Senin, 13 November 2023

AKSARA JAWA DAN PASANGAN

 AKSARA JAWA 

AKSARA JAWA CARAKAN

Carakan (Abjad Jawa) kang digunakake ing basa Jawa gunggunge ana 20 aksara. Aksara Jawa kasebut awujud wanda ( suku kata). Dene saben-saben aksara duweni sing jenenge pasangan. 

WUJUD AKSARA CARAKAN LAN PASANGAN





Selasa, 07 November 2023

PACELATHON- MATERI KELAS 7-KURIKULUM MERDEKA-SEMESTER 1

 MATERI PACELATHON KELAS 7 SEMSETER 1

PACELATHON

a. Pangertene Pachelathon

Pacelathon yaiku omong-omongan wong loro utawa luwih kang duweni ancas tartamtu. Pacelathon iku uga kalebu kasusastran Jawa.  Pacelathon iku asale saka tembung lingga, yaiku celathu. Celathu duwe teges omongan utawa guneman.

b. Budi Pakartine Pacelathon

Nalika celathu, supaya mranani saben wong kudu nggatekake budi

pakerti.  Budi  pakartine  wong  kang  nindakake  pacelathon  iku  kudu nganggo waton (tata cara), yaiku:

1)   Guneman ora waton guneman

2)   Ngadege, lungguhe lan obahe badan

3)   Banter lirihe swara

4)   Polatane

5)   Intonasine

c. Nyemak Pacelathon

Dene wong kang nyemak/ngrungokake pacelathon kudu nggatekakepaugeran-paugeran yaiku:

a)    Topik utawa bab kang diomongake ana ing pacelathon iku.

b)   Wong kang nindakake pacelathon

c)    Papan anggone nindakake pacelathon

d. Basa kang Digunakake ing Pacelathon

Basa kang digunakake kudu empan papan nyocokaken sing omong- omongan  lan  sing  diajak  omong-omongan,  dadi  kudu  nggatekake

unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa Jawa, yaiku adat sopan- santun, tata krama, tata susila, nggunakake basa Jawa. Wujude unggah- ungguh basa Jawa kaperang dadi papat, yaiku ngoko lugu, ngoko alus, krama, lan krama alus.

1)   Basa ngoko lugu

Basa ngoko lugu, yaiku basa kang digunakake tanpa oleh kecampuran tembung krama. Tembung-tembung kang ndhapuk ukara kabeh tembung ngoko.

Basa ngoko lugu digunakake kanggo guneman karo wong sing wis padharakete, kayata:

a)   Kanca padha kanca

b)   Wong tua marang anak

c)   Guru marang muride

d)   Bapak/ibu (tuan) marang rewang (abdine)

Rumuse ragam basa ngoko lugu: ngoko+ afiks (imbuhan+akhiran)

ngokoTuladhane:

a)   Dita tuku gula.

b)   Aku kepengin mangan bakso.

2)   Basa Ngoko alus

Basa ngoko alus, yaiku ragam basa Jawa kang tembung- tembunge dumadi saka tembung ngoko lan kecampuran krama


inggil kanggo ngajenising diajak guneman. Basa ngoko alus iki biasane dienggo marang wong sing raket, nanging esih ngajeni, yaiku:

a)    Adhik marang kakange.

b)    Kanca sing suwe ora tau ketemu/urung akrab.

c)    Guru marang kepala sekolah sing sepantaran.

Rumuse ragam basa ngoko lugu: tembung ngoko + krama inggil

+krama andhap + afiks (awalan + imbuhan) ngoko.

Konsep gawe basa ragam ngoko alus, yaiku:

a)    Tembung ngoko sing arep dienggo ngurmati wong liya diganti dadikrama inggil, yen ora ana tetep nganggo tembung ngoko.

b)   Tembung ngoko sing kanggo awak dhewe senadjan ana tembung kramainggile ora kena diganti karo krama inggil tetep nganggo tembung ngoko.

c)    Ukarane kadhapuk saka tembung ngoko + krama inggil + krama andhap

+ afiks (awalan + imbuhan) ngoko.

d)   Afiks (awalan, akhiran) tetep ngoko, kejaba ater-ater kok lan panambang –mu, diganti dadi panjenengan.

e)    Padatane basa ngoko alus iku digunakake kanggo gunem karo wongsing wis akrab nanging esih tetep kepengin ngurmati.

