Selasa, 20 Juli 2021

ANOMAN DUTA-MATERI CERITA WAYANG KELAS 9-BAHASA JAWA

 


Anoman Duta

Sumber: https://bit.ly/3BsDqaq

Kacarita ajejuluk Dewi Sinta, wanodya sing ayu rupane, kasil kadhustha dening Rahwana utawa kaaran Prabu Dasamuka diboyong menyang keraton Ngalengka. Dewi Sinta dipapanake ing taman kaputren Argasoka. Sang Dewi ora kesa dhahar lan ngunjuk, mulane badane kuru aking. Rambute dawa katon kaya gimbal amarga suwe ora siram. Kabeh iku katindakake supaya Rahwana ora kayungyun maneh marang Dewi Sinta. Lunga menyang ngendi wae, Dewi Sinta tansah nyangking cundrik utawa keris cilik kanggo njaga kaslametane. Sawektu-wektu Rahwana nggodha ati lan arep ngrudapeksa, Sinta bakal mati suduk salira nganggo cundrik mau.

Kacarita, Sri Ramawijaya minangka garwane Dewi Sinta rumangsa kuciwa penggalihe. Saben dina prasasat ora kolu dhahar, ora pules anggone sare, amarga mikirake sang prameswari. Sri Ramawijaya wis jumeneng ratu ing Keraton Pancawati jejuluk Prabu Ramawijaya. Prabu Ramawijaya dibiyantu dening ratune bangsa wanara kang jejuluk Prabu Sugriwa ing keraton Guwa Kiskenda. Prabu Sugriwa ngutus ponakan kang aran Anoman supaya golek sisik melik ngenani kahanane Dewi Sinta ing negara Alengka. Sadurunge Anoman budhal, Anggada putrane Raja Subali yaiku njaluk supaya dheweke sing dadi duta. Amarga rebutan jejibahan kang mulya mau, Anoman lan Anggada banjur gelut adu kekuwatan lan kasekten.

“Dia, sira sakloron lerena anggone padu. Gatekna, negara Alengka iku manggone ing tanah sabrang. Ratune uga kawentar sekti mandraguna. Mula amrih adile, aku kudu nodhi kasektenmu.”, ngendikane Rama.

“Anoman, wangsulana pitakonku sepira suwene wektu kira-kira bisa tekan negara Alengka?”, mangkono pitakone Rama marang Anoman.

“Sedasa dinten kula sagah.” ,wangsulane Anoman kanthi manteb.

“Kula bijak pitung dinten.”, wangsulane Anggada.

“Kula wantun gangsal dinten.” Anoman nyauri kanthi sembada.

“Nggih sampun, kula wantun tigang dinten.” panyaruwene Anggada.

“Yen wani nantang, aku wani sedina coba lakonana.” mangkana panantange Anoman.

Pungkasane Anoman sing bisa menangake sayembara kanthi bisa nyabrang Alengka kanthi wektu sedina. Kacarita Anoman nuli budhal ing Alengka didherekake punakawan. Amrih bisa cepet tekan negara Alengka, Punakawan dilebokake kancing dening Anoman.

Kanthi wektu ora nganti sedina Anoman wis bisa tekan negara Alengka. Sawise Anoman mlebu ing taman keputren Argasoka, dheweke banjur ndhelik ana ing wit nagasari. Dheweke weruh ana wanodya kuru aking. Sawise dirasa aman banjur nemoni wanodya kasebut sing ora liya ya Dewi Sinta. Ing kono Dewi Sinta dikancani Dewi Trijatha. Dewi Trijatha iku putri Raden Gunawan Wibisana. Dene Raden Gunawan Wibisana iku adhine Prabu Rahwana. Dewi Trijatha didhawuhi Prabu Rahwana ngancani Dewi Sinta ing taman Argasoka supaya bisa ngarih-arih lan nglelipur Dewi Sinta. Sokur bisa gawe Dewi Sinta kabujuk lan purun digarwa Prabu Rahwana.

“Sang dewi, kula pun Anoman diutus sang Rama kapurih ngajak kondur panjenengan.”,ature Anoman.

“Aku ora ngandel yen sira iku utusane kakang Rama.”

“Menika minangka tandha bukti.” Anoman ngaturake kalpika utawa ali-ali sotyaludira peparinge prabu Rama marang sang dewi.

Dheweke crita manawa utusane Rama, nanging saduruge selesainya anggone crita, dumadakan prajurit alengka teka ing taman kaputren. Anoman kakepung dening Indrajid lan patih Prahastha sawadyabalane. Anoman tetandhingan kelawan Indrajid. Kekarone padha ngatonake gaman pusaka lan kasektene, kekarone padha digdayane. Pungkasane Indrajid ngetokake pusaka panah rante. Panah rante kasebut banjur nggubel terjaga anoman. Anoman kasil karangket banjur kasowanake marang dasamuka.

Duka Dasamuka. Anoman banjur digawa menyang alun-alun, dibanda tangan lan sikile ing cagak banjur arep diobong urip-uripan. Ananging anoman ora kaya bocah cilik sing gampang diakali, Anoman duwe kasekten kang ngedab-edabi. Anoman bisa mabur uwal saka geni. Anoman ora bisa kobong amarga sekti mandraguna lan malah mencolot sadhuwure keraton. Omah, wewangunan liyane, lan wit-witan kang diencoki anoman kabeh kobong. Keraton Ngalengka sing maune apik, asri, saiki dadi segara geni. Prabu Dasamuka duka lan mrentahake para prajurit supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu maneh atur palapuran marang prabu Rama.

Bersambung......


*dialihbahasakan oleh penulis dari berbagai sumber


2 komentar:

  1. Tegese sakloron , kayungyun
    Amanat:harus saling tolong menolong sessama
    Manusia karena manusia tidak bisa hidup sendiri

    BalasHapus
  2. Ngrudupeksa >< diperkosa
    Panggalihe >< atine (hatinya)
    Jumeneng >< ngadeg (berdiri)
    Jejibahan >< kawajiban (kewajiban)
    Kawentar >< terkenal
    Wanodyo >< wadon/wedok (cewek/perempuan)
    Dumadakan >< tiba tiba

    *Sumber terjemahan mendet wonten ing google translate kaliyan sak pangertose kawula. Yen wonten kesalahan nyuwun pangapunten lan pangartian nipun.

    Amanat: perkara seng adidasar paksaan bakal ora sukses, sesarengan nulungi wong sing butuh pertolongan adidasar niat kang becik ora ana maksud terselubung, ojo selalu nganggep wong remeh.

    BalasHapus

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA   Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Te...