Selasa, 05 Januari 2021

Teks Deskriptif Peristiwa Budaya-Tradisi Brokohan- Bahasa Jawa



TRADISI BROKOHAN

Salah sawijining upacara adat kanggo mangayubagyo lahire si jabang bayi yaiku brokohan. Brokohan   asale saka tembung manca yaiku tembung "barokah" kang duweni werdi utawa teges nyadong berkah. Saengga tradisi brokohan yaiku tradisi Jawa kang diadani nalika salah sawijining Ibu lahiran jabang bayi. Brokohan minangka wujud syukur lan bungah awit lahire anak kanthi slamet nir ing sambekala. Dene ancas kang wigati saka brokohan yaiku dedonga marang gusti muga-muga anak kang dilahirake tansah diparingi keslametan lan besuk bisa dadi anak yang duweni budi pekerti luhur. Ing sajrone tradisi brokohan, di cepakake sega pamongan umume kaya wong kang arep gendurenan. 
Menawa tatacarane upacara brokohan yaiku diwiwiti kanthi mendhem ari-ari (plasenta) si jabang bayi, banjur diteruske ngepung pamongan brokohan utawa di bagekake marang tangga teparo lan sanak sedulur. Dene uba rampe kanggo upacara yaiku: 
1. Sega ambengan kang ana jangan, lawuh, peyek, sambel goreng, tempe, mihun, jangan menir lan pecel pitik. 
2. Menawa bayine lanang nganggo pitik wedok kang durung kawin. Menawa bayine wadon nganggo pitik jago kang durung kawin.
3. Nyepakake Jenang baro-baro, kembang raken, jenang putih, lan jenang abang putih.
4. Endog pitik mentah, gula jawa setangkep, klapa setengah buah, dawet lan kembang werna telu yaiku mawar, melati, lan kanthil. 
Ana pantangan menawa ngadani upacara brokohan yaiku ora diparengake nyepakake sambel, jangan kang disanteni, endog iwak lan endog asin. Masyarakat jaman mbiyen ngugemi menawa tradisi upacara brokohan bakal duweni pangaribawa kanggo masa depan si jabang bayi. Nanging kabeh mau bali ing pribadi ne dewe-dewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA   Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Te...