Selasa, 07 November 2023

PACELATHON- MATERI KELAS 7-KURIKULUM MERDEKA-SEMESTER 1

 MATERI PACELATHON KELAS 7 SEMSETER 1

PACELATHON

a. Pangertene Pachelathon

Pacelathon yaiku omong-omongan wong loro utawa luwih kang duweni ancatartamtu. Pacelathon iku uga kalebu kasusastran Jawa.  Pacelathon iku asale saka tembung lingga, yaiku celathu. Celathu duwe teges omongan utawa guneman.

b. Budi Pakartine Pacelathon

Nalika celathu, supaya mranani saben wong kudu nggatekake budi

pakerti.  Budi  pakartine  wong  kang  nindakake  pacelathon  iku  kudu nganggo waton (tata cara), yaiku:

1)   Guneman ora waton guneman

2)   Ngadege, lungguhe lan obahe badan

3)   Banter lirihe swara

4)   Polatane

5)   Intonasine

c. Nyemak Pacelathon

Dene wong kang nyemak/ngrungokake pacelathon kudu nggatekakepaugeran-paugeran yaiku:

a)    Topik utawa bab kang diomongake ana ing pacelathon iku.

b)   Wong kang nindakake pacelathon

c)    Papan anggone nindakake pacelathon

d. Basa kang Digunakake ing Pacelathon

Basa kang digunakake kudu empan papan nyocokaken sing omong- omongan  lan  sing  diajak  omong-omongan,  dadi  kudu  nggatekake

unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa Jawa, yaiku adat sopan- santun, tata krama, tata susila, nggunakake basa Jawa. Wujude unggah- ungguh basa Jawa kaperang dadi papat, yaiku ngoko lugu, ngoko alus, krama, lan krama alus.

1)   Basa ngoko lugu

Basa ngoko lugu, yaiku basa kang digunakake tanpa oleh kecampuran tembung krama. Tembung-tembung kang ndhapuk ukara kabeh tembung ngoko.

Basa ngoko lugu digunakake kanggo guneman karo wong sing wis padharakete, kayata:

a)   Kanca padha kanca

b)   Wong tua marang anak

c)   Guru marang muride

d)   Bapak/ibu (tuan) marang rewang (abdine)

Rumuse ragam basa ngoko lugu: ngoko+ afiks (imbuhan+akhiran)

ngokoTuladhane:

a)   Dita tuku gula.

b)   Aku kepengin mangan bakso.

2)   Basa Ngoko alus

Basa ngoko alus, yaiku ragam basa Jawa kang tembung- tembunge dumadi saka tembung ngoko lan kecampuran krama


inggil kanggo ngajenising diajak guneman. Basa ngoko alus iki biasane dienggo marang wong sing raket, nanging esih ngajeni, yaiku:

a)    Adhik marang kakange.

b)    Kanca sing suwe ora tau ketemu/urung akrab.

c)    Guru marang kepala sekolah sing sepantaran.

Rumuse ragam basa ngoko lugu: tembung ngoko + krama inggil

+krama andhap + afiks (awalan + imbuhan) ngoko.

Konsep gawe basa ragam ngoko alus, yaiku:

a)    Tembung ngoko sing arep dienggo ngurmati wong liya diganti dadikrama inggil, yen ora ana tetep nganggo tembung ngoko.

b)   Tembung ngoko sing kanggo awak dhewe senadjan ana tembung kramainggile ora kena diganti karo krama inggil tetep nganggo tembung ngoko.

c)    Ukarane kadhapuk saka tembung ngoko + krama inggil + krama andhap

+ afiks (awalan + imbuhan) ngoko.

d)   Afiks (awalan, akhiran) tetep ngoko, kejaba ater-ater kok lan panambang –mu, diganti dadi panjenengan.

e)    Padatane basa ngoko alus iku digunakake kanggo gunem karo wongsing wis akrab nanging esih tetep kepengin ngurmati.

 

Tuladhane:

a)   Aja padha brisik, Bapakku lagi sare!

b)   Budhe engko arep kondur karo sapa?

3)   Basa krama

Basa krama, yaiku ragam basa Jawa kang kabeh tembunge sing

dienggo iku nganggo tembung krama.

Rumuse: tembung krama + afiks (awalan, akhiran) krama.

Krama lugu digunakake kanggo:

a)   Wong sing nembe kenal

b)   Dhokter menyang pasien

c)   Pedagang menyang pembeli

Tuladha:

a)   Samenika kula taksih wonten ing kantor.

b)   Sampeyan badhe tindak pundi?

4)   Basa krama alus

Basa krama alus, yaiku ragam basa kang

 

2. Nulis lan Ngandharake Pacelathon

a.   Nulis Pacelathon

Sadurunge bisa ngandharake pacelathon kanthi cetha, para peserta

didik digladhi nulis pacelathon. Dene nalika nulis pacelathon iku mesthine ana paugerane.Paugeran kanggo nulis pacelathon iku kaya ing ngisor iki.


1)    Cara nulis pacelathon

a.   Wujude guneman

b.   Jeneng paraga ditulis

c.   Gunakake tandha wacan titik loro (:) sawise jeneng paraga

d.   Guneman ditulis ing jeri tandha kutip (“….”)

e.   Katrangan  panggonan,  wektu  lan  swasana  ditulis  ing  jero

tandhakurung ()

2)    Ancer-ancer pacelathon

Anggone nyemak pacelathon, kudu nggatekake bab-bab kang wigatikaya ing ngisor iki.

a)  Catheten   bab-bab   kang   wigati,   yaiku   topik   kang

diomongake, sapa  kang  celathu,  lan  papan  dumadine pacelathon.

b)  Nulis isine pacelathon, yaiku owahana saben bab kang

wigati saka pacelathon mau dadi ukara banjur ukara-ukara iku disusun kanthi urut.

b. Ngandharake Pacelathon

Ing pasinaon bab iki, nalika para peserta didik wis gladhi nulis teks pacelathon, pramila para peserta didik kudu gladhi ngandharake

teks pacelathon. Perkara kang kudu digatekake nalika ngandharake teks pacelathon, yaiku kudu paham marang isine teks pacelathon iku, lafal lan intonasine kudu trep, mimik/ekpresi (polatan praen) kudu trep, lan solah bawa kang ora digawe- gawe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA   Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Te...