Minggu, 02 Oktober 2022

Materi Pawarta Bahasa Jawa


BAHAN AJAR 

PAWARTA

 1. Pangertene pawarta

Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, dilumantarke wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng. Pamanggih liya ngandharake bilih pawarta yaiku cathetan kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing media cetak, utawa laporan ing media elektronik. Kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake iku awujud kadadeyan saben wektu sing ana ing ndonya iki, umpamane: lindhu (gempa bumi), perang, rudapeksa (pemerkosaan), banjir, lan liya-liyane.


2. Wujud Pawarta  

a. Lesan, kang biyasane kababar lumantar medhia elektronik.

Tuladhane: TV, Radio, lan sapanunggalane.

b. Tulisan, kang biyasane kababar lumantar medhia cethak.

Tuladhane: Ariwarti (Koran), Kalawarti (Majalah), lan sapanunggala



3. Titikane Pawarta 

a. Tinemu ing akal (penalaran logis).

b. Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H.

c. Struktur basa trep.

d. Diksi trep ora ambigu.

e. Narik kawigaten.

f. Basa kang nengsemake.


4. Perangan Pawarta

a. Sesirah

Sesirah yaiku perangan pawarta kang dhisik dhewe, biasane mung ditulis nganggo tembung-tembung supaya nuwuhake minat supaya wong gelem maca isi pawartane.

b. Angle/Ringkesan

Angle yaiku ukara kang nggambarake ringkesane isi pawarta, biasane ditulis kandel ing sangisore sesirah.

c. Isi Pawarta

Isi pawarta yaiku ukara-ukara kang njlentrehake pratawa ngenani apa, ana ngendi lan kapan kadadeyan iku dumadi.

d. Gambar

Gambar yaiku perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kadadeyan prastawa kanthi kasat mata. Ing media cetak awujud foto, lan ing media elektronik awujud video.

e. Sumber

Sumber yaiku mujudake pawongan kang menehi katerangan utawa komentar marang dumadine prastawa iku. Sumber bisa mujudake seksi tumrap kadadeyan, utawa pihak kang nduweni kewajiban kanggo nuntasake kadadeyan iku.


5. Unsur-unsur pawarta

Unsur-unsur kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W + 1H ,yaiku:

1. What (Apa), yaiku njlentrehake babagan apa kang ana ing pawarta.

2. Who (Sapa), yaiku njlentrehake babagan sapa utawa paraga kang ana ing pawarta mau. Unsur sapa iki biyasane dijlentrehake kanthi jangkep, kaya ta babagan ciri-cirine, titel, umum, lan sapanunggalane.

3. When (Kapan), yaiku unsur kang njlentrehake kapan prastawa ing pawarta iku dumadi utawa wektu kedadean prastawa. Unsur iki bisa menehi nreti babagan wayah, jam, lan kahanan. Tuladha: mau isuk, wingi sore, lan sapanunggalane.

4. Where (Ana Ngendi), yaiku njlentrehake babagan panggonan kedadean prastawa ing pawarta iku.

5. Why (Kena Apa), yaiku nudhuhake sebab musabab kena apa prastawa iku bisa kedadean. Lumrahe bisa ditiliki saka tembung “asale, sababe, mulane”.

6. How (Kepiye), yaiku njlentrehake babagan kepiye prastawa iku kedadean. Bisa uga nuduhake kepiye swasana ing prastawa iku.


6. Sifat pawarta


1. Aktual (Anyar), yaiku pawarta kang luwih anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.

2. Jarak (Adoh/Cedake), yaiku pamaca luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ing sakiwatengene tinimbang pawarta saka papan liyane.

3. Wigati, yaiku sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang wigati amarga bisa ngendaleni panguripan ing bebrayan wong agung.

4. Akibat, yaiku sawijining bab dadi pawarta yen ngowahi kahanan.

5. Congkrah/Konflik, yaiku pamaca luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane congkrahan.

6. Tintrim, tuladhane : nalika nulungi wong ing kacilakaan.

7. Kemajuwane, yaiku inovasi utawa owah-owahane teknologi. Pawarta kang anyar luwih narik kawigaten pamiarsa.

8. Emosi, yaiku sawijining pawarta kang bisa ndadekake nesu, susah, nangis, lan gela. Tuladha: nemokake bayi ing pinggir kali.

9. Humor, yaiku gawe sengsem, mesem, lan guyu.



7. Etika nulis pawarta


a. Objektif

Ing babagan iki panulis ora kena martakake pawarta dikantheni kepentingan pribadi lan sponsor. Pawarta kang tinulis kudu adhedhasar fakta utawa data kang sanyatane dumadi

b. Cover both side.

Pawarta iku kudu imbang aja abot sih, luwih-luwih nyebutake pihak-pihak kang ana sesambungan langsung karo pawarta kasebut


8. Teknik nulis pawarta


a. Ngumpulake fakta/data. Data ing kene bisa awujud wawancara (wawan rembug), kedadeyan langsung, utawa data-data tinulis.

b. Nemtokake teras berita/lead (ngemot unsur 5W+1H).

c. Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak-malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungake pamiyarsa.

d. Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA   Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Te...