 

Tuladhane:

a)   Aja padha brisik, Bapakku lagi sare!

b)   Budhe engko arep kondur karo sapa?

3)   Basa krama

Basa krama, yaiku ragam basa Jawa kang kabeh tembunge sing

dienggo iku nganggo tembung krama.

Rumuse: tembung krama + afiks (awalan, akhiran) krama.

Krama lugu digunakake kanggo:

a)   Wong sing nembe kenal

b)   Dhokter menyang pasien

c)   Pedagang menyang pembeli

Tuladha:

a)   Samenika kula taksih wonten ing kantor.

b)   Sampeyan badhe tindak pundi?

4)   Basa krama alus

Basa krama alus, yaiku ragam basa kang

 

2. Nulis lan Ngandharake Pacelathon

a.   Nulis Pacelathon

Sadurunge bisa ngandharake pacelathon kanthi cetha, para peserta

didik digladhi nulis pacelathon. Dene nalika nulis pacelathon iku mesthine ana paugerane.Paugeran kanggo nulis pacelathon iku kaya ing ngisor iki.


1)    Cara nulis pacelathon

a.   Wujude guneman

b.   Jeneng paraga ditulis

c.   Gunakake tandha wacan titik loro (:) sawise jeneng paraga

d.   Guneman ditulis ing jeri tandha kutip (“….”)

e.   Katrangan  panggonan,  wektu  lan  swasana  ditulis  ing  jero

tandhakurung ()

2)    Ancer-ancer pacelathon

Anggone nyemak pacelathon, kudu nggatekake bab-bab kang wigatikaya ing ngisor iki.

a)  Catheten   bab-bab   kang   wigati,   yaiku   topik   kang

diomongake, sapa  kang  celathu,  lan  papan  dumadine pacelathon.

b)  Nulis isine pacelathon, yaiku owahana saben bab kang

wigati saka pacelathon mau dadi ukara banjur ukara-ukara iku disusun kanthi urut.

b. Ngandharake Pacelathon

Ing pasinaon bab iki, nalika para peserta didik wis gladhi nulis teks pacelathon, pramila para peserta didik kudu gladhi ngandharake

teks pacelathon. Perkara kang kudu digatekake nalika ngandharake teks pacelathon, yaiku kudu paham marang isine teks pacelathon iku, lafal lan intonasine kudu trep, mimik/ekpresi (polatan praen) kudu trep, lan solah bawa kang ora digawe- gawe.

Senin, 02 Oktober 2023

TEKS DESKRIPSI PERISTIWA BUDAYA

Tradisi Sadranan

Tradisi Sadranan utawa nyadran minangka salah sawijining tradisi kang ora bisa uwal ana ing Dusun Sorobayan, Desa Banyuurip, Kecamatan Tegalrejo, Kabupaten Magelang. Tradisi nyadran iki kalaksanan ing awal sasi Rejeb, utawa sewulan sadurunge sasi poso. Tradisi kang wis turun tumurun iki duwe ancas kanggo ngurmati para leluhur ing desa kana kang wis padha berjuang lan minangka wujud syukur marang Gusti akarya jagad. Padatane masyarakat pada kumpul ana ing ngarep masjid gede. Ora ana kang keri saka wong gede, cilik, enom tuwa kabeh pada mara ana ing ngarep masjid. Para warga pada lungguh jejer ana ing sadawaning dalan ing dusun nganthi gelar klasa lan godhong gedang. Kang melu ana ing adicara kasebut ora mung mligi warga dusun Sorobayan, ananing uga ana tangga dusun liyane kayata, Ngepos, Gondanglegi dan Canguk. Masyarakat duwe kapitayan menawa nyadran minangka salah sawijining dakwah walisongo tanpa ninggal kabudayan asli kang ana ing tanah Jawa. Nyadran uga salah sijining pakurmatan tuimrap lelabuhaning leluhur kang wis mbangun desa.

Adicara diwiwiti kanthi ndonga bebarengan (tahlil) kang dipandhegani dening sesepuh desa. Sawise donga masyarakat pada gendurenan utawa mangan bebarengan ing sadawaning dalan. Saben sakulawarga gawa panganan dhewe-dhewe. Padhatan arupa panganan khas tradisional kayata, ingkung , jangan buncis, sambel goreng kentang, rempah, mie goreng, bergedel, peyek lsp.

