Senin, 07 Februari 2022

KD: MEMAHAMI TEKS CERITA RAMAYANA (RESI JATAYU)

BAHAN AJAR

Kompetensi Dasar: Memahami teks cerita Ramayana (Resi jathayu)


A. KOMPETENSI INTI

1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.

2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi, gotong royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.

3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptua, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata.

4. Mengolah, menyaji dan menalar dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori.

B. KOMPETENSI DASAR DAN INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI



C. DIMENSI PENGETAHUAN

1. Faktual         : Teks cerita Ramayana (Resi jathayu)

2. Konseptual : Unsur-unsur intrinsik dalam cerita Ramayana (Resi jathayu)

3. Prosedural : Bagian-bagian kitab Ramayana

4. Metakognitif    : Mengetahui amanat atau pesan yang ada dalam cerita Ramayana (Resi jathayu)


D. URAIAN MATERI

1. Tegese Ramayana

Tembung Ramayana asale saka tembung Rama lan Yana. Rama tegese Prabu Rama lan Yana tegese laku. Dadi Ramayana tegese lakune Prabu Rama. Crita Ramayana asale saka India lan ditulis nganggo basa sansekerta, lan cerita iki digubah dening Mpu Walmiki. Crita Ramayana kaperang dadi 7 kitab utawa perangan utawa sinebut kandha. 

2. Perangan  kitab Ramayana

a. Balakandha.

Balakandha minangka kitab sepisan. Nyeritakake ngenani Dasarata dadi raja ing kraton Ayodya. Dasarata duwe bojo cacahe 3, yaiku Dewi Kosalya kagungan putra Rama, Dewi Kekeyi kagungan putra asmane Prabu Barata, lan Dewi Sumitra kagungan putra Lesmana lan Satrugna.

b. Ayodyakandha.

Nyritake Dasarata lengser dadi raja, lan diganti Rama ananging dialang-alangi Dewi Kekeyi kang nduweni karep supaya Barata dadi raja.

c. Aranyakandha.

Nyritake Rama lan Lesmana paring pambiyantu marang pandhita kang lagi mertapa supaya ora diganggu dening para raksesa.

d. Kiskindhakandha.

Nyritake dhuhkitane Rama jalaran kelangan garwane yaiku Dewi Sinta.

e. Sundarakandha.

Nyritake Anoman nggoleki Sinta kang didusta utawa diculik Rahwana utawa Dasamuka.

f. Yuddakandha.

Nyritake Rama, Sugriwa, lan bala wanara (kethek) gawe jembatan utawa kreteg    Situbanda kanggo tumuju Alengka.

g. Uttarakandha.

Kitab pungkasan yaiku nyritake Dewi Sinta dibuwang ing tengah alas jalaran Rama   cubriya marang kesuciane Dewi Sinta.


3. Unsur intrinsik cerita

a. Tema yaiku undheraning rembug.

b. Paraga lan watak, ana 3 yaiku: antagonis, protagonis lan tritagonis.

c. Setting/latar yaiku awujud papan panggonan, kahanan lan wektu.

d. Plot/alur yaiku dalaning cerita.

e. Amanat/pitutur luhur yaiku pesen kang ana ing sajroning cerita.

f. Cara mawas/Sudut pandang (point of view) yaiku dununge panulis ana ing cerita minangka wong kapisan apa wong katelu. 


4. Tuladha cerita Ramayana (Resi jathayu)

Resi jathayu

Ramawijaya tindak mbebedhag ing alas. Sadurunge tindak,Prabu Rama wis weling marang ingkang garwa inggih menika  Shinta. Shinta diweling ora kepareng nerak wewaler utawa garis mistik saka Prabu Rama. Tindake Rama diweruhi wadyabalane Rahwana lan padha golek sisik melik kanggo ndhusta Shinta. Sawuse oleh sisik melik, Rahwana banjur mbudidaya supaya bisa mboyong Shinta. Kanthi maneka cara dilakoni, supaya penggalihe Shinta kapilut dening Rahwana. Rahwana malih rupa, sing pungkasan malih rupa dadi kidang kencana/kidang emas kang minangka klangenane/kasenengane Shinta. Penggalihe Shinta seneng campur gumun, ana kewan apik minangka klangenane, mula enggal-enggal dichedhaki. Ora ngertia, kidang kencana iku mau minangka penjelmaan Rahwana. Sanalika Shinta kaboyong lan kabopong Rahwana diasta mabur menyang ngakasa. Sawuse Ramawijaya kondur saka mbebedhag, pranyata Shinta ora ana, mula banjur utusan marang wadya bala Rama supaya golek sisik melik dumununge Shinta. Gancanging carita, Prabu Ramawijaya  golek sisik melik/ mata-mata ngenani kaanane Dewi Shinta kang wis didhusta dening Rahwana. Wis pirang-pirang dina pisah karo Dewi Shinta andadekake penggalihe Prabu Rama sungkawa utawa sedhih. Kang diutus utawa dadi Duta  yaiku Kethek Putih kang aran Anoman.                       

Anoman  dadi Duta/utusane Ramawijaya, banjur njunjug menyang Taman Keputren. Ing kono Anoman bisa nemoni Dewi Shinta lan Dewi Trijatha, malah bisa ngaturake ali-aline Sri Rama menyang Dewi Shinta. Sawise oleh sisik melik lan kaanan liyane, Anoman ya Kethek Putih banjur bali. Nanging nalika arep pamit bali, konangan para prajurit Alengkadiraja, lan dirangket nuli disowanake marang Prabu Rahwana. Dening Rahwana, Anoman kapatrapan paukuman yaiku bakal diobong ing alun-alun Ngalengka. Ngadhepi kaanan kang kaya mangkono, Rewandaseta utawi kapi seta tatag tanggon tanpa miris, tanpa gigrig manahe. Ing batine, kabeh prakara kang bener, bakal pener lan prakara kang luput utawa salah mesthi bakal seleh. Iki minangka watak kasatriya kang patut ditiru. Ora gigrig lan wedi paukuman, nanging paukuman kang wedi marang bebener.                               

Kacarita, Kethek Putih ya Anoman nglakoni paukuman. Nanging senajan diobong, Anoman ora bisa kobong amarga sekti mandraguna lan malah mencolot sanduwuring kraton. Omah, bangunan liyane, lan wit-witan kang diencoki Anoman kabeh kobong. Kraton Ngalengka sing maune apik, asri saiki dadi lautan geni. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake para prajurit supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu maneh atur palapuran marang Prabu Rama. 


            (Pustaka Candra, Edisi 8  kanthi kabesut saprelune)


5. Tehnik nyritakake maneh isine cerita

1. Maca utawa ngrungokake crita kasebut kanthi titi.

2. Nyathet babagan kang wigati / penting.

3. Ngembangake nganggo tembung lan ukarane dhewe.



Daftar pustaka


Priyantono dan Sawukir. 2018. Marsudi Basa lan Sastra Jawa. Jakarta : Erlangga

Sulaksono, Djoko. 2019. Modul 6 Seni Pentas Jawa. Jakarta: Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan.

Widyastuti. 2019. Bahasa Jawa Kelas IX. Banyumas: Media Pendidikan Group.


 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA   Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Te...