Rabu, 21 September 2022

SANDIWARA / DRAMA MATERI KELAS 9 SEMESTER GASAL

SANDIWARA / DRAMA

MATERI KELAS 9 SEMESTER GASAL

 

Sandiwara (drama) sawijining karya sastra kang wujude pecelathon (dialog) lan gerak. Tembung sandiwara kuwi asale saka tembung sandi lan warah. Sandi kuwi tegese sinamun, samar utawa ora langsung (rahasia), dene warah tegese piwulang utawa pitutur. Dadi sandiwara tegese piwulang sing nganggo cara ora langsung utawa ora terang-terangan merga nganggo crita sing wujude pacelathon.

Sandiwara utawa tonil kuwi wujude pacelathon utawa omong-omongan antara wong siji lan sijine. Ning anggone ngomong ora sakarepe dhewe, kudu manut naskah sing wis digawe ana ing skenario. Ing crita sajrone pacelathon kuwi ngandhut piwulang utawa pitutur kanggo sing nonton lan sing ngrungokake.

Seni pagelaran sandiwara kawiwitan nalika jaman perjuangan Pangeran Sambernyawa nglawan penjajah bangsa Walanda. Nalika semana, kanggo aweh kabar/warta marang masyarakat ngenani pangajak nglawan penjajah bangsa Walanda dibabar lumantar sawijining pagelaran/tontonan. Pangeran Sambernyawa karo prajurit lan pendhereke nganakake sawijine tontonan/pagelaran. Ing tontonan kuwi kabar bab perjuangan diwartakaken kanthi cara sandi utawa kode. Merga saka kuwi tontonan kuwi dijenengi sandiwara.

Jinis Sandiwara

1. Komedi

Komedi minangka salah sawijining sandiwara kang marai ngguyu/lucu kan bisa ngandut panyaruwe (kritik) marang kelompok tartamtu.

2. Opera

Sandiwara kang luwih ngutamake musik lan tembang tinimbang paraga lan isi cerita.

3. Tragedi

Sandiwara kang alur ceritane gawe sedih saka wiwitan nganti pungkasan cerita.

4. Sendratari

Pertunjukan tari tanpa pacelathon dikantheni musik.

Sandiwara  kaya dene karya sastra liyane, duweni perangan-perangan kang mapan ing sajroning karya. Perangan-perangan sandiwara  kuwi kabangun saka unsur-unsur intrinsik kayata : tema, watak, setting, plot, lan amanat.

a. Tema yaiku underaning rembug. Tema kuwi dhasaring crita ing sandiwara mula diarani ide  sentral.

b. Paraga (tokoh) kuwi sapa bae sing dicritakake ing sandiwara kasebut. Ing paraga  kuwi  ana   paraga protagonis lan paraga antagonis

c. Watak yaiku kuwalitas tokoh, kuwalitas nalar lan jiwane sing mbedakna karo       paraga liyane.  Yen nggoleti utawa nyandhaki tokoh lan watake pamriksa kudu nggatekna sandiwara kuwi wiwit     ngarep nganti rampung.

d. Setting utawa latar yaiku kapan, ana ngendi lan kahanan kepriwe crita mau kadadean. Wektu iku ana sesambungane karo wayah (udan, ketiga, banjir, lsp),  wanci (esuk,  awan, sore, bengi, lsp) lan wektu (Saumur jagung, sagebyaring kilat, jam 7, lsp). Papan iku ana sesambungane karo enggon (alas, pasar, kantor,sekolahan, lsp), sisih  (wetan, kulon, kidul, lor, lsp), lan papan (jero, cethek, rata, lsp). Kahanan iku ana  sesambungane karo padhang, peteng, rame, sepi, lan sapanunggalanipun.

e. Plot utawa alur nerangake lakuning crita, ana alur maju lan alur mundur.


Ing ngisor iki tetembungan (istilah) sing ana gandhenge karo sandiwara, yaiku:

a.      Babak yaiku perangan saka lakon sandiwara. Neng pementasan sandiwara kadhang-kadhang  selakon sandiwara bisa kedadeyan saka sebabak utawa luwih.

b.      Adegan yaiku perangan babak sing nggambarake sawijine swasana saka pirang-pirang swasana ing babak.

c.      Dialog yaiku pacelathon sing ditindakake para paraga ing sajroning  sandiwara. 

d.      Skenario  yaiku cengkorongan urut-urutane crita baku sing bakal diparagakna dening para paraga.

e.      Prolog  yaiku ukara kanggo mbukani sawijine lakon sandiwara. Prolog kuwi penting banget merga   duwe tugas aweh pangerten maring pamirsa bab lakon sandiwara sing arep dipentasna.

f.       Epilog kuwi kosokbaline prolog, ukara kanggo nutup pungkasane pementasan sandiwara.

g.      Irama utawa musik, Irama kuwi penting banget ana ing sandiwara merga bisa aweh gambaran swasana wektu  sandiwara kuwi dipentasake.

 

5 komentar:

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA   Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Te...