Genduren minangka salah sijining reroncening adicara kang paling diantu-antu. Awit ana ing genduren iki rasa kekerabatan ana ing warga bisa tuwuh tanpa ana wong mlarat lan wong sugih kabeh padha. Masyarakat kumpul dadi siji sinaoasa mung mangan lemek godhong gedang. Masyarakat uga pada ijol-ijolan panganan kang di gawa. Ora mung kuwi sing paling narik kawigaten nyadran uga kanggo salah sawijining cara kanggo silaturahmi awit sanak sedulur kang ana perantauan pada bali.

Bisa kawastanan menawa nyadran kuwi simbol kerukunan ing antara warga masyarakat lan wujud syukur marang gusti akarya jagad awit wis kaparingan rizki lan kantrenteman urip. Kepala dusun duweni pangarep-arep menawa tradisi nyadran iki bisa diuri-uri supaya kerukunan warga bisa tetep rumaket.

Selasa, 19 September 2023

TRADISI SAPARAN- TEKS DESKRIPSI DALAM KONTEK SOSIAL BUDAYA

TRADISI SAPARAN

Tradisi Saparan ing Kecamatan Ngablak, Kabupaten Magelang mujudake tradisi kang isih diuri-uri nganti saiki. Saparan minangka tradhisi kanggo ngresiki awak lan ngresiki ati nyambut wulan suci Ramadhan. Acara iki padatane dianakake ing wulan Sura utawa wulan April-Mei.

Tradisi saparan  ditindhake kanthi adus bebarengan ing kali utawi tuk kang dianggep suci. Kejaba adus bareng, uga dianakake upacara bersih desa utawa sing biasa diarani “Nguras Pucuk Pisah”. Upacara iki ditindakake kanggo ngresiki desa saka kabeh jinis bebendu lan samubarang ala, supaya kabeh masyarakat bisa nindakake ibadah Ramadhan kanthi tentrem lan ayem.

Saparan dhewe asale saka tembung Jawa “Sapar” kang tegese resik utawa suci. Masyarakat Ngablak percaya yen nindakake tradhisi Saparan bakal resik jasmani lan rohani. Kejaba kuwi, tradhisi Saparan uga dadi kesempatan kanggo nguatake tali silaturahmi antarane warga masyarakat.

TradisiSaparan ing Ngablak biasane diwiwiti wayah esuk watara jam 05.00 WIB. Masyarakat kumpul ing sawijining papan  kang wis ditemtokake, banjur mlaku bebarengan menyang kali utawa tuk banyu sing dianggep suci. Sawise tekan kana, wong-wong padha gantian adus lan ngresiki awak.

Sawise rampung adus, padha salin nganggo klambi anyar lan resik. Banjur padha nindakake upacara bersih desa utawa Nguras Pucuk Pisah.  Kabeh masyarakat , perangkat desa, sesepuh desa  melu upacara kasebut. Upacara Nguras Pucuk Pisah diwiwiti kanthi ngobong menyan duweni sasmita ngresiki samubarang ala.  Sabubare kuwi sesepuh desa utawa pak kaum mimpin donga kanggo njaluk  keslametan saha barokah kanggo kabeh masyarakat. Banjur, masyarakat gotong royong ngresiki desa saka sampah lan ngecet tembok omah-omah sing wis mulai luntur.

Tradhisi Budaya Saparan ing Ngablak, Kabupaten Magelang nduweni makna kang jero banget tumrap masyarakat. Kejaba minangka momen kanggo ngresiki awak lan ngresiki ati, Saparan uga minangka papan kanggo nguatake tali silaturahmi antarane warga desa. Tradisi iki uga mujudake kalodhangan kanggo nguri-uri budaya tradisional  kang wis ana wiwit jaman lelehur.

