a.    Plot utawa cengkorongan crita. Plot yaiku urutan dalaning crita utawa cengkorongan crita wiwitan nganti pungkasan sing ngemot prekara antarane paraga cacah loro sing ora padha kekarepane. Jinise alur ing sandiwara utawa ketoprak yaiku ana alur maju, alur mundur lan alur campuran.

b.   Penokohan utawa perwatakan. Perwatakan yaiku watak utawa karakter sing di nduweni dening para paraga ing sajroning sandiwara utawa ketoprak. Ana telu klasifikasi paraga yaiku: 1) paraga protagonis yaiku paraga sing nyengkuyung crita; 2) paraga antagonis yaiku paraga sing cengkah karo crita; lan 3) paraga tritagonis yaiku paraga pembantu.

c.    Wawan   Gunem   (dialog/pacelathon).   Wawan   gunem   utawa   dialog   utawa pacelathon  yaiku tembung-tembung utawa ukara-ukara sing diucapake dening para paraga.

d.   Setting  (latar).  Setting  uga  diarani  latar  crita,  yaiku  panggonan,  ruwang  lan wektu. Uga ana sing mantha latar dadi panggonan, wektu lan kahanan nalika kedadean ing sandiwara utawa ketoprak iku.

e.    Underan (tema). Underan yaiku gagasan pokok ing ana ing sajroning crita.

f.    Amanat yaiku pesen sing ana ing sajroning naskah kasebut.

g.   Petunjuk teknis. Petunjuk teknis bisa disebut kanthi istilah teks samping, yaiku teks sing ana ing naskah fungsine kanggo menehi petunjuk teknis ngenani paraga, wektu,  suasana pentas,  suwara,  musik,  mlebu  metune paraga,  seru lan  orane dialog, warna suwara lan sakpiturute. Teks samping padatan katulis kanthi aksara sing dimiringake utawa kacitak kandel.

 

2.   APRESIASI SANDIWARA UTAWA KETOPRAK

Apa para siswa wis nate nonton pentas sandiwara utawa ketoprak ana ing panggung? Perangan-perangan kang ana ing sandiwara utawa ketoprak beda karo perangan-perangan kang ana ing naskah drama. Perangan-perangan  kang  ana  ing  sandiwara  utawa  ketoprak  yaiku:  sutradara, paraga, pranata panggung, pranata lampu, pranata rias, pranata busana lan pranata musik. 

 

 

 

4.   NYAMEKTAKAKE  PAMENTASAN  SANDIWARA  UTAWA  KETOPRAK KANTHI MBENTUK TIM PRODUKSI LAN TIM PANGGUNG

Ana ing bab sing pungkasan iki, materi kang disinau yaiku nggelar pamentasan tradisional. Kanggo nggelar pamentasan iki ana babagan kang kudu disiapke. Apa ta sing kudu   disiapke   sakdurunge   nggelar   pamentasan   sandiwara?   Mangga,   kita   sinau sesarengan!

Bab-bab sing kudu disiapke.

a.    Tim Produksi

b.   Tim Panggung

Mangga disiapke siji mbaka siji.

a. Tim Produksi

Sakdurunge  pamentasan  sandiwara  digelar,  kudu  disiapake  babagan-babagan kang diperlokne. Babagan iki kudu disiapke supaya pagelaran bisa kaleksanan kanthi becik. Bab sing kudu ana yaiku dibentuk panitia penyelenggara.

Panitia penyelenggara duwe tugas yaiku nyiapake sarana-sarana kang diperlokne kanggo pagelaran kasebut. Babagan-babagan iku ing antarane milih panggonan kanggo pentas,  pendanaan,  publikasi,  transportasi  lan liya-liyane kanggo  ndukung lumakune pamentasan. Kang kalebu panitia penyelenggara yaiku:

a.   Penasihat (yen diperloke)            :  jejibahane yaiku menehi pamrayoga amrih becike pentas

b.  Ketua panitia                                :  jejibahane  yaiku  ngaturi  lumakune  kabeh gaweyan sing kudu diemban kabeh anggota panitia lan duwe tanggung jawab kabeh lumakune pamentasan

c.   Sekretaris                                  :  jejibahane yaiku mbiyantu ketua panitia ing babagan administrasi kegiatan pamentasan kasebut kayata surat menyurat lan nyathet kabeh rencana lan kegiyatan ing saben rapat panitia

d.  Bendahara                                :  jejibahane     gegayutane     karo     babagan prabeya dan administrasine.

e.   Seksi-seksi                                 :  jejibahane langsung ana ing bidange dhewe-dhewe.

Seksi panitia kaperang dadi :

1.     Seksi dana                   :  bidang   pendanaan   biasane   golek   dana   saka sumbangan donatur lan sponsor

2.     Seksi acara                  :  bidang  acara pertunjukan yaitu nyusun acara ing wektu pamentasan

3.     Seksi publikasi           : bidang  publikasi  yaiku  gawe  pengumuman  lan wara-wara   bab   ananing   pamentasan.   Biasane Biasane awujud   pamflet,   liflet   utawa   publikasi   lewat radio

4.     Seksi dokumentasi     :  bidang   dokumentasi   yaiku   gawe   potret/video saben prastawa sing dianggep perlu lan wigati.

5.     Seksi konsumsi          :  bidang konsumsi yaiku nyiapake konsumsi sing dibutuhkan kanggo pamentasan

6.     Seksi transportasi     :  bidang    transportasi    yaiku    nyedhiakne    alat transportasi kanggo kelancaran pamentasan

7.     Seksi keamanan        :  bidang  keamanan  jejibahane  ngamanake  kabeh mlakune pagelaran  wiwit  saka persiapan  nganti pamentasan paripurna

 

 

2.    Tim Panggung

Tim  panggung  iki  nduweni  kuwajiban  nyiapke  apa-apa  kang  dibutuhke  ing panggung. Sing diarani panggung yaiku kabeh sing ana gegayutane karo paraga pentas. Sing kudu dileksanakne yaiku:

a.        Nemtokake sutradara.

b.       Milih Naskah

c.        Milih Paraga

d.       Ndapuk tim artistik panggung

e.        Ndapuk tim pranata busana (kostum) dan pranata rias

f.        Ndapuk tim pranata musik

 

3.   PROSES UTAWA TATARAN PENTAS

Proses utawa tahapan-tahapan sing kudu ditindhakne yaiku:

a.   Bedah naskah

Ing wektu bedah naskah iki sutradara lan kabeh sing nyengkuyung pamentasan kudu nafsirke utawa diskusi babagan isi naskah kasebut, sing arupa tema, amanat, setting (latar), penokohan, artistik, kostum, lan musik.

 

b.   Pengkastingan (milih paraga)

Sutradara kudu nemtokake sapa-sapa wae sing dipilih dadi paraga. Paraga kang dipilih kanthi pertimbangan paraga sing ditunjuk bisa merankan tokoh kanthi becik.

Gladhen/latihan

Ing babagan gladhen iki, akeh banget sing kudu ditindhakke yaiku:

1. Maca naskah

2. Ngapalke naskah

3. Gladhen vocal (suara)

4. Gladhen karakter mimik (raut wajah)

5. Gladhen gesture (bahasa tubuh).

6. Gladhen ekspresi

7. Gladhen posisi (bloking)

8. Gladhen sakben babak

9. Gladhen meranake naskah kanthi utuh saka wiwitan nganti pungkasan.

Latihan kuwi mau dibolan-baleni, supaya kabeh paraga apal lan siap tumuju panggung, supaya bisa pentas kanthi becik.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA   Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Te...