Senin, 02 Oktober 2023

TEKS DESKRIPSI PERISTIWA BUDAYA

Tradisi Sadranan

Tradisi Sadranan utawa nyadran minangka salah sawijining tradisi kang ora bisa uwal ana ing Dusun Sorobayan, Desa Banyuurip, Kecamatan Tegalrejo, Kabupaten Magelang. Tradisi nyadran iki kalaksanan ing awal sasi Rejeb, utawa sewulan sadurunge sasi poso. Tradisi kang wis turun tumurun iki duwe ancas kanggo ngurmati para leluhur ing desa kana kang wis padha berjuang lan minangka wujud syukur marang Gusti akarya jagad. Padatane masyarakat pada kumpul ana ing ngarep masjid gede. Ora ana kang keri saka wong gede, cilik, enom tuwa kabeh pada mara ana ing ngarep masjid. Para warga pada lungguh jejer ana ing sadawaning dalan ing dusun nganthi gelar klasa lan godhong gedang. Kang melu ana ing adicara kasebut ora mung mligi warga dusun Sorobayan, ananing uga ana tangga dusun liyane kayata, Ngepos, Gondanglegi dan Canguk. Masyarakat duwe kapitayan menawa nyadran minangka salah sawijining dakwah walisongo tanpa ninggal kabudayan asli kang ana ing tanah Jawa. Nyadran uga salah sijining pakurmatan tuimrap lelabuhaning leluhur kang wis mbangun desa.

Adicara diwiwiti kanthi ndonga bebarengan (tahlil) kang dipandhegani dening sesepuh desa. Sawise donga masyarakat pada gendurenan utawa mangan bebarengan ing sadawaning dalan. Saben sakulawarga gawa panganan dhewe-dhewe. Padhatan arupa panganan khas tradisional kayata, ingkung , jangan buncis, sambel goreng kentang, rempah, mie goreng, bergedel, peyek lsp.

Genduren minangka salah sijining reroncening adicara kang paling diantu-antu. Awit ana ing genduren iki rasa kekerabatan ana ing warga bisa tuwuh tanpa ana wong mlarat lan wong sugih kabeh padha. Masyarakat kumpul dadi siji sinaoasa mung mangan lemek godhong gedang. Masyarakat uga pada ijol-ijolan panganan kang di gawa. Ora mung kuwi sing paling narik kawigaten nyadran uga kanggo salah sawijining cara kanggo silaturahmi awit sanak sedulur kang ana perantauan pada bali.

Bisa kawastanan menawa nyadran kuwi simbol kerukunan ing antara warga masyarakat lan wujud syukur marang gusti akarya jagad awit wis kaparingan rizki lan kantrenteman urip. Kepala dusun duweni pangarep-arep menawa tradisi nyadran iki bisa diuri-uri supaya kerukunan warga bisa tetep rumaket.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA   Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Te...