Sumber: Berbagai refrensi dalam google


 

 

Senin, 21 Agustus 2023

TEKS PEMBELAJARAN CERITA RAKYAT-ASAL USUL KUTHA MAGELANG

 TEKS PEMBELAJARAN CERITA RAKYAT

Asal Usule Kutha Magelang

 

Panjang unggul    yudane minangka bebungah Danang Sutawijaya lan  Ki  Ageng Pamanahan diparingi  tanah perdikan ana ing alas Mentaok. Saka pinter ulete Ki Ageng Pamanahan, alas Mentaok sing maune sepi saiki wis bali dadi papan kang rame lan reja. Suwe- suwe padhepokan Ki Ageng saya tambah reja. Ki Ageng lan Danang Sutawijaya ngedegake Kraton Mataran Islam. Danang Sutawijaya jumeneng ratu   kanthi   jejuluk   Panembahan Senopati   Sultan   Agung.   Ki   Ageng   Pamanahan   jejer   Pangembating praja/negara ( penasehat) lan ngembani Sultan Agung.

Kraton Mataram Islam ing paprentahane Panembahan Senopati Sultan Agung saya mekar  lan  kondhang. Agul-aguling kraton tanpa tandhing, bangsawan punggawane, lan prajurit pilihan. Diwawas wis kuwat, Panembahan Senopati Sultan Agung ngrancang arep nggelar wilayah sarana mbukak alas Kedu. Manut critane alas Kedu iku angker lan wingit. Alas Kedu dadi kratone jin, ratune jenenge Jin Sepanjang.

Kapetung wektu dina saate becik, Pangeran Purbaya kang kondhang bisa mabur tanpa swiwi, dikantheni sedulure Raden Kuning, Raden Krincing, uga diiringi para bangsawan punggawane kraton Tumenggung Mertoyuda, Tumenggung Singoranu budhal mbukak alas Kedu. Jin Sepanjang nesu banjur nglumpukake prajurit jin nglawan prajurit Mataram kang lagi babat alas, pungkasane banjur dadi perang babat alas. Prajurit jin akeh sing mati lan jin Sepanjang ndhelik. Ora adoh saka papan pandhelikane raja Jin Sepanjang, ana sawenehing desa urip kulawarga petani kyai kramat lan nyai Bogem kang duwe anak wadon siji jenenge Rara rambat.raja jin Sepanjang niyat arep ngabdi marang kyai Kramat. Supaya ora disujanani lan ditampa pasuwitane, raja jin Sepanjang ganti wujud manungsa lumrah jenenge Sonta.

Sawise Sonta ditanpa dening Kyai Kramat, sawijining suwita/ngabdi Sonta ngetokake tumindak becik, andhap asor, sopan santun lan sregep nyambut gawe. Dasar Sonta awatak Jin banjur ngetokake kasektene nyebar wabah penyakit. Wong sadesa katrajang pageblug, esuk lara sore mati, lan sore lara, esuk mati karana dadakan. Kalebu uga prajurit mataram kang ana ing desa kono padha mati.

Pengeran Purbaya ngerti yen prajurite akeh sing mati. Rumangsa ora ana kekuwatan sing kanggo mburu lan nyekel Raja Jin sepanjang, penggalihe Purbaya sedhih, banjur kondur sowan Senopati Sultan Agung atur pelaporan. Panembahan Senopati Sultan Agung gerah penggalihe, kadadeyan iku teko nganeh- anehi. Terus munggah pamujan saperlu nyuwun pituduh marang Nyai Rara Kidul. Sawuse entuk pituduhpangeran  Purbaya  dikandhani  yen wabah pageblug iku saka polahe Sonta, lan Sonta iku sabenere panjelmane Jin Sepanjang.

Bareng ngerti yen Sonta iku Panjelmane raja jin Sepanjang, Kyai Kramat dadi nesu lan muntab. Sonta banjur diseneni banjur ditundhung. Ora gelem lunga, Sonta kepara wani karo Kyai Kramat, wusana dadi perang tandhing. Padha sektine nganti oyak-oyakan adoh saka desane Kyai Kramat. Playune raja jin Sepanjang bisa kaoyak dening prajurit Mataram kang dipandhegani Pangeran Purbaya dadi perang tandhing.  Pangeran Purbaya kang ngedab-edabi ngluwihi kasektene. Raja jin Sepanjang tiwas. Anehe langit kang maune katon padhang dumadakan dadi peteng, mendhung banget banjur udan deres. Bareng wis terang udane jasade raja jin Sepanjang ilang, malih dadi tombak sekti. Tombak mau banjur ditigel mtapat karo Pangeran purbaya, banjur dikubur ing papan kono.

