Selasa, 15 Maret 2022

MEMAHAMI LEGENDA ASAL-USUL TEMPAT-MATERI BAHASA JAWA-KELAS 8 SEMESTER GENAP

 MEMAHAMI LEGENDA ASAL-USUL TEMPAT

Sumber: https://s.id/10JAc


Ing piwulangan iki, para siswa bakal sinau babagan legendha. Cerita legendha yaiku sawijining cerita kang isine nyaritakake kedadeyan papan panggonan. Ing laladan pulo Jawa, akeh papan-papan kondhang kang cerita kedadeyane narik kawigaten,  tuladhane asal-usul   Kutha   Surabaya,   dumadine   Rawa Pening ,dumadine Kutha Semarang, lsp.

Cerita legendha dirangke kanthi alur lelakon urip mawa pesen moral kang ngemu makna lan cara sesrawungan karo wong liya. Menawa disinau kanthi temen, cerita  legendha iku  ngemu  pitutur  lan  piwulang  kang  bisa  dinggo piwulang ing sajroning bebrayan. Mula saka kui, ayo padha semangat anggone nyinau bab cerita legendha iki!

Sastra Jawa yaiku sastra kang tinulis nganggo basa Jawa. Sastra iki madeg ana ing antarane masyarakat Jawa lan tinulis nganggo basa Jawa. Kanthi sastra bisa dijlentehake ide lan rasa marang sing maca. Sastra sejatine duwe daya kanggo ngajak wong liya amrih sarujuk marang apa kang dikarepake penulis. Sastra kang ana ing masyarakat wujude telu yaiku gancaran, geguritan lan drama/sandiwara. Menawa gancaran bisa kaperang dadi maneka warna kayata crita rakyat, cerita cekak lan novel. Gancaran minangka salah sawijining wujud sastra kang wujude bebas yaiku ora kaiket dening guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.

Pangerten Legendha

Legendha yaiku crita utawa dongeng kang ana gegayutane karo kedadeyan alam. Tuladha “Banyuwangi”, “Rawa Pening,”  Danau  Toba”,lsp.  Amarga  mung  asipat  dongeng,  mulane critane saka ngendi, asal-usule kepriye, bener lan orane angel dibutekake (Priyanto: 2011:1). Cerita Legendha yaiku cerita kang nyaritakake asal-usul papan panggonan. Legendha iku kalebu sastra gancaran. Gancaran iku karangan sing ora kaiket gatra, wilangan, lan guru lagu. Sastra gancaran iku dumadi saka perangan sing ndhapuk crita/unsur instrinsik.

Unsur-Unsur Instrinsik Legendha

Miturut (Sudi Yatmana: 2016:103) Sing kalebu unsur instrinsik cerita legendha yaiku:

1.Paraga utama yaiku paraga sing nduweni sesambungan karo kedadean crita sing paling akeh.
Paraga bisa arupa manungsa, kewan, utawa tetuwuhan.
2.Paraga tambahan iku paraga sing kanggo geganep crita utawa paraga sing among arang-arang sesambungan karo kedadean crita utawa paraga liya.
3.Paraga  protagonis  yaiku  paraga  sing  pakartine  utama,  manut  aten-atene  sing  maca(lumrahe apik).
4.Paraga antagonis yaiku paraga sing pakartine ala, tansah cengkah karo aten-atene sing maca, kosok bali karo tumindak becik.
5.Alur yaiku urut-urutane kedadeyan sing ana ing crita, ana alur maju, alur mundur, lan ana alur campuran.
6.Latar  panggonan  yaiku  samubarang  sing  nggambarake  papan  kedadeyane  crita.  Ana sing disebutake kanthi langsung, ana uga sing nggathuk-gathukake dhewe/ora langsung.
7.Latar wektu yaiku wektu sing nggambarake kedadean iku dumadi. Ana wektu gumathok (jam, dina, sasi lsp) ana wektu ora gumathok (dhek semana, biyen, besuk).
8.Tema yaiku bakune crita/sing wigati/akeh karembug ing crita digathukake alur sing ana.



13 komentar:

  1. Nama:Naila Hidayatul Maimuna
    Kelas:8D
    No.abs:16

    Materinya sangat mudah untuk di pahami dan di mengerti

    BalasHapus
  2. Nama: Alfa Amanda Pratiwi
    Kelas:8C
    No.absen:03



    Materinya sedikit jadi mudah dimengerti dan di ingat

    BalasHapus
  3. Nama: Nanda arista
    Kelas: 8C
    No A : 19


    Materinya agak mudah di mengerti dan mudah di ingat

    BalasHapus
  4. Nama: oni hapsari
    Kelas:8c
    No. Abs:20
    Materinya sedikit mudah dipahami, sebagian materi ada yang paham dan ada yang tidak paham

    BalasHapus
  5. Nama:Hadha nur fijanah
    Kelas:8C
    No A :11

    Materinya mudah di ingat dan di cermati

    BalasHapus
    Balasan
    1. Nama: TRISNAWATI
      Kelas:8c
      No A :26
      Materinya muda untuk di pahami

      Hapus
  6. Materi nya sangat jelas sehiga mudah di pahami

    BalasHapus
  7. Nama:Tri Wahyu Riskian
    Kelas:8c
    No.abs:25

    Materinya sangat mudah untuk dipahami karena bahasa yang mudah di pahami serta jelas tolong untuk tambahan cara meringkas Teks legenda.

    BalasHapus
  8. Nama:Daryati
    Kls:vlllc
    No:7
    Materinya sangat mudah di ingat dan mudah di pahami

    BalasHapus
  9. Cerito legendo iku ngemu pitutur lan piwulang kang bisa dinggo piwulang ing sajroning bebrayan

    BalasHapus
  10. Nama:Khusnia ulfa filailia
    Kelas:8C
    No Abs:13


    Materi nya sangat mudah untuk di pahami

    BalasHapus

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA   Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Te...