Selasa, 13 Juli 2021

AIR TERJUN SEKAR LANGIT 



       


Crita legendha “Air Terjun Sekarlangit” minangka salah sawijining crita kang turun temurun. Mapan ana ing lereng Gunung Telomoyo Kecamatan Grabag Kabupaten Magelang. Kacarita jaman mbiyen ana sawijining jejaka kang aran Jaka Tarub. Dheweke kuwi kawentar sakti mandraguna, seneng mbebedhak ana ing satengahing wana. 
Sawijining dina nalika dheweke lagi mbebedhak dumakan ana swara wong wedok lagi pada guyon cekikikan. Banjur digoleki, jebule ana saperangan widadari kang lagi pada adus ana ing sendang sakngisore grojogjan. Jaka tarub nyawang saka kadohan nganti kamitenggengen, banjur dheweke njupuk salah sijining slendhang kang ana ing pinggiran. Ora let suwe widadari banjur pada selesainya. Pada tata-tata arep munggah bali ing kahyangan. Ananging ana salah sijining widadari kang ora bisa melu mabur,awit dheweke kelangan slendhang. Kamangka wektu tansaya sore, widadari liyane ora bisa ngenteni. Banjur dheweke ditinggalkan. Wektu kuwi Jaka Tarub metu saka panggonan kanggo delik, banjur ethok-ethok takon marang widadari kasebut kang asesilih Nawangwulan.
Kacarita Nawangwulan melu bali Jaka Tarub. Ora suwe Jaka Tarub lan Nawangwulan padha rabi banjur duwe anak Nawangsih. Sadurunge rabi Nawangwulan menehi syarat marang Jaka Tarub supaya ora crita marang sapa wae sapa sejatine Nawangwulan. Nawangwulan uga ngomong yen apa wae mbesuk kang dilakoni dening Nawangwulan ora kena juweh ditakokne. 
Sawijining dina Nawangwulan masak sega kaya biasane mung nganggo beras sak las ananing mengko yen mateng bisa dadi sa wakul. Jaka tarub ngrumangsa yen beras ana lumbung ora enthek-enthek kamangka wis diliwet saben dina. Awit kepengen ngerti banjur dheweke bukak dandang nalika Nawangwulan masak. Jaka Tarub kaget mung ana beras sak las ana ing dandang. Saka tumindhak kang sembrono kasebut kasekten Nawangwulan ilang. Sabanjure menawa ngliwet ya kaya wong pada umume. Saya suwe gabah ana ing lumbung saya enthek. Banjur nawangwulan nemoke slendhang ana ing njero lumbung kasebut.  
Nawangwulan muntab, dheweke ora trima awit Jaka Tarub tumindak dursila. Jaka Tarub gela banjur jaluk pangapura marang Nawangwulan. Nanging kabeh wis kebajut, Nawangwulan kudu bali ana ing kahyangan. Namung Nawangwulan janji sawijining wektu bakal medhun ana ing bumi saperlu ketemu marang Nawangsih. Nganti saiki masyarakat ngugemi menawa Grojogan Sekar Langit kuwi minangka papan ketemu Nawangwulan lan Jaka Tarub. Nganti saiki panggonan kuwi isih diuri-uri oleh pemerintah daerah lan dadi papan pariwisata kang rame. 


Catatan: cerita dialihbahasakan oleh penulis dari berbagai sumber*


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA   Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Te...