Kabeh prastawa-prastawa mau ngelingake Pangeran Purbaya nalika kapikute lan dadi tiwase raja jin Sepanjang. Amarga dikepung sakabehe prajurit Mataram kanthi gandheng tangan kupeng ngubengi rapet bunder kaya gelang. Uga bisa diarani pakepungane raja jin Sepanjang iku rapet bunder nganti “ Tepung Gelang”

Wusana papan pakepungane raja jin sepanjang sing Tepung Gelang mau, kanggo pangeling-eling dijenengake “Magelang” saka tembung bunder kepleng kaya gelang utawa “Manggelang” banjur owah dadi Magelang.

Jumat, 11 Agustus 2023

TEKS ANOMAN DUTA

 ANOMAN DUTA

Anoman punika jejering rewanda (kethek) ingkang awarna seta (putih), pramila Anoman ugi winastan Rewanda Seta. Piyambakipun putranipun Bathara Bayu ingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun Anoman, inggih Dewi Anjani punika sedherekipun Subali saha Sugriwa. Nalika kautus dening Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa. Tanpa kanyana saderengipun, Anoman dipunracun dening satunggaling dewi ingkang suwaunipun kaanggep mitulungi ngantos piyambakipun nemahi wuta. Begja dene wutanipun Anoman kenging kausadani dening garudha satemah waluya jati.

Anoman nglajengaken lampah. Dereng dumugi panggenan ingkang dipuntuju, piyambakipun bandayuda kaliyan Wil Kathaksini, raseksa ingkang nguwaosi samodra ingkang tumuju dhateng nagari Ngalengkadiraja. Uwal saking regemaning ditya samodra, Anoman kasil tumuju Taman Asoka ing nagari Alengkadiraja, papanipun Dewi Sinta kasingidaken. Ing taman punika Anoman kapanggih kaliyan Trijatha, putrinipun Raden Gunawan Wibisana. Raden Gunawan Wibisana punika rayinipun Prabu Dasamuka. Sumerep kaelokanipun Rewanda Seta. Trijatha wuyung, kasengsem dhumateng Sang Rewanda Seta.

Lantaran Trijatha, Anoman kasembadan pinanggih kaliyan Dewi Sinta. Anoman lajeng nyaosaken kalpika, inggih ali-ali kangunganipun Raden Rama katur Sang Dewi. Pepanggihan punika kasumerepan dening Indarjit, putranipun Prabu Dasamuka. Anoman lajeng kapikut, kasowananken ing ngarsanipun Prabu Dasamuka. Nata Ngalengkadiraja murka, Anoman kapidana besmi. Keplasipun Anoman kaobong. Eloking kadadosan, latu kaobat-abitaken ngantos waradin sanagari. Ngalengkadiraja dados karang abang, kajawi Taman Asoka. Paripurna anggenipun ngawuningani Dewi Sinta, Amoman arsa mundur, matur Raden Ramawijaya. Raden Anoman sembada ngentasi karya, dinuta dening Raden Ramawijaya. Dumugi ing tepis wiringing praja, Anoman kapanggih Raden Gunawan Wibisana ingkang kapidhara (semaput).

Sumber: Buku Paket Bahasa Jawa Kelas IX

Sabtu, 08 April 2023

CONTOH TEBAK-TEBAKAN ISLAMI LUCU DAN SERU/ICE BREAKING

CONTOH TEBAK-TEBAKAN ISLAMI LUCU DAN SERU

1. Ada sahabat nabi Muhammad shallallahu alaihi wa sallam, bapaknya adalah sahabat Nabi, kakeknya juga sahabat Nabi, dan ayah dari kakeknya juga sahabat Nabi. Siapakah beliau?

Jawaban: Abu Bakr as-Shiddiq

2. Buah apa yang terkenal tapi enggak ada di dunia?

Jawaban: Buah khuldi

3. Ada orang mengerjakan Shalat maghrib menghadap barat, shalat isya menghadap timur, shalat subuh menghadap utara, shalat zuhur menghadap selatan dan sholat ashar menghadap barat. Dalam Kondisi seperti apa hal tersebut terjadi?

