Minggu, 13 Maret 2022

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM-MATERI KELAS 7 BAHASA JAWA-SEMESTER GENAP


 A.KOMPETENSI INTI

1.Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.

2.Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi, gotong royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.

3.Memahami pengetahuan (faktual, konseptua, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata.

4.Mengolah, menyaji dan menalar dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori.

B.KOMPETENSI DASAR DAN INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI















C.DIMENSI PENGETAHUAN

1.Faktual : Contoh serat wulangreh pupuh sinom
2.Konseptual : Jenis tembang Macapat, watak tembang macapat
3.Prosedural :  Aturan dalam tembang macapat
4.Metakognitif : Mengetahui amanat yang terkandung dalam tembang sinom

D.URAIAN MATERI

1.TEGESE TEMBANG MACAPAT
Asal usul lan   tegese tembang macapat tumeka saiki durung ana pasarajukan kang gumathok, antarane pemanggihing para winasis siji lan liyane. Wondene   tegese tembang macapat, yaiku.
1) Macapat tegese tangga desa kang ngubengi (Poerwadarminta, 1959: 292); maknane tembang macapat wis sumebar lan dikenal masarakat, malah masarakat wis padha  wasis nembang utawa nglagokake. Tangga desa kang ngubengi maksude tangga ing sisih: wetan, kidul, kulon, lan lor wis padha tepung sarta akrab sanget kalihan tembang macapat.
2) Tembung macapat dumadi saka tembung “maca” tegese maca utawa nglagokake; lan tembung “pat”  kang owah dadi “mat” (proses asililasi tunggal ditikulasi) wancahan saka tembung “nikmat”,   maknane: enak utawa krasa banget (Poerwadarminta, 1939: 298). Dadi macapat tegese seneng maca kanthi kebak rasa endah lan nikmat.
3) Macapat dumadi  saka tembung  maca, lan pat kang owah dadi “mat”, kang  asale saka basa Walanda /Belanda “maat”, tegese: irama, tembang, metrum. Mula macapat tegese maca kanthi iramaning tembang   utawa metrum utawa menyanyi. Irama utawa lagu sajroning tembang macapat iku sing lumrah kanthi gregel, yaiku lak-luking suwara, munggah mudhuning suwara kang winates 4 (papat) titilaras.
4) Macapat dumadi saka tembung “maca”  lan “pat” wancahan  saka  tembung  “papat”; jalaran anggone   maca utawa nglagokake mandheg papat-papat (4-4 wanda) waton pas entek utawa tumibaning tembung, boten kenging medhot tembung. Mula gumantung tembung-tembung kang digunakake sajroning tembang; bisa mandheg ing pedhotan loro telu (2-3); telu loro (3-2); telu-telu (3-3).

2.CACAH UTAWA GUNGGUNGE TEMBANG MACAPAT

Kang lumrah lan adhedhasar  ngrembakane  kasusastran  Jawa  ing  jaman  saiki,  padha  nyarujuki menawa gunggung utawa cacahing tembang macapat iku ana 11 (sewelas). Yaiku Dhandhanggula, Durma, Kinanthi, Maskumambang, Mijil, Pangkur, Asmaradana, Pocung, lan Sinom, Gambuh lan Megatruh.

3.PAUGERANE TEMBANG MACAPAT

Paugeran, pranatan utawa aturan menawa nganggit/ yasa tembang macapat lumrahe mawa lelewaning basa kang gumathok, kayata: (a) nggunakake tembung-tembung kawi utawa arkhais, tembung garba, baliswara, plutan, wancah; (b) guru gatra, guru wilangan, guru lagu/ dhong-dhing; (c) purwakanthi „persajakan‟; (d) dayasastra yen ditulis kanthi aksara Jawa utawa ketemu ater-ater anuswara dadi luluh, kejaba ing tembung lingga kang konsonan „katutswara‟ suwarane abot (g, j, dh, d, b) ora bisa  luluh „asimilasi‟; (e) sasmita tembang; (f) sandi asma; (g) titimangsa „waktu‟.



