Tradisi Sadranan
Tradisi
Sadranan utawa nyadran minangka salah sawijining tradisi kang ora bisa uwal ana
ing Dusun Sorobayan, Desa Banyuurip, Kecamatan Tegalrejo, Kabupaten Magelang.
Tradisi nyadran iki kalaksanan ing awal sasi Rejeb, utawa sewulan sadurunge
sasi poso. Tradisi kang wis turun tumurun iki duwe ancas kanggo ngurmati para
leluhur ing desa kana kang wis padha berjuang lan minangka wujud syukur marang
Gusti akarya jagad. Padatane masyarakat pada kumpul ana ing ngarep masjid gede.
Ora ana kang keri saka wong gede, cilik, enom tuwa kabeh pada mara ana ing
ngarep masjid. Para warga pada lungguh jejer ana ing sadawaning dalan ing dusun
nganthi gelar klasa lan godhong gedang. Kang melu ana ing adicara kasebut ora
mung mligi warga dusun Sorobayan, ananing uga ana tangga dusun liyane kayata,
Ngepos, Gondanglegi dan Canguk. Masyarakat duwe kapitayan menawa nyadran
minangka salah sawijining dakwah walisongo tanpa ninggal kabudayan asli kang
ana ing tanah Jawa. Nyadran uga salah sijining pakurmatan tuimrap lelabuhaning
leluhur kang wis mbangun desa.
Adicara
diwiwiti kanthi ndonga bebarengan (tahlil) kang dipandhegani dening sesepuh
desa. Sawise donga masyarakat pada gendurenan utawa mangan bebarengan ing
sadawaning dalan. Saben sakulawarga gawa panganan dhewe-dhewe. Padhatan arupa
panganan khas tradisional kayata, ingkung , jangan buncis, sambel goreng
kentang, rempah, mie goreng, bergedel, peyek lsp.
Genduren
minangka salah sijining reroncening adicara kang paling diantu-antu. Awit ana
ing genduren iki rasa kekerabatan ana ing warga bisa tuwuh tanpa ana wong
mlarat lan wong sugih kabeh padha. Masyarakat kumpul dadi siji sinaoasa mung
mangan lemek godhong gedang. Masyarakat uga pada ijol-ijolan panganan kang di
gawa. Ora mung kuwi sing paling narik kawigaten nyadran uga kanggo salah
sawijining cara kanggo silaturahmi awit sanak sedulur kang ana perantauan pada
bali.
Bisa
kawastanan menawa nyadran kuwi simbol kerukunan ing antara warga masyarakat lan
wujud syukur marang gusti akarya jagad awit wis kaparingan rizki lan
kantrenteman urip. Kepala dusun duweni pangarep-arep menawa tradisi nyadran iki
bisa diuri-uri supaya kerukunan warga bisa tetep rumaket.