Jawaban: Shalat di pelataran Ka’bah Masjidil Haram

4. Hewan apa yang menyelamatkan Nabi Muhammad shallallahu alaihi wa sallam saat di Gua Tsur?

Jawaban: Laba-Laba

5. Sebutkan Nabi dan Rasul yang termasuk ke dalam Ulul Azmi?

Jawaban: Nabi Nuh, Musa, Ibrahim, Isa, dan Muhammad shallallahu alaihi wa sallam

6. Apa rukun iman yang pertama?

Jawaban: Syahadat

7. Puasa termasuk rukun iman keberapa?

Jawaban : tiga

8. Siapa nama malaikat yang menjaga pintu surga?

Jawaban: Ridwan

9. Apa yang harus kita lakukan sebelum mengerjakan shalat?

Jawaban: Wudhu atau bersuci

10. Apa yang harus diucapkan ketika imam shalat selesai membaca Al-Fatihah?

Jawaban: Aamiin

11. Siapa nama Paman Nabi Muhammad shallallahu alaihi wa sallam yang mendapat siksa paling ringan?

Jawaban: Abu Thalib

12. Apa yang selalu diucapkan oleh orang Islam ketika ada yang meninggal dunia?

Jawaban: "Inna lillahi wa inna ilaihi raji'un"

13. Apa yang menjadi salah satu sumber hukum dalam Islam selain Al-Quran?

Jawaban: Sunnah atau hadis Nabi Muhammad SAW

14. Siapa perempuan pertama yang masuk Islam?

Jawaban: Khadijah binti Khuwailid

15. Kitab Taurat di turunkan kepada nabi?

Jawaban: Nabi Musa

16. Siapa nama nabi yang paling banyak disebut dalam Al Quran?

Jawaban: Nabi Musa

17. Di mana rempat Rasulullah SAW mendapat wahyu pertama? 

Jawaban:  (Gua Hira)

18. Siapa nabi yang di juluki bapak para nabi? 

Jawaban : (Nabi Ibrahim)

19. Siapa sahabat Rasulullah SAW yang menjadi menantunya? 

Jawaban : (Ali bin Abi Thalib)

20. Ada sesuatu yang halal dimakan, tapi haram diperjualbelikan?

Jawaban : Daging kurban

21. Tahukah kamu, mengapa motor berhenti di depan lampu merah?

Jawaban: karena motornya direm. Coba kalau nggak direm bisa bahaya tuh.

22. Tebak binatang apa yang jago renang?

Jawaban :Bebek. Kalau ikan bukan renang tapi menyelam.

23. Kenapa di rel kereta api ditaruh batu?

Jawaban: Soalnya kalau ditaruh duit nanti pada diambil.

24. Cuaca sedang mendung. Ada 5 orang tapi hanya ada 1 payung. Bagaimana caranya agar mereka semua tidak kehujanan?

Jawaban: Tinggal jalan saja, kan baru mendung, belum hujan.

25. Ayam apa yang bikin sebel?

Jawaban: Ayamnya habis, tapi nasinya masih banyak.

26. Kenapa di komputer ada tulisan ENTER?

Jawaban: karena kalo tulisannya ENTAR, programnya ngga jalan-jalan, dong…

27. Kunci apa yang bisa bikin orang joget?

Jawaban: KUNCI-KUNCI HOTA HE

28. Benda kecil apa yang bisa ngeluarin orang?

Jawaban: Bel Rumah

29. Belajar bahasa Mandarin, lantai basah artinya apa?

Jawaban: Lhi Chin!

30. Kutu jenis yang amat mengerikan?

Jawaban: Kutu-kan



Minggu, 02 Oktober 2022

Materi Pawarta Bahasa Jawa


BAHAN AJAR 

PAWARTA

 1. Pangertene pawarta

Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, dilumantarke wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng. Pamanggih liya ngandharake bilih pawarta yaiku cathetan kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing media cetak, utawa laporan ing media elektronik. Kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake iku awujud kadadeyan saben wektu sing ana ing ndonya iki, umpamane: lindhu (gempa bumi), perang, rudapeksa (pemerkosaan), banjir, lan liya-liyane.


2. Wujud Pawarta  

a. Lesan, kang biyasane kababar lumantar medhia elektronik.

Tuladhane: TV, Radio, lan sapanunggalane.

b. Tulisan, kang biyasane kababar lumantar medhia cethak.