4.SIPAT (WATAK) SEKAR TENGAHAN/ MACAPAT

Gunggung, cacah lan jenenge tembang macapat iku ana 11 (sewelas), lan tembang tengahan ana 4 (papat); kang mratandhani menawa panganggone pupuhing tembang iku ora kena  sakarepe  dhewe,  nanging  kudu  dijumbuhake  karo  wataking  tembang.  Wondene wataking tembang macapat;  kaya ing ngisor iki.
a.Pocung    : Watake sasenenge/ sakarepe dhewe, lucu, sembrana parikena.   Cocok/ jumbuh kanggo cangkriman, nggambarake prakara kang sembranan.
b.Gambuh           : Paseduluran  „familier‟,     sumadulur.  Jumbuh  kanggo  pitutur;    pitutur marang   kulawarga,      pitutur   babagan   paseduluran.   Jumbuh   kanggo andharan babagan kulawarga, pitutur, pendidikan, panembah.
c.Pangkur            : Gumregah,   semangat, nesu, perang. Jumbuh/ cocok kanggo paprangan, padudon, pitutur kang semangat makarya, ngendhaleni hawa nepsu; asih tresna kang makantar-kantar.
d.Durma              : Semangat, nesu, gummregah, padudon. Cocok/ jumbuh kanggo andharan rasa nesu, cecongkrahan; rasa jengkel, carita paprangan.
e.Maskumambang   : Sedhih/ susah, trenyuh,  getun/ gela. Jumbuh/ cocok kanggo nggambarake rasa susah/ sedhih,  getun geduwung, nelangsa.
f.Megatruh          : Susah, prihatin, gela/ getun. Jumbuh kanggo nggambarake prekara kang susah, rasa sedhih, kuciwa, lan  gela.
g.Mijil                 : Prihatin,  asih  tresna.  Jumbuh  kanggo  andharan  utawa  nggambarake babagan  asih tresna, prihatos, pangajak, pitutur. Jumbuh/ cocok kanggo nggambarake rasa asih tresna, prihatin, pangajak, lan pitutur.
h.Kinanthi          : Seneng,   gembira,   asih   tresna.   Jumbuh   kanggo   pitutur/   nasihat, nggambaraken rasa asih tresna, lan liya-liyane.
i.Asmaradana     : Asih  tresna,    sedhih,  kasmaran.  Jumbuh/  cocok  kanggo  nggambarake babagan katresnan, asih tresna, kasmaran, lara branta, lan liya-liyane.
j.Sinom               : Asih tresna, lincah, canthas. Jumbuh utawi cocok kanggo  prakara kang sarwa lincah, nggambarake sipat kang lincah „kreatif‟.
k.Dhandhanggula     : Luwes,    nyenengake,    grapyak    semanak.    Cocok/    jumbuh    kanggo nggambarake sakabehe suwasana/ kawontenan.

5.PAUGERAN TEMBANG MACAPAT SINOM




6.TULADHA SERAT WULANGREH  PUPUH KAPING 12 TEMBANG  SINOM 

Cacahing pada ana ing serat Wulangreh tembang sinom yaiku 33 pada, ing kene bakal dijlentrehke  5 pada.
 
Pada 01
Ambeke kang wus utama, tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha padhaning jalmi, suka bungah den ina sapadha-padha.

Terjemahan Bahasa Indonesia
Perilaku orang yang telah mencapai tataran sempurna tidak akan membatasi atau mencela kepandaian orang lain, kepandaiannya disembunyikan sedangkan kebodohannya ditampilkan agar dihina, jangan sampai ada yang menyebutnya pandai, ia merasa bahagia jika ada yang menghinanya

Pada 02
Ingsun uga tan mangkana, balilu kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den arani, balilune angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.

Terjemahan Bahasa Indonesia
Aku pun tidak begitu, kebodohankulah yang aku tutupi dan kepandaianku yang aku kedepankan karena malu jika disebut bodoh oleh orang lain, padahal aku bodoh namun ingin disebut pandai sehingga tanpa sadar (aku) banyak bercerita bohong

Pada 03
Tur ta duk masihe bocah, akeh temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang abecik, miwah carita ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teka nora nana undaking kabisan.

Terjemahan Bahasa Indonesia
Padahal ketika aku masih kecil banyak yang bercerita tentang perilaku orang jaman dulu mengenai pengabdian yang baik serta cerita, termasuk cerita yang tidak benar adanya yang disebut dongeng, meskipun demikian, kepandaianku tidaklah bertambah

Pada 04
Carita nggonsun nenular, wong tuwa kang momong dingin, akeh kang padha cerita, sun rungokna rina wengi, samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tatakrama ing pratingkah karaharjan.

Terjemahan Bahasa Indonesia
Adapu cerita yang kuberikan ini kuturunkandari orang tua yang mengasuhku dulu, banyak cerita yang kudengarkan baik siang maupun malam sampai sekarang masih aku ingat. Setelah aku dewasa, ayah yang memberiku nasihat, sedangkan ibu yang mengingatkan tentang tata karma dan tingkah laku kebaikan.

Pada 05
Nanging padha estokana, pitutur kang muni tulis, yen sira nedya raharja, anggone pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, anganggo pitutur iki, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.

Terjemahan Bahasa Indonesia
Namun turitilah nasihat yang tertulis ini, jika kau menghendaki keselamatan, laksanakan nasihat yang kuingat dari  tetua, mudah-mudahan kalian dapat melaksanakan nasihat ini, sebab ajaran orang tua akan membawa berkah.





Daftar pustaka

http://isnen-widiyanti.blogspot.com/2015/02/penjelasan-isi-serat-wulangreh-pupuh.html

https://sulisbambang.blogspot.com/2021/01/RPP%20Serat%20Wulangreh%20Sinom.html

Priyantono dan Sawukir. 2018. Marsudi Basa lan Sastra Jawa. Jakarta : Erlangga

Sulaksono, Djoko. 2019. Modul 4 Sastra Klasik lan Modern. Jakarta: Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan.

 










1 komentar:

  1. Kita harus menghargai agama yang dianut orang lain seperti makna bhineka tunggal ika yang berarti "berbeda-beda tetapi tetap satu"

    BalasHapus

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA-BAHASA JAWA-KURMER-KELAS 9

PENGERTIAN CERKAK, CIRI, DAN UNSUR-UNSURNYA   Mengutip jurnal Karakter dalam Preman, Antologi Cerkak Karya Tiwiek SA dan Implikasinya Te...