AKSARA JAWA
AKSARA JAWA CARAKAN
Carakan (Abjad Jawa) kang digunakake ing basa Jawa gunggunge ana 20 aksara. Aksara Jawa kasebut awujud wanda ( suku kata). Dene saben-saben aksara duweni sing jenenge pasangan.
WUJUD AKSARA CARAKAN LAN PASANGAN
Aksara Angka
Perlu dimangerteni, aksara angka Jawa kuwi dumadi saka 1 nganti 0. Ana saperangan aksara angka kang wujude padha karo aksara Jawa, ing antarane:
a. Angka 1 padha karo aksara ga;
b. Angka 2 padha karo aksara nga lelet;
c. Angka 6 padha karo aksara swara E;
d. Angka 7 padha karo aksara la;
e. Angka 8 padha karo aksaa pa murda;
f. Angka 9 padha karo aksara ya
Mula kanggo mbedakake panulise, aksara angka kaapit pada pangkat ("). Dene nalika nulis aksara angka sing luwih saka 9, panulisane kanthi ndadekake siji angka cacahe loro utawa luwih, kaya dene panulise angka arab
Paugerane nulis angkajawa:
a. Nulis angka Jawa diwiwiti lan dipungkasi pada pangkat. Mula, parulise angka Jawa kaapit dening pada pangkat (......:)



Tidak ada komentar:
Posting Komentar