Tuladhane: Ariwarti (Koran), Kalawarti (Majalah), lan sapanunggala



3. Titikane Pawarta 

a. Tinemu ing akal (penalaran logis).

b. Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H.

c. Struktur basa trep.

d. Diksi trep ora ambigu.

e. Narik kawigaten.

f. Basa kang nengsemake.


4. Perangan Pawarta

a. Sesirah

Sesirah yaiku perangan pawarta kang dhisik dhewe, biasane mung ditulis nganggo tembung-tembung supaya nuwuhake minat supaya wong gelem maca isi pawartane.

b. Angle/Ringkesan

Angle yaiku ukara kang nggambarake ringkesane isi pawarta, biasane ditulis kandel ing sangisore sesirah.

c. Isi Pawarta

Isi pawarta yaiku ukara-ukara kang njlentrehake pratawa ngenani apa, ana ngendi lan kapan kadadeyan iku dumadi.

d. Gambar

Gambar yaiku perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kadadeyan prastawa kanthi kasat mata. Ing media cetak awujud foto, lan ing media elektronik awujud video.

e. Sumber

Sumber yaiku mujudake pawongan kang menehi katerangan utawa komentar marang dumadine prastawa iku. Sumber bisa mujudake seksi tumrap kadadeyan, utawa pihak kang nduweni kewajiban kanggo nuntasake kadadeyan iku.


5. Unsur-unsur pawarta

Unsur-unsur kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W + 1H ,yaiku:

1. What (Apa), yaiku njlentrehake babagan apa kang ana ing pawarta.

2. Who (Sapa), yaiku njlentrehake babagan sapa utawa paraga kang ana ing pawarta mau. Unsur sapa iki biyasane dijlentrehake kanthi jangkep, kaya ta babagan ciri-cirine, titel, umum, lan sapanunggalane.

3. When (Kapan), yaiku unsur kang njlentrehake kapan prastawa ing pawarta iku dumadi utawa wektu kedadean prastawa. Unsur iki bisa menehi nreti babagan wayah, jam, lan kahanan. Tuladha: mau isuk, wingi sore, lan sapanunggalane.

4. Where (Ana Ngendi), yaiku njlentrehake babagan panggonan kedadean prastawa ing pawarta iku.

5. Why (Kena Apa), yaiku nudhuhake sebab musabab kena apa prastawa iku bisa kedadean. Lumrahe bisa ditiliki saka tembung “asale, sababe, mulane”.

6. How (Kepiye), yaiku njlentrehake babagan kepiye prastawa iku kedadean. Bisa uga nuduhake kepiye swasana ing prastawa iku.


6. Sifat pawarta


1. Aktual (Anyar), yaiku pawarta kang luwih anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.

2. Jarak (Adoh/Cedake), yaiku pamaca luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ing sakiwatengene tinimbang pawarta saka papan liyane.

3. Wigati, yaiku sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang wigati amarga bisa ngendaleni panguripan ing bebrayan wong agung.

4. Akibat, yaiku sawijining bab dadi pawarta yen ngowahi kahanan.

5. Congkrah/Konflik, yaiku pamaca luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane congkrahan.

6. Tintrim, tuladhane : nalika nulungi wong ing kacilakaan.

7. Kemajuwane, yaiku inovasi utawa owah-owahane teknologi. Pawarta kang anyar luwih narik kawigaten pamiarsa.

8. Emosi, yaiku sawijining pawarta kang bisa ndadekake nesu, susah, nangis, lan gela. Tuladha: nemokake bayi ing pinggir kali.

9. Humor, yaiku gawe sengsem, mesem, lan guyu.



7. Etika nulis pawarta


a. Objektif

Ing babagan iki panulis ora kena martakake pawarta dikantheni kepentingan pribadi lan sponsor. Pawarta kang tinulis kudu adhedhasar fakta utawa data kang sanyatane dumadi

b. Cover both side.

Pawarta iku kudu imbang aja abot sih, luwih-luwih nyebutake pihak-pihak kang ana sesambungan langsung karo pawarta kasebut


8. Teknik nulis pawarta


a. Ngumpulake fakta/data. Data ing kene bisa awujud wawancara (wawan rembug), kedadeyan langsung, utawa data-data tinulis.

b. Nemtokake teras berita/lead (ngemot unsur 5W+1H).

c. Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak-malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungake pamiyarsa.